Menyang kontèn

Moirai

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Patung tiga Moirai ing Dublin, Irlandia

Moirai (Basa Yunani: Μοῖραι) ana ing mitologi Yunani ya iku dèwi takdir kang cacahé ana telu.[1] Dewi telu mau kang ngendalikake nasib saka manungsa wiwit saka lair nganti tekan mati.[1] Ana ing mitologi Romawi dikenal dadi Parkae utawa Fata.[1]

Asal-usul

[besut | besut sumber]

Ana ing jaman kang luwih kuna, Moirai cacahé mung siji ya iku Homer,[2] ana uga kang nyebutake Moira, kang nenun benang panguripan manungsa nalika ing laire ya iku Moira Krataia "Moira kang kuwasa"[3] utawa ana uga Moirai liyané.[4] Ana ing Odyssey[5] disebutake ngenani Klôthes, utawa Penenun. Ing Delphi, takdir Lair lan Kematian kang disebutake.[6] Sawijining teks Eteokreta dwibasa[7] nuduhaké pertalan Yunani Ομοσαι δαπερ Ενορκίοισι (Omosai d-haper Enorkioisi, "Namun semoga dia bersumpah mengenai hal ini padha Para Penjaga Sumpah"). Ana ing basa Etokreta, iki ditulis —S|TUPRMĒRIĒIA, lan MĒRIĒIA kemungkinane ngrujuk ,arang para déwa kang déning wong Yunani kuna dikenal dadi Moirai.[1] Ana mitografer kang ngakoni yèn Moirai iku anak saka Zeus kasil saka hubungane karo Ananke ("keniscyaan") utawa miturut Hesiod,[8] hubungane karo Themis utawa Nix.[8] Anane penemu kang ngungkapake yèn Moirai duwé bapak, iku nuduhaké yèn wong Yunani kuna gelem tumindak cukup adoh kanggo ngubah mitos supaya luwih trep karo tradisi Patrilineal (keturunan asalé saka bapak).[9] Klaim ngenani patrilineal dhéwé ora bisa dita,pa déning Aiskhilos, Herodotos, utawa Plato.[1] Akèh versi ngenani Moirai kang uga ana ing mitologi Éropah liyané.[1] Moirai dimungkinake ana gegayutane karo Norns, dewi takdir kang uuga menenun, saka mitologi Nordik lan dewi Laima saka Baltik.[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g "mapyourinfo.com". Diarsip saka sing asli ing 2022-08-19. Dibukak ing 2011-08-07.
  2. Homer, Iliad (xxiv.209)
  3. Homer, Iliad (xvi.334)
  4. Homer, Iliad (xxiv.49)
  5. Homer, Odyssey (vii.197)
  6. Kerenyi 1951:32.
  7. Tulisan dari Delphinion di Dreros, diterbitkan olèh Henri van Effenterre dalam Bulletin de Correspondance Hellénique 70 (1946:602f); tulisan aslinya telah lenyap: on-line text.
  8. a b Hesiod, Theogonia, 904.
  9. "Zeus kanthi jelas telah mengasimilasi para dewi penenun ini, dan menjadikan mereka sebagai putri-putrinya. Sanajan itu hanya ada padha beberapa sumber, karena Zeus juga bahkan terikat olèh Takdir", jelas Ruck dan Staples (1994:57).