Menyang kontèn

Manzai

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Manzai (漫才?) ya iku kagunan nglawak kang asalé saka laladan Kansai, Jepang. Pagelaran Manzai lumrahé ditindakaké déning wong loro kang lagi celathu sangareping panonton nyritakaké carita kang lucu lan ora lumebu akal kanthi irama celathuné kaya saut-sautan. Wong siji duwé peran minangka si pinter (tsukkomi) kang fungsiné minangka pangumpan, lan wong sijiné manèh duwé peran minangka si goblog (boke) kang ngomong terus supaya penontoné guyu. Manzai diarani mèmper stand-up comedy kang dikenal ing Amérikah Sarékat.

Istilah manzai diciptakaké taun 1933 déning pérangan iklan promotor kagunan hiburan Yoshimoto Kogyo ing Osaka kanggo mbédakaké kesenian kang dipentasaké karo kagunan mawa carita Mandan. Nalika iku, seniman Mandan kerep nyambu gawé ing gedhong biyoskup kanggo njelasaké isi carita filem bisu kang lagi diputer.

Pelaku Manzai sinebut Manzai-shi. Pasangan Manzai sinebut Kombi. Pasangan lanang-wadon kang wis kawin kang nindakaké Manzai sinebut Meoto manzai. Manzai kang asalé saka laladan Kansai uga kerep diarani Kamigata manzai.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Ing jaman Heian ana kagunan pagelaran kang ditindakaké kanthi muter-muter kanggo ngayakaké taun anyar. Kagunan mau uga sinebut manzai (万歳?), nanging katulis kanthi aksara kanji kang béda. Kagunan "Manzai" ing jaman Heian ditindakaké déning wong loro, wong kang sapisan nabuh gendhang lan sijiné manèh nari-nari kanggo ngucapaké sugeng warsa énggal sinambi dolani omahé para pendhudhuk. Ing jaman Edo ing sakubenging pelosok Jepang ana manéka jinis manzai kang dijenengi manut jeneng asliné kaya ta Mikawa manzai asalé saka Provinsi Mikawa lan Yamato manzai asalé saka Provinsi Yamato. Nalika iku, artis Manzai ora mung mainaké musik lan nari, nanging celathuné uga nyritakaké carita lucu kang dimaksudaké kanggo mancing guyuné penonton.

Ing jaman Meiji, kagunan manzai (万才?) kang digelar ing gedhong ing Osaka isih dhedhasar "manzai" (万歳?) jaman Heian kang nggunakaké musik pangiring. Pasangan Tamagoya Entatsu, Sunagawa Sutemaru, lan Nakamura Haruyo kerep sinebut minangka pelopor Manzai. Émané nalika iku, Manzai mung dianggep pagelaran palengkap amarga ing gedhong pagelaran luwih kerep ana pagelaran rakugo kang lagi misuwur.

Ing pungkasan jaman Taisho, Yokoyama Entatsu (1896-1971) lan Hanabishi Achako (pasangan pelawak Yoshimoto Kogyo) miwiti gaya manzai tanpa musik, lan mung pacetahon. Manzai gaya anyar iki sinebut syabekuri manzai kang jebulé misuwir lan bisa ditampa masarakat. Udakara taun 1931, promotor hiburan Yoshimoto Kogyo wiwit ngringkes sebutan syabekuri manzai dadi Manzai (漫才?) kaya kang dikenal saiki. Banjur Yoshimoto Kogyo nindakakè ekspansi bisnis ing Tokyo. Manzai kang dipelopori pasangan Entatsu-Achako dadi misuwur, lan uga ana bintang-bintang manzai kang anyar. Ing jaman modern, manzai ngrembaka dadi kagunan kang ora mung dipentasaké ing gedhong pagelaran, nanging uga ing télévisi lan radio.

Ciri khas

[besut | besut sumber]

Béda karo kagunan rakugo kang kaiket déning aturan, pelawak manzai duwé pirang-pirang kabebasan. Pelawak éntuk ngomong sinambi posé utawa obahan anèh, joget-joget, nganti ngepruki si goblog. Manzai lumrahé ditindakaké tanpa musik, sebajan uga ana pelawak manzai kang nalika pentas sinambi main piranti musik utawa nggunakaké musik latar. Kajaba iku, golongan kang kasusun saka 3 wong (utawa luwih) uga mainaké manzai gaya anyar kanthi wujud lakon komèdi.

Ing panggung, pelawak manzai kudu nggunakaké sandangan paling apik kang diduwèni. Dhasaré, sandangan pelawak manzai ya iku busana pista. Pelawak manzai lanang nggunakaké kimono utawa setélan jas lan dasi, déné pelawak manzai wadon nggunakaké kimono utawa klambi blanjuran kang wernané nyolok, lengkap karo sepatu kang duwé hak dhuwur.

Manut sumrambahé jaman, sapérangan pelawak manzai duwé peran minangka pelawak ing télévisi (Owarai Talento utawa Owarai Geinin). sandangan kang digunakaké nalika tampil ing panggung ya iku sandangan santai kang digunakaé saben dinané. Pelawak manzai gaya anyar kerep nggunakaké properti panggung, kaya ta kursi, méja, lemari, lan layar proyeksi.

Si pinter lan si goblog

[besut | besut sumber]

Pasangan pelawak manzai sinebut kombi. Sawijining pelawak duwé peran minangka si pinter (tsukkomi) lan sijiné manèh duwé peran minangka si goblog (boke). Peran si goblog ya iku carita kanthi isi kang duwé kajanggalan, saéngga anèh utawa lucu, kanthi ancas mancing guyu. Pelawak kang duwé peran si pinter tugasé ya iku ngliruhi carita si goblog, lan mbeneraké pérangan-pérangan kang kaanggep janggal, saéngga penonton ngerti nalika kudu guyu.

Pelawak kang dadi si pinter kadang-kadang nggunakaké tembung-tembung kang ngenyèk kanggo ménéhi ngerti si goblog yèn caritané anèh utawa janggal. Ora mung iku, pelawak duwé peran minangka si goblog ora jarang nampa tamparan tangan ing sirah utawa pérangan dhadha. Kadang-kadang pemeran si goblog uga kudu nampa kepruk ing pérangan sirah kanthi nggunakaé kertas karton kang dilempit kaya kipas, utawa dolanan kang bisa nywara kaya swara kepruk banter.

Béda karo si goblog kang terus-terusan kudu carita, si pinter mung kadang-kadang nginterupsi carita si goblog. Maksudé minangka umpan supaya si goblog dadi luwih lucu. Kalodhangan iki uga dimanfaataké si goblog kanggo ngunjal napas, saéngga témpo carita kang cepét bisa dipertahanaké.

Pranala njaba =

[besut | besut sumber]