Pangéran Samudra

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Pangeran Samudro)
Pasaréyan Pangéran Samudra

Pangéran Samudra iku salah siji pangeran saka karajan Majapahit, saka ibu selir Ontrowulan.[1] Ana carita kang nyebutake Ontrowulan iku ibu tiri utawa ibu kuwalone Pangeran Samudro. Pangeran Samodra lan Ontrowulan padha senenge.[2] Majapahit iku salah siji krajan Hindhu kang gedhé ing Asia Kidul-Wétan nalika abad 13. Karajan iki punjereana ing Jawa Wétan, lan panggon kekuwasaane kalebu kepuloan ing Indonésia tekan kidule India.

Nalika Islam mlebu ing Indonésia, Majapahit ambruk, pisah. Nalika iku Pangeran Samudro isih umur 18 taun. Nalika Majapahit ambruk, Pangeran Samodra ora mèlu lunga kaya déné seduluré. Nanging Pangeran Samudro malah ngeculake pangkate lan milih dadi pandhita. Panjenengane banjur diboyong ing Demak lan sinau ngèlmu Agama Islam marang Sunan Kalijaga. Sawisé rumangsa cukup anggoné nuntut ngèlmu, pangeran Samodra banjur diutus merguru ing kiyai Ageng Gugur ing Gunung Lawu.[2]

Ing papan iki Pangeran Samudro iya kasil anggoné nuntut ngèlmu. Sawisé rampung anggoné sinau marang kiyai Ageng Gugur, Pangeran Samudro bali menyang Demak. Nalika bali menyang Demak, pangeran Samudro uga nyebarake ngèlmu agama Islam ing papan kang diliwati lan dinggo ngaso. Ing satengahe mlakune bali menyang Demak, Pangeran Samudro lara, banjur séda. Pangeran Samudro sadurunge séda sempet mènèhi pitutur utawa amanat marang wong-wong kang nalika iku ana ing sisih kiwa tengene Pangeran Samudro. Isine supaya tenanan nalika ing dalan kabecikan lan nyebarake kabecikan marang sapa baé. Sawisé dimakamke, para warga ing cedhak makam iku banjur ngadegaké dhukuh kang diarani dhukuh Samudro.[1] Pangeran Samudro di sarekake ing salah siji bukit. Miturut carita ing bukit iku mesthi ana kabut utawa keluk warna ireng, amarga saka iku bukit iku diarani Gunung Kemukus.[2]

Keprungu yèn Pangeran Samudra mati, Ontrowulan banjur lunga menyang bukit mau. Ing kono Ontrowulan mara ing makame Pangeran Samudro. Nalika iku Ontrowulan lan Pangeran Samudro nglakoni pacelathon kanthi cara ghoib, kang isiné, yèn arep mara menyang makame Pangeran Samudro kudu sesuci ndisek ing sendhang. Banjur sendhang iku diarani Sendhang Ontrowulan.[2]

Sawisé sesuci, Ontrowulan ilang. Nalika sesuci kembang-kembang kang dadi hiasana ing rambut padha tiba. Miturut carita saka kembang iku dadi wit nagasari.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b Makam Pangeran Samudro (dindhuh tanggal 24 September 2012)
  2. ^ a b c d e Gunung Kemukus tempat ziarah bermitos seksual