Gunung Kemukus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gunung Kemukus

Gunung Kemukus utawa makam Pangéran Samodra ya iku salah siji papan wisata kang mapan ing kutha Sragèn, Jawa Tengah, désa Pendhem. kacamatan Sumberlawang. Bisane dijenengi Gunung Kemukus amarga dicaritakna manawa ing sakdhuwure makam Pangeran Samudro, njedul beluk (kukus) ireng ing sakdhuwure gunung mau, nalika arep nyedaki wayah udan utawa wayah kemarau. mergane iku para pendhudhuk sing ana ing kiwa-tengené kono nyebut panggonan iku Gunung Kemukus nganti tekan saiki.

Makam Pangeran Samodra dianggep duwé pituwah. Saben dina makam iki ditekani wong-wong kang ziarah.[1]

Papan iku bisa ditekani kanthi cara numpak bis, saka Terminal Tirtonadi Sala, jurusan Sala-Purwodadi, banjur mudhun Barong. Saka papan iku numpak ojek tumuju puncak.[1]

Gunung Kemukus iku kompleks makam Pangeran Samudro lan ibune, Ontrowulan. Komplek iki ana ing pucuk bukit kang dhuwure 300 mèter ing sadhuwure rerata sagara. Ing papan iki ana yasan utama kang wujudé omah joglo kanthi témbok saka beton lan papan.

Ing jero kono ana makam 3. Makam gedhé ditutupi kelambu putih iku makame Pangeran Samudro lan ibune. Makam loro ing pinggire iku makame abdine. Lan ing sisihe omah joglo ana bangsal kang minangka ngasone pra paziarah.[1]

175 Anak Tangga[besut | besut sumber]

Kira-kira 300 mèter saka komplek makam, ing perengan bukit sisih wétan ana Sendang Ontowulan. Sendang iki caritane dadi sumber kang digunakaké Ontowulan kanggo nyucikake awak supaya bisa ketemu anaké. Sumber banyu iku ora tau asat sanajan katiga dawa. Ana sing percaya, banyu ing sendhang iku bisa nggawe awet nom.[1]

Sumber banyu iki diubengi wit nagasari kang dhuwur. Miturut carita wit-witan iku saka kembang-kembang kanggo rerenggan rambut Ontrowulan nalika sesuci ing papan kono.[1]

Yèn arep ning makam, ngliwati dalan gerbang ngarep, bakal ngliwati undhak-undhakan kang cacahé 175. Yèn liwat saka mburi bakal nglewati sendhang Ontrowulan, lan dalan sing diliwati wujud watu-watu kang adohe sekila.[1]

Ritual pesugihan[besut | besut sumber]

Saben malem Jumat Pon, akèh wong kang ziarah ing makam. Saliyané iku uga ana ing Malam Jumat Kliwon ing sasi Sura utawa Muharam. Sing ziarah nganti ewon. Wong kang ziarah ing makam gunung kemukus lumrahé akèh kekarepan kaya ta keingin rikat éntuk jodho, pesugihan, mudhak pangkat, lan kanggo dodolan. Nanging ing papan iki ana mitos kang kang isiné niyate para peziarah bakal dikabulake yèn dhèwèké ngakoni zina (selingkuh) karo bjone wong liya. Nanging ora ana dhasaré saka ngendi mitos iku ana. Awis saka iku ana papan kang isiné pitutur kang nglarang supaya ora ana tumindak zina ing papan iku.[1][2]

Reflist[besut | besut sumber]