Karuta: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
ZéroBot (parembugan | pasumbang)
c r2.7.1) (Bot: Nambahaké zh:歌留多
Larik 39: Larik 39:
[[ja:かるた]]
[[ja:かるた]]
[[pl:Karuta]]
[[pl:Karuta]]
[[zh:歌留多]]

Révisi kala 6 Maret 2013 03.57

Selembar kertu saking obake karuta saking abad kaping 19. Saben kertu mawi gambar makhluk anèh saking mitologi Jepang.

Karuta (かるた?) inggih menika permainan kartu mawi gambar saking Jepang. Dolanan menika paling sekedhik dipunmaenaken déning tigang tiyang, kalebet tiyang ingkang maosaken kertu. Karuta asring dipunlampahi minangka tradisi nalika taun énggal ing Jepang [1].

Karuta asalipun saking carta, kosakata Basa Portugis kagem serat, lembaran serat, utawi kertu. Ing Jepang istilah karuta rumiyinipun ateges dolanan kertu rèmi. Ananging ing jaman samenika, karuta ateges hanafuda lan maneka jinis dolanan ingkang ngginakaken setunggal set kertu ingkang kaperang saking yomifuda (読札? kartu kagem dipunwaos) lan torifuda (取り札? kartu kagem dipunpendhet). Saben kertu yomifuda wonten isi tetembungan supados dipunwaos. Ing maos kertu menika tiyang ingkang boten ndhèrèk dolanan sinambi dados wasit.

Sajarah

Dolanan karuta asalipun saking "permainan mencocokkan cangkang kerang" nalika zaman Heian. Wonten cangkang nginggil lan cangkang ngandhap dipunpisah lajeng dipunacak supados dipunpadosi pasangan ingkang trep. Wonten ing cangkang kasebut dipungambar supados langkung menarik. Nalika zaman Sengoku, dolanan menika isinipun puisi Hyakunin Isshu wiwit dipundolanaken déning bangsawan astana lan dèrèng kalebet dolanan rakyat. Nalika majengipun tekhnik percetakan cukil kayu ing zaman Edo, regi kertu karuta dados kejangkau déning rakyat biasa saéngga dolanan menika dados dolanan rakyat. [2]

Jinis Karuta

Wonten kalih jinis karuta ingkang asring kagem dolanan, inggih menika uta garuta (kertu puisi) lan iroha-garuta (kertu iroha) [3].

Uta garuta

Setunggal set uta garuta kapérang wonten 200 lembar kertu. Kartu yomifuda kanthi isi tanka saking antologi puisi klasik Hyakunin Isshu lan gambar potret penyair ingkang nyipta. Tanka kaperang dados 5 larik kanthi pola mora 5-7-5-7-7. Pada bagéyan nginggil (5-7-5) disebat kami-no-ku lan pada bagéyan ngandhap (7-7) disebat shimo-no-ku. Setunggaling tanka dipunserat kanthi jangkep ing yomifuda, déné torifuda namung mawi isi pada bageyan ngandhap lan tanpa gambar. Tanka ing saben yomifuda dipunwaos dumugi wonten pemain ingkang manggihaken torifuda ingkang trep. Pemain asring sampun saged nebak kertu ingkang kedah dipunpendhet sadèrèngipun tanka kapungkasan dipunwaos.

Iroha garuta

Beda kaliha uta-garuta, lare ingkang nembé saged maos hiragana sampun saged dolanan iroha-garuta. Padatanipun lare-lare dolanan iroha garuta kagem sinau aksara. Setunggal set iroha garuta kapérang dados 96 lembar kertu (yomifuda lan torifuda). Saben aksara ing susunan abjad Basa Jepang (gojūon) gadhah setunggal pasang kertu awujud yomifuda lan torifuda. Isi yomifuda menika bebasan, déné torifuda mawi isi gambar ingkang trep kalihan isi bebasan ing yomifuda minangka pasanganipun. Wonten ing torifuda, aksara kapisan saking bebasan dipunserat mawi hiragana kanthi ukuran ingkang ageng saéngga katingal sanget.

Cathetan suku

  1. (ing basa Indonésia) Upacara permainan kartu Karuta, (dipunakses tanggal 11 Februari 2013)
  2. "Hyakunin Isshu to wa (百人一首とは)".
  3. (ing basa Indonésia) Karuta-game, (dipunakses tanggal 11 Februari 2013)

Pranala njawi