Musiyum Nasional Kyoto

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Kyoto Kokuritsu Hakubutsukan
Kyoto National Museum main gate.jpg
Dikukuhaké 1897
Pernah Jepang Kyoto
Jinis tilas budaya Kyoto
Situs jaringan www.kyohaku.go.jp

Museum Nasional Kyoto (京都国立博物館 Kyōto Kokuritsu Hakubutsukan) inggih punika minangka musiyum ingkang dipunkelola déning Institut Nasional Peninggalan Budaya ing Kyoto, Jepang.

Museum punika dipunremikaken nalika wulan Mèi taun 1897, koleksi utamanipun inggih punika tilas budaya Kyoto saking jaman Heian dumugi jaman Edo. Kajawi punika, musiyum punika ugi minangka lembaga panaliten.

Sajarah[besut | besut sumber]

Nalika taun 1889, "musiyum" ing Taman Ueno (samangke dados Museum Nasional Tokyo ingkang wonten ngandhapipun yurisdiksi Badan Rumah Tangga Kamaharajan kanthi resmi dipunsukani nama Museum Kamaharajan (Teikoku Hakubutsukan). Nalika taun ingkang sami, musiyum ugi dipunyasa wonten ing Kyoto saha Nara.[1]

Lokasi ingkang ddipundadosaken musiyum ing Kyoto kala rumiyin taksih wonten ing lingkungan kompleks Hōkō-ji ingkang gadhah Daibutsu. Saking taun 1870 dumugi 1876, wonten ing lokasi punika wonten Kyōmeigū (yasan kanggé nyembah patung Buda saha nisan kaisar).[2]

Gedung pameran wiwit dipunyasa nalika taun 1892, saha rampung tigang taun lumampah nalika taun 1895. Arsitekipun inggih punika Tōkuma Katayama ingkang ugi yasa gedhong utama Museum Nasional Nara saha Museum Nasional Tokyo. Nalika wiwitan gedung pameran dipunrancang dados gedung kanthi tigang tingkat, nanging naming dipunyasa satunggal tingkat. Banguang kanthi kalih lante saking bata dipunmangertosi kathah ingkang risak akibat lindhu Mino-Owari taun 1891. Nalika pungkasan anggenipunmbangun, gedung musiyum dipunbikak kanggé umum nalika wulan Mèi 1897 kanthi nama Museum Kamaharajan Kyoto (Teikoku Kyoto Hakubutsukan).[3]

Tigang taun sabibaripun kabikak, nama musiyum dipun-gantos dados Museum Rumah Tangga Kaisar Kyoto (Kyoto Teishitsu Hakubutsukan). Kanthi wekdal ingkang sami musiyum ing Tokyo saha Nara ugi kagantos namanipun dados Museum Rumah Tangga Kaisar Tokyo saha Museum Rumah Tangga Kaisar Nara. Museum dipunhibahaken dhumateng kutha Kyoto minangka kenang-kenangan pawiwahanipun Putra Makutha Hirohito (samangke dados Kaisar Shōwa) nalika wulan Fèbruari 1924. Nama musiyum dipun-gantos dados Museum Bebungah Kaisar Kyoto (Onshi Kyoto Hakubutsukan). Dumugi pungaksaning Perang Dunia II, musiyum wonten ing ngandhapipun pengelolaan kutha Kyoto. Wiwit April 1952, musiyum dipunwangsulaken dhumateng pamaréntah, saha nama musiyum kagantos kanthi nama Museum Nasional Kyoto. Nalika dipunwangsulaken dhumateng pamaréntah, musiyum “berafiliasi” kaliyan Dewan Perlindungan Peninggalan Budaya (Bunkazai Hogo Iinkai). Nalika taun 1968, musiyum “berafiliasi” kaliyan Kantor Kebudayaan ingkang nalika punika tembe kadhapur. Kanthi kawicaksanan Reformasi Pamarentah Pusat/2001Peraturan umum Institusi Administrasi Independe, musiyum punika dipundadosaken sawijining Institusi Administrasi independen nalika taun 2001. Sabibar punika, musiyum wonten ing ngandhapipin pengelolaan Intitut Nasional Peninggalan Budaya wiwit taun 2007 dumugi sapunika.

Wangunan[besut | besut sumber]

Museum Nasional Kyoto mapan ing kalih yasan gedung. Pameran mligi dipunadani ing gedung utama ingkang dipunrancang déning Tōkuma Katayama saking Pérangan Konstruksi Badan Rumah Tangga Kekasaran. Déné, pameran reguler dipunadani ing gedung ingkang dipunrancang déning Keichi Morita saking Universitas Kyoto.

Koleksi[besut | besut sumber]

Saderengipun Perang Dunia II, koleksi musiyum asalipun saking bebungah ingkang dipunparingaken kuil Buda saha Shinto. Sabibaripun Perang Dunia II, koleksi musiyum asalipun saking koleksi Dewan Perlindungan Peninggalan Budaya, pundhutan déning pihak musiyum, utawi bebungah saking penduduk. Nalika taun 1954, musiyum pikantuk Koleksi Moriya ingkang ing salebeting wonten sutra Senju Sen-gen Daranikyō.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  • Kanazawa Hiroshi (1990). "Bunkazai hogo-hō to kyoto kokuritsu hakubutsukan no ayumi" (文化財保護法と京都国立博物館の歩み). Gekkan Bunkazai, no. 319. Daiichi Hōki.
  1. IAI National Museum. (2005). Institutional overview, p. 15.
  2. IAI National Museum. (2005). Kyushu National Museum, PFDF/p. 16.
  3. IAI National Institutes for Cultural Heritage. (2007). Outline, PDF/p. 5.

Pranala njaba[besut | besut sumber]