Pé manta
| Manta birostris | |
|---|---|
| |
| Pari manta saka Pasifik | |
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Animalia |
| Filum: | Chordata |
| Klas: | Chondrichthyes |
| Ordho: | Rajiformes |
| Famili: | Myliobatidae |
| Subfamili: | Mobulinae |
| Génus: | Manta |
| Spésies: | M. birostris |
| Jeneng binomial | |
| Manta birostris Walbaum, 1792 | |
Iwak epé manta (jeneng latin: Manta birostris, basa Indonésia Ikan pari manta) iku kalebu salah sijiné iwak kang duwé ukuran gedhé dhéwé ing donya.[1] Salah sijiné spésies iwak epé ya iku iwak epé manta utawa kang duwé jeneng latin Manta Birostris.[1] Ambané iwak pari saka pucuk sirip dhadha nganti pucuk sirip liyané tekan 7 mèter.[1] Boboté iwak pari nganti tekan 3 ton.[1]
Iwak epé tinemu ing lautan tropis ing kabèh sagara ing donya, kurang luwih antarané 15 drajat lintang lor nganti 35 drajat lintang kidul.[1] Panyebarané kang amba lan penampilané kang unik ndadèkaké iwak iki duwé akèh jeneng ya iku "manta Pasifik", "manta Atlantik", "devil fish", lan "sea devil".[1]
Ing Indonésia, epé manta duwé jeneng lokal kang béda-béda antarané siji laladan karo laladan liyané.[1] Jeneng iki kaya ta cawang kalung, plampangan, lan pari kebo.[1] Diarani epé kebo amarga ana pérangan awaké kang mèmper kaya sungu kebo ing ndhasé saéngga dianggep mèmper kebo.[1]
Iwak epé kususé epé manta kalebu kéwan kang akèh diburu.[2] Nanging IUCN nerangaké yèn cacahé epé manta durung kalebu kéwan kang dianggep cures.[2] Populasi epé manta dianggep arang amarga kagiyatan ing laut lan kaanan laut kang akèh kena polusi, nanging rasio réprodhuksi iwak epé kang asor.[2]
Manta kagolongaké famili Myliobatidae kang cacahé ana 40 spésies.[2]
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]
| Artikel bab kéwan iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
