Julius Caesar: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
TjBot (parembugan | pasumbang)
c r2.7.2) (Bot: Nambahaké ne:जुलियस सिजर
HRoestBot (parembugan | pasumbang)
c r2.6.5) (Bot: Nambahaké gv:Jool Kaesar
Larik 141: Larik 141:
[[gd:Iulius Caesar]]
[[gd:Iulius Caesar]]
[[gl:Xulio César]]
[[gl:Xulio César]]
[[gv:Jool Kaesar]]
[[he:יוליוס קיסר]]
[[he:יוליוס קיסר]]
[[hi:जुलियस सीसर]]
[[hi:जुलियस सीसर]]

Révisi kala 12 Fèbruari 2013 23.20

Gaius Julius Caesar
Diktator Republik Romawi
"Tusculum portrait", diduga minangka salah sijiné patung Caesar kang digawe ing mangsa isih urip
PanjenenganOktober 49 SM –
15 Maret 44 SM (sebagai diktator dan/atau konsul)
LairJuli 100 SM
Subura, Roma
Surud15 Maret 44 SM (55 tahun)
Curia Pompey, Roma
PutraJulia Caesaris 85/84 – 54 SM
Caesarion 47 – 30 SM
Augustus 63 SM – 14 M (kaponakan adoh, uga dipupu sadurungé tilar donya minangka dadi anak Caesar ing taun 44 SM)
Jeneng dawa
Gaius Julius Caesar
WangsaJulius-Claudius
BapaGaius Julius Cæsar
IbuAurelia Cotta[1]

Gaius Julius Caesar (Latin: C•IVLIVS•C•F•C•N•CAESAR¹) (13 Juli 100 SM15 Maret 44 SM) punika setunggaling pamimpin militer lan politikus Romawi ingkang panguwaosipun dhumateng Gallia Comata ndadosaken Romawi tambah wiyar dumugi Oceanus Atlanticus. Panjenenganipun mandhegani serangan Romawi sepisanan dhumateng Britania, lan ngenalaken pangaruh Romawi dhumateng Gaul (Perancis sapunika).

Julius Caesar perang lan menangaken setunggaling perang sedulur ingkang ndadosaken panjenenganipun panguwaos paling ampuh ing Romawi, lan miwiti réformasi ageng-agengan dhumateng masyarakat lan pamréntah Romawi. Panjenenganipun dados diktator seumur hidup, lan musataken pamréntahan ingkang saya lemah ing républik kasebat.

Caesar séda tanggal 15 Maret 44 SM amargi dipuntusuk ngantos séda déning Marcus Junius Brutus lan sapérangan sénator Romawi. Aksi penyédanan dhumateng Caesar ing dinten Idi Maret kasebat dados pamicu perang sedulur kaping kalih ingkang dados pungkasaning Républik Romawi lan awal Kekaisaran Romawi ing saandhaping panguwaosipun putu kakungipun lan putra angkatipun, Kaisar Augustus.

Kampanye militer Julius Caesar dipunmangertos sacara detil saking seratanipun piyambak Kempalan Komentar (Commentarii), lan kathah saking criyos gesangipun ingkang dipunrekam sajarawan kados Gaius Suetonius Tranquillus, Mestrius Plutarch, lan Lucius Cassius Dio.

Palakrama Julius Caesar lan keturunanipun

Kronologi

  • 13 Juli 100 SM – Miyos ing Roma
  • 84 SM – Palakrama sepisanan kaliyan Cornelia
  • 82 SM – Uwal saking paukuman mati Sulla
  • 81/79 SM – Jasa militer ing Asia lan Cilicia; pepanggihan kaliyan Nicomedes saking Bithynia
  • 70-an – Makarya dados advokat
  • 69 SMQuaestor (kados bendahara) ing Hispania Ulterior
  • 65 SM – Curule aedile
  • 63 SM – Dipunlantik pontifex maximus lan praetor urbanus; konspirasi Catilinaria, skandal Bona Dea lan njalari Caesar pegatan kaliyan Pompeia
  • 59 SM – Jawatan konsul sepisanan; awal Triumviratus Pertama kaliyan Marcus Licinius Crassus lan Gnaeus Pompeius Magnus, Julia palakrama kaliyan Pompey
  • 54 SM – Sédanipun Julia
  • 53 SM – Sédanipun Crassus: pungkasaning Triumviratus Pertama
  • 52 SMPaperangan Alesia
  • 49 SM – Panyebrangan Rubicon, wiwitaning perang sadulur
  • 48 SM – Ngasoraken Pompeius ing Yunani; dados diktator; jawatan konsul kaping kalih
  • 47 SM – Kampanye ing Mesir; pepanggihan kaliyan Cleopatra VII
  • 46 SM – Ngasoraken Cato lan Metellus Scipio ing Afrika Lér; jawatan konsul kaping tiga
  • 45 SM
    • Ngasoraken mengsah pungkasan ing Hispania
    • Kundur dhateng Roma; jawatan konsul kaping tiga
  • 44 SM

Réferénsi

  • Life of Caesar, oleh Plutarch; Oxford Classics
  • The Twelve Caesars – Julius Caesar, déning Suetonius; Penguin Classics

Cathetan suku

  1. "Julius Caesar". Roman-colosseum.info. Dibukak ing 8 January 2012.

1- Gaius Iulius Gaii Filius Gaii Nepos Caesar, ing basa Indonésia "Kaisar Julius Gaius, putra Gaius, cucu Gaius".

Mangga ugi pirsani

Cithakan:Link FA Cithakan:Link FA Cithakan:Link FA Cithakan:Link FA Cithakan:Link FA Cithakan:Link FA Cithakan:Link FA Cithakan:Link FA Cithakan:Link FA Cithakan:Link FA Cithakan:Link FA Cithakan:Link FA