Menyang kontèn

Nasti

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Nasti (obah nasti) yaiku obahé pérangan tuwuhan sing diprabawani déning rangsangan, nanging arahé ora gumantung saka tekané rangsangan iku.[1] Tembung Nasti asalé saka basa Yunani, yaiku nastos sing tegesé dipeksa nyedhak.[1] Mula, arah obah saka pérangan awak tuwuhan sing obah nasti ditemtokaké déning tuwuhan iku dhéwé.[1] Rangsangan sing asalé saka jaba (eksternal) iku bisa wujud cahya, suhu, dhemèkan/sénggolan, bahan kimia, sarta kaanan sing peteng.[2] Rangsangan iku njalari malihé tekanan turgor, yaiku tekanan banyu ing témbok sèl amarga malihé kadhar banyu ing jero sèl saéngga sèl dadi mlembung.[3]

tekanan turgor disebabaké kadhar banyu ing jero sèl tuwuhan kakéhan

Jinis Obah Nasti

[besut | besut sumber]

Miturut jinis sumber rangsangané, obah nasti dibedakaké dadi enem, yaiku Fotonasti, Niktinasti, Tigmonasti, Termonasti, Haptonasti, Kemonasti, lan Nasti Kompleks.[4]

Kembang Mirabilis jalapa mingkup nalika soré

Fotonasti

[besut | besut sumber]

Fotonasti yaiku obah nasti amarga éntuk rangsangan cahya srengéngé.[4] Tuladhané yaiku Kembang Pukul Empat (Mirabilis jalapa) sing mekrok ing wayah soré lan mingkup ing wayah ésuk.[4]

Niktinasti

[besut | besut sumber]

Niktinasti yaiku nasti amarga éntuk rangsangan kaanan sing peteng.[4] Aran Niktinasti asalé saka basa Yunani yaiku nux sing tegesé bengi.[4] Padatan , godhong-godhong tuwuhan polong-polongan (Leguminosaceae) mingkup nalika bengi.[4] Godhong-godhong mau mbuka manèh nalika wis ésuk.[4] Kajaba iku, niktinasti uga dijalari amarga malihé tekanan turgor ing jero sendi godhong.[4] Tuladhané yaiku godhong kembang turi sing padha mingkup nalika bengi.[4]

Tigmonasti

[besut | besut sumber]
Godhong Putri Malu mingkup nalika didemèk
Godhong Putri Malu mingkup nalika didemèk

Tigmonasti yaiku obah nasti sing dijalari ana rangsangan mekanis wujud demèkan utawa tekanan.[4] Aran tigmonasti asalé saka basa Yunani, yaiku thigma sing tegesé demèkan.[4] Obah tigmonasti uga diarani obah seismonasti.[4] Tuladhané yaiku mingkupé godhong putri malu (Mimosa pudica) nalika didemèk.[4]

Termonasti

[besut | besut sumber]

Termonasti yaiku obahé sapérangan awak tuwuhan amarga éntuk rangsangan suhu.[5] Tuladhané yaiku Kembang Tulip lan Kembang Crocus sing mekrok amarga suhu sing munggah (atis) lan mingkup manèh nalika suhuné mudhun.[5]

Haptonasti

[besut | besut sumber]
Kantong Semar

Haptonasti yaiku obah nasti sing kadadèn tuwuhan insektivora amarga ana demèkan saka gegremet.[4] Tuladhané yaiku mingkupé godhong kantong semar lan Venus nalika didemèk gegremet cilik.[4] Yèn ana gegremet méncok ing lumah godhong, godhongé mingkup kanthi cepat. Saéngga sranggané ora bisa metu saka tuwuhan iku.[4]

Kemonasti

[besut | besut sumber]

Kemonasti yaiku obah nasti amarga ana rangsangan wujud zat kimia.[2] Tuladhané yaiku stomata sing mbuka ing wayah awan amarga ana karbondioksida.[2]

Nasti kompleks

[besut | besut sumber]

Nasti kompleks yaiku obah nasti amarga ana sawatara faktor utawa punjul siji faktor.[4] Rangsangan sing katrima bisa wujud cahya srengéngé, suhu, banyu, lan zat kimia.[4] Tuladhané yaiku mbukak lan nutupé sèl-sèl stomata amarga ana rangsangan cahya srengéngé, banyu, suhu, lan zat kimia.[4]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c Gerak Nasti Archived 2012-12-14 at the Wayback Machine.(diundhuh 17 Oktober 2012)
  2. a b c Gerak pada Tumubuhan Archived 2012-10-22 at the Wayback Machine.(diundhuh 18 Oktober 2012)
  3. Yatim W. 2007. Kamus Biologi. Jakarta:Obor.Hlm 160.
  4. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s Jinis Gerak Nasti Tumbuhan Archived 2013-02-23 at the Wayback Machine.(diundhuh 18 Oktober 2012)
  5. a b Termonasti(diundhuh 18 Oktober 2012)