Menyang kontèn

Maulana Jumadil Kubro

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Makam Syekh Jumadil Kubro

Syekh Jumadil kubro iku asalé saka Samarkand, Uzbekistan, Asia Tengah.[1]. Dhèwèké dipercaya turunan kang kaping 10 saka al-Husain, putuné Muhammad.[1] Syekh Jumadil Kubro ya iku wong tuwané Maulana Malik Ibrahim lan Maulana ishaq kang kagabung ing Walisanga.[1] Syekh Jumadil Kubro séda taun 1376 M, 15 Muharram 797 H ing Trowulan, Mojokerto.[1]

Petilasan

[besut | besut sumber]

Miturut carita, petilasan makamé ana ing pirang-pirang nggon.[1] Ya iku ing Semarang, Trowulan, lan ing désa turgo, kacamatan Turi, Yogyakarta.[1] Nanging kabèh iku mau ora ana sing ngertèni ana ing ngendi sabeneré Syekh Jumadil Kubro dimakamké.[1]

Syiar Islam

[besut | besut sumber]

Syekh Jumadil Kubro lan anaké Maulana Malik Ibrahim lan Maulana Ishaq teka ing pulo Jawa.[1] Banjur pisah, Syekh Jumadil Kubro isih ning Jawa, Maulana Malik Ibrahim ing Cempa banjur ngislamaké Karajan cempa, lan adhiné Maulana Ishaq ning Acèh ngislamaké Kasultanan Samodra Pasai.[1]

Jumadil kubro iku minangka kunci mgislamaké tanah jawa kang sadurungé isih padha nganut Agama Buda lan Hindhu. [2] Dakwah Syekh Jumadil Kubro kang pisanan ing tanah jawa ya iku ing Majapahit.[2] Wektu iku para warga lan nayaka praja Majapahit isih padha nganut Agama Hindhu, saliyané iku para warga ing kana uga isih padha seneng nyembah wit-wit gedhé lan liya-liyané.[2] Amarga kauletan lan prabawa kang apik, Makam Syekh Jumadil Kubro akèh kaloka karo para nayaka praja ing Majapahit.[2] Cara dakwahé kang alon, sabar nanging tenanan, ndadiaképiyambaké disenengi.[2] Ora gumun, yèn makamé Syekh Jumadil Kubro ana ing antarané para punggawa praja Majapahit kaya ta makam Tumenggung Satim Singgo Moyo, Kenconowungu, Anjasmoro, Sunan Ngudung (bapaké Sunan Kudus), lan sapérangan Patih lan Sénopati kang dimakamke ing Trowulan.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i Syekh Jumadil Kubro Archived 2011-07-03 at the Wayback Machine.(07 Juni 2011)
  2. a b c d e f Walisanga Archived 2011-11-14 at the Wayback Machine.(08 Juni 2011)