Menyang kontèn

Manohara Odelia Pinot

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Manohara Odelia Pinot
Lair28 Fèbruari 1992 (umur 33)
Jakarta, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanArtis, Model
Wong tuwaGeorge Manz (bapak)
Daisy Fajarina (ibu)

Manohara Odelia Pinot (lair ing Jakarta, 28 Fèbruari 1992; umur 33 taun) inggih punika model saking Indonesia.[1] Manohara lair saking ibu katurunan bangsawan Bugis, Daisy Fajarina lan rama saking Perancis, Reiner Pinot Noack. Manohara gadhah kalih kewarganagaraan Amérikah Sarékat lan Indonesia.[1] Naminipun wiwit misuwur nalika mlebet ing dhaftar 100 Pesona Indonesia déning kalawarti Harper's Bazaar.[1] Ing yuswa ingkang taksih enem, Manohara gadhah penggalih péngin gadhah yayasan sosial.[1] Model ingkang gadhah hobi sinau basa lan seni punika dipunpundhut garwa déning pangeran saking Malaysia, Tengku Muhammad Fakhry, kamangka nalika samanten manohara nembé 16 taun.[1] Criyos punika dipunwiwiti nalika pepanggihanipun Manohara kaliyan Tengku Fakhry ing sasi Dhésèmber 2006.[1] Nalika samanten pepanggihan ing adicara dhahar ing wayah dalu.[1] Amargi pepanggihan punika, Fakhry dados tresna dhateng Manohara.[1] Nami Manohara misuwur ing médhia massa Indonesia lan Malaysia ing sasi April 2009, amargi wonten cecongkrahan Manohara kaliyan garwanipun, Tengku Muhammad Fakhry Petra, putra kaping 3 Sultan kelantan, Malaysia.[2] Cecongkrahan punika ndadosaken Manohara minggat wangsul dhateng Jakarta kanthi sadèrèngipun mampir ing Singapura ing pungkasanipun taun 2008.[1] Amargi mangertos menawo Manohara minggat, Fakhry mbudidaya supados Manohara wangsul malih dhateng Kelantan.[1] Salah satunggalipun usaha punika inggih punika numbasaken mobil kanggé bebungah ulang taunipun Manohara tanggal 25 Fèbruari 2009.[1]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]
Manohara Odelia Pinot

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Manohara Odelia Pinot dipunundhuh tanggal 6 Juli 2011)
  2. Menguak Hilangnya Manohara Odelia Pinot dipunundhuh tanggal 6 Juli 2011)