Masjid Perak Kotagede
Masjid Perak Kotagede | |
---|---|
Informasi umum | |
Prenah | Indonesia |
Afiliasi agama | Islam |
Nagara | Indonésia |
Provinsi | Dhaérah Istiméwa Yogyakarta |
Daerah | Dalan Mondorakan Nomer 11, Prenggan, Kotagede, Ngayogyakarta |
Status | Digunakaké |
Status | Aktif |
Deskripsi arsitektur | |
Jinis arsitèktur | Masjid |
Yasa pratama simbulis | 1940 |
Spesifikasi | |
Amba | 200 m2 |
Masjid Perak Kotagede ya iku salah sawijining masjid kang mapan ana ing sisih lor Masjid Gedhé Mataram ing Kelurahan Trunojayan, Kecamatan Kotagede, Kutha Ngayogyakarta, mburi SMA Muhammadiyah 4 Ngayogyakarta lan isih kalebu ing komplèk Masjid Gedhé Mataram. Masjid Perak Kotagede iki uga mapan ing rong dhaérah, ya iku Kutha Ngayogyakarta lan Kabupatèn Bantul. Alamat masjid iki ana ing Dalan Mondorakan Kotagede Nomer 11. Masjid Perak Kotagede digunakaké kanggo salat lan kagiyatan-kagiyatan agama kaya ta masjid-masjid liya. Persyarikatan Muhammadiyah kang diyasa déning Ahmad Dahlan duwé peran penting ing babagan pembangunan masjid amarga Muhammadiyah kang duwé gagasan supaya ing dhaérah Kotagede bisa dibangun masjid kanggo umum saliyané Masjid Gedhé Mataram.[1]
Sajarah
[besut | besut sumber]Sajarah Masjid Perak Kotagede ana gegayutané karo Masjid Gedhé Mataram. Masjid Perak lan Masjid Gedhé dadi siji ana ing sakomplèk. Masjid Gedhé Mataram digunakaké kanggo kagiyatan-kagiyatan agama, kaya ta salat. Sadurungé taun 1925, kahanan ing masarakat Kotagede ing jaman semana akèh kang isih kegawa pengaruh saka para kabudayan leluhur, agama Hindu, kapercayan animisme, lan liyané. Nanging, masarakat ing Kotagede mayoritas isih nganut agama Islam. Nalika kuwi, amarga akèh masarakat kang nduwèni kapercayan animisme lan kang percaya marang kakuwatan gaib padha nganakaké ritual ing kana. Amarga kuwi, masarakat liya padha prihatin amarga masjid digunakaké kangggo ritual-ritual liya. Para warga, utamané warga muslim kang gabung ana ing persyarikatan Muhammadiyah ing dhaérah kana dadi duwé rasa prihatin amarga masjid papan ibadah kanggo acara ritual-ritual liya. Anané rasa prihatin kuwi mau, para warga dadi duwé usul supaya fungsi saka masjid kuwi dibenakaké.[2]
Taun 1925-1940, agama Islam ing dhaérah Kotagede tuwuh lan nyebar kanthi cepet amarga ana campur tangan Muhammadiyah kang ngéwangi pembangunan Masjid Perak Kotagede iki. Jaman semana, ing Kotagede mung ana Masjid Gedhé Mataram lan kabèh kagiyatan kaagamaan dilakokaké ing Masjid Gedhé. Nalika jaman semana, ing Kotagede ana akèh kagiyatan kaagamaan, kaya ta pengajian lan kagiyatan kanggo para wong tuwa, wong enom, lan bocah-bocah. Amarga akèhé kagiyatan kaagamaan ing Kotagede lan kagiyatan kaagamaan isih dilakokaké ing Masjid Gedhé Mataram, saben para warga nganakaké kagiyatan kaagamaan ing kana, para warga wajib ijin marang Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat.[2] Para warga kang nganakaké kagiyatan kudu ngentèni suwi anggoné ngurus proses ijin marang Karaton. Yèn ana acara kang bebarengan karo acara Karaton, ijin kang diajokaké kuwi mau bisa ditolak lan kagiyatan kaagamaan in Kotagede bisa diundur. Amarga alesan kuwi mau, para warga lan Kyai Amir duwé gagasan kanggo bangun masjid umum kang bisa digunakaké sapa waé, utamané warga Kotagede yèn arep nganakaké kagiyatan supaya kagiyatan kaagaman bisa lumaku kanthi lancar. Masjid Perak mulai dibangun tanggal 1 Sura taun 1940. Masjid iki dibangun amarga ana wong kang dadi perintis, ya iku Kyai Haji Mudzakir, Kyai Haji Amir, lan Kyai Haji Muhsin.[3] Masjid Perak uga tau dadi markas Hizbullah ing jaman revolusi fisik. Nalika jaman semana, Laskar Hizbullah kang dipimpin déning Zubaidi Bajuri tarung lawan saradhadhu Walanda kang jajah Indonésia manèh ngetutaké NICA. Masjid Perak Kotagede dadi saksi nalika Laskar Hizbullah arep lunga ing médan perang. Masjid Perak Kotagede uga tau dadi saksi sajarah Indonésia taun 1950-1960an. Ing taun 1950an-1960an, Masjid Perak Kotagede dadi papan kagiyatan para pemuda Islam kang jaga Indonésia amarga ana konflik PKI. Ing kana, para pemuda diwènèhi ilmu béla diri amarga ing tahun 1950-1960 isih dibutuhaké semangat juang para pemuda kanggo NKRI.[4][5]
Jeneng "Perak" ing Masjid Perak Kotagede udu amarga mapan ing dhaérah Kotagede kang kondhang minangka pusat kerajinan perak lan udu amarga para wong kang nyumbang kuwi pengusaha kerajinan perak ing Kotagede. Nanging, jeneng "perak" dijupuk saka basa Arab "Firoq" kang tegesé "pambéda" utawa "pamisah". Masjid Perak Kotagede dibangun supaya bisa dadi masjid kang digunakaké para warga Kotagede amarga agama Islam saya suwé saya tuwuh ing masarakat. Saliyané kuwi, Masjid Gedhé Mataram wis ora bisa kanggo nampung jamaah kang cacahé akèh banget. Wangunan Masjid Perak Kotagede dibenakaké amarga rusak nalika ana gempa gedhé ing Ngayogyakarta taun 2006. Masjid rampung dibenakaké ing taun 2013 lan diresmikaké déning Prof. Dr. H. M. Din Syamsuddin.[1]
Arsitèktur
[besut | besut sumber]Bentuk wangunan Masjid Perak iki ngetutaké bentuk saka budhaya ing lingkungan masarakat. Payon masjid nganggo bentuk joglo lan ana 4 saka guru kang bentuké rada lancip. Saka guru kuwi mau ana ing duwu umpak kang bentuke bunder dawa lan ana tembok kang dadi wates ruangan masjid sisih lor lan kidul. Masjid Perak Kotagde duwé alat kang jenengé jam bencet utawa jam matahari. Jam bencet kuwi mau kanggo mangertèni wektu salat. Nanging, jam bencet iki wis angèl ditemokaké ing masjid-masjid jaman saiki. Ing njero masjid uga ana kaligrafi kang dipasang ana ing duwur lawang utama masjid. Kaligrafi ing njero masjid mung ana siji kuwi mau lan ora ana kaligrafi kang dipasang manèh supaya para jamaah bisa khusyu anggoné salat. Ing ngarep masjid ana papan kanggo wudhu wujudé bak, nanging sawisé masjid dibangun manèh ing taun 1960 papan kanggo wudhu kuwi wes ora ana manèh. Saliyané kuwi, uga wis ora ana manèh sumur lan jam matahari ing Masjid Perak Kotagede.[2]
Masjid Perak Kotagede duwé bentuk bangunan kaya masjid-masjid liyané, ya iku duwé mihrab lan mimbar kanggo kotbah. Masjid Perak uga duwé kentongan kang digunakaké kangggo ngelingaké para warga yèn wis wektuné salat. Kentongan kuwi mapan ana ing ngarep masjid duwuré 1,5m. Saiki, kentongan kuwi wis ora ana amarga wis nganggo mic lan speaker. Mimbar kang ana ing njero masjid kalebu piranti kang penting ing sajarah Masjid Perak. Mimbar kang ana ing Masjid Perak ana sadurungé masjid dibangun. Sadurungé mapan ana ing Masjid Perak, mimbar kuwi mapan ana ing Masjid Gedhé Mataram.[2]
Pembangunan
[besut | besut sumber]Nalika ana gagasan kapisan kanggo bangun masjid, rencana masjid arep dibangun ing salah siji saka telung lokasi, ya iku Giangan, Gumuk, lan Trunojayan. Trunojayan dadi pilihan amarga miturut salat Istikharah kang dilakokaké déning Kyai Amir, H. Masyudi, lan H. Mudzakir. Dana kanggo bangun Masjid Perak saka dana sumbangan saka para penggagas masjid. Dana kang kekumpul kanggo bangun, ya itu 3000 gulden. Sawisé dana kekumpul, masjid mulai dibangun lan lokasi kang dipilih ya iku Trunojayan manut karo salat Istikharah kang wis dilakokaké. Masjid Perak Kotagede dibangun ing lemah wakaf kang ambane 400 mèter persegi. Nanging, kang kacithak ana ing sertifikat, lemah kang kanggo bangun masjid ambané 840 mèter persegi amarga klèru anggoné masang pathok dadi tanahé jembar mengidul.[2]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b "Perjalanan Sejarah Masjid Perak Kotagede Yogyakarta". Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta. 2016-01-25. Dibukak ing 2020-05-26.
- ↑ a b c d e Hamzah, Slamet dkk (2007). Masjid Bersejarah Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. Yogyakarta: Kantor Wilayah Departemen Agama Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta.
- ↑ "Masjid Perak Kotagede, Simbol Pemisahan Umat dari Kebekuan Masa Lampau". SINDOnews.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-05-27.
- ↑ "Dunia Masjid :: Jakarta Islamic Centre - Masjid Perak KotaGede". Dibukak ing 2020-05-28.
- ↑ Zein, Abdul Baqir (1999). Masjid-masjid Bersejarah di Indonesia. Gema Insani Press.