Panambang -aké

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Panambang -aké kang karaketaké ing tembung kriya lingga wujudé sok dadi -ké, contone: Sri, sésuk aku tukokké jeruk sekilo, salaké rong kilo, ya!

Panambang -aké yèn karaketaké ing tembung kriya, tembung kriya mau bisa awujud tembung lingga utawa tembung andhahan. Tembung kriya kang awujud tembung lingga (tembung kriya lingga) kang kawuwuhan panambang -aké asring tinemu ing ukara kongkonan utawa ukara (h)agnya. Panambang -aké kang karaketaké ing tembung kriya lingga mau wujudé sok dadi -.

Contoné mangkéné:

  • Yu, jupukké banyu saèmbèr!
  • Sri, sésuk aku tukokké jeruk sekilo, salaké rong kilo, ya!
  • Tulung wacakké layang iki, Man!

Panganggo[besut | besut sumber]

Ukara-ukara kaya mangkéné iki lumrahé mung kanggo ing basa padinan utawa basa pocapan. Ing basa Jawa kang baku, ya iku basa Jawa kang tinata adhedhasar paramasastra Jawa kang wis diakoni beneré ing akèh, tembung kriya ing ukara kongkonan kaya mangkono mau mesthiné (beneré) nganggo panambang -na. Ing basa kang baku, ukara-ukara mau mesthiné mangkéné:

  • Yu, jupukna banyu saèmbèr!
  • Sri, sésuk aku tukokna jeruk sekilo, salaké rong kilo, ya!
  • Tulung wacakna layang iki, Man!

Panambang -aké iku lumrahé panganggoné mèh padha karo panambang -kan ing basa Indonésia. Upamané mangkéné:

  • Ali nukokaké buku adhiné (Ali membelikan buku adiknya).
  • Yu Sri njupukaké banyu Pak Marta (Mbak Sri mengambilkan air Pak Marto).
  • Mas Tana nulisaké layang Yu Inem (Mas Tana menuliskan surat Kak Inem).

Ananging perlu disumurupi manawa ana sawenèhing tembung kriya kang tanpa panambang -aké yèn dijarwakaké ing basa Indonésia kudu nganggo panambang -kan.

Contoné mangkéné:

  • Bab iki kudu dipikir bebarengan (hal ini harus dipikirkan bersama-sama).
  • Yèn ditandhing karo aku, luwih dhuwur dhèwèké (jika dibandingkan dengan saya, lebih tinggi dia).
  • Poto mau nuii didokok ing dhuwur méjané (foto tadi kemudian diletakkan di atas mejanya).
  • Saben pit montor sing liwat diendheg Ian dititi priksa (setiap sepda motor yang lewat diberhentikan dan diperiksa).

Dhapukaning[besut | besut sumber]

Dhapukaning tembung kriya mawa panambang -kan ing basa Indonésia kaya ing tembung diberhentikan mau sok dianggep padha karo dhapukaning tembung kriya mawa panambang -aké ing basa Jawa. Mula ora mokal yèn ing basa Jawa asring tinemu ukara, upamané Pak Marta tansah mikiraké anaké. Tembung mikiraké ing ukara mau cukup mikir waé, tanpa panambang -aké, jalaran tembung mikir iku wis klebu éwoning tembung kriya tanduk mawa lésan (verba transitif). Ananging tembung memikir ing basa Indonésia ora klebu tembung kriya tanduk mawa lésan. Mulané, tembung mikir (Jawa) yèn dijarwakaké ing basa Indonésia dadi memikirkan (mawa panambang -kan). Bok manawa ya amarga saka pangaribawané basa Indonésia iku ing basa Jawa banjur ana dhapukaning tembung mikiraké kaya ing ukara Pak Marta tansah mikiraké anaké mau. Kajaba saka iku, ing basa Indonésia sok tinemu uga ukara, kaya ta, Dia dipindah ke Surabaya. Ukara iki satemené dudu ukara baku. Mesthiné ing basa kang baku ukara kasebut dadi Dia dipindahkan ke Surabaya (tembungé kriya kudu mawa panambang -kan). Bokmanawa bab iki kena pangaribawané basa Jawa.[1]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. pp. 10–12. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jaba[besut | besut sumber]