Pulo Bokor
Pulo Bokor inggih punika pulo ingkang kalebet ing gugusan KapuloanSeribu ingkang mawi administratif kalebet ing wewengkon Kabupatèn Administratif KapuloanSeribu provinsi DKI Jakarta wewengkon punika sampun katetepaken dados laladan Konservasi wiwit taun 1931 kanthi Surat Dudutan Gubernur Jenderal Hindia Walanda Nomor: 6 tanggal 15 November 1931 (staadblad 683) jinis-jinis wit-wit pasisir kados ta Kepuh, Ketapang, Asam kaliyan Mlinjo.[1]
Cagar Alam
[besut | besut sumber]Cagar Alam ingkang wonten ing Pulo Bokor kanthi jembar 18 Ha minangka salah satunggaling pulo ing lepas pasisir lèr Jakarta ingkang minangka péranganing gugusan kapuloanseribu. Pulo punika kawentar amargi keunikan vegetasinipun, inggih punika alas pasisir kanthi wit-witan ingkang ageng, dipuntetepaken minangka Cagar Alam kanthi Surat Dudutan Gouverneur General Hindia Walanda No. 6 nalika tanggal 16 Novèmber 1931 ing Jakarta.[2]
Cagar alam punika dumunung ing lepas pasisir sisih barat laut kutha Jakarta utawi kirang langkung 3,5 mil laut saking Pulo Rambut utawi antawis 45 menit manawi dipunlaju migunakaken perahu motor. Kanthi géografis, kawasan cagar alam punika wonten ing posisi 106˚41' bujur timur lan 5˚57' lintang selatan.[3]
Miturut administrasi pamaréntahan, kawasan punika kalebet ing wewengkon kalurahan Pulo Untung Jawa, Kecamatang KapuloanSeribu, Kotamadya Jakarta Utara. Maneka jinis hayati Cagar Alam Pulo Bokor minangka Pulo karang, nanging boten wonten daratan payau kados déné pulo rambut. Sedaya kawasan Pulo Bokor dipuntutupi déning vegetasi kanthi manéka jinis tipe vegetasi alas pasisir lan vegetasi alas dataran cendhèk.
Maneka jinis kéwan ingkang saged kapanggihaken wonten ing pulo bokor inggih punika dara laut (Ducula bicolor), Burung Air (Fregata Ariel), lan kepodang (Oriolus chinensis). Ing pulo bokor punika ugi saged kapanggihaken Kera buntut panjang (Macaca fascicularis) ingkang minangka jinis introduksi. Kera punika dipunintroduksikaken ing cagar alam pulo bokor ing taun 1975 kanthi cacah 20, nanging ing taun 1976 cacahipun kantun 4 kera.[4]
Salajengipun kera punika saged nambah malih dados 6nalika taun 1997. Sarana ugi prasarana ingkang wonten ing pulo bokor punika inggih kalih pos ingkang saged dipun-ginakaken dados papan panginepan tumrap para pangunjung ingkang badhé ngawontenaken panaliten ing cagar alam punika.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Cagar Alam Pulau Bokor Archived 2014-05-02 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 10 Oktober 2012)
- ↑ "Situs resmi Kabupaten Administratif Kepulauan Seribu". Diarsip saka sing asli ing 2017-02-22. Dibukak ing 2013-01-10.
- ↑ [1][pranala mati permanèn]
- ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-11-02. Dibukak ing 2013-01-10.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link)
- Karya magepokan Undang-Undang Republik Indonesia Nomor 5 Tahun 1990 ing Wikisumber