Karuta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Selembar kertu saking obake karuta saking abad kaping 19. Saben kertu mawi gambar makluk anèh saking mitologi Jepang.

Karuta (かるた?) inggih punika permainan kartu mawi gambar saking Jepang. Dolanan punika paling sakedhik dipunmaenaken déning tigang tiyang, kalebet tiyang ingkang maosaken kertu. Karuta asring dipunlampahi minangka tradisi nalika taun énggal ing Jepang [1].

Karuta asalipun saking carta, kosakata Basa Portugis kagem serat, lembaran serat, utawi kertu. Ing Jepang istilah karuta rumiyinipun ateges dolanan kertu rèmi. Ananging ing jaman sapunika, karuta ateges hanafuda lan manéka jinis dolanan ingkang ngginakaken satunggal set kertu ingkang kapérang saking yomifuda (読札? kartu kagem dipunwaos) lan torifuda (取り札? kartu kagem dipunpendhet). Saben kertu yomifuda wonten isi tetembungan supados dipunwaos. Ing maos kertu punika tiyang ingkang boten ndhèrèk dolanan sinambi dados wasit.

Sajarah[besut | besut sumber]

Dolanan karuta asalipun saking "permainan mencocogkan cangkang kerang" nalika jaman Heian. Wonten cangkang nginggil lan cangkang ngandhap dipunpisah lajeng dipunacak supados dipunpadosi pasangan ingkang trep. Wonten ing cangkang mau dipungambar supados langkung menarik. Nalika jaman Sengoku, dolanan punika isinipun puisi Hyakunin Isshu wiwit dipundolanaken déning bangsawan astana lan dèrèng kalebet dolanan rakyat. Nalika majengipun tekhnik percetakan cukil kayu ing jaman Edo, regi kertu karuta dados kejangkau déning rakyat biyasa saéngga dolanan punika dados dolanan rakyat.[2]

Jinis Karuta[besut | besut sumber]

Wonten kalih jinis karuta ingkang asring kagem dolanan, inggih punika uta garuta (kertu puisi) lan iroha-garuta (kertu iroha) [3].

Uta garuta[besut | besut sumber]

Setunggal set uta garuta kapérang wonten 200 lembar kertu. Kartu yomifuda kanthi isi tanka saking antologi puisi klasik Hyakunin Isshu lan gambar potret penyair ingkang nyipta. Tanka kapérang dados 5 larik kanthi pola mora 5-7-5-7-7. Pada pérangan nginggil (5-7-5) disebat kami-no-ku lan pada pérangan ngandhap (7-7) disebat shimo-no-ku. Setunggaling tanka dipunserat kanthi jangkep ing yomifuda, déné torifuda namung mawi isi pada pérangan ngandhap lan tanpa gambar. Tanka ing saben yomifuda dipunwaos dumugi wonten pemain ingkang manggihaken torifuda ingkang trep. Pemain asring sampun saged nebak kertu ingkang kedah dipunpendhet sadèrèngipun tanka kapungkasan dipunwaos.

Iroha garuta[besut | besut sumber]

Béda kaliha uta-garuta, lare ingkang nembé saged maos hiragana sampun saged dolanan iroha-garuta. Padatanipun lare-lare dolanan iroha garuta kagem sinau aksara. Setunggal set iroha garuta kapérang dados 96 lembar kertu (yomifuda lan torifuda). Saben aksara ing susunan abjad Basa Jepang (gojūon) gadhah satunggal pasang kertu awujud yomifuda lan torifuda. Isi yomifuda punika bebasan, déné torifuda mawi isi gambar ingkang trep kaliyan isi bebasan ing yomifuda minangka pasanganipun. Wonten ing torifuda, aksara kapisan saking bebasan dipunserat mawi hiragana kanthi ukuran ingkang ageng saéngga katingal sanget.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Upacara permainan kartu Karuta, (dipunakses tanggal 11 Fèbruari 2013)
  2. ^ "Hyakunin Isshu to wa (百人一首とは)". 
  3. ^ Karuta-game, (dipunakses tanggal 11 Fèbruari 2013)

Pranala njawi[besut | besut sumber]