Lawang keputren bajang ratu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Lawang Keputren Bajang Ratu utawa kang misuwur kanthi aran Pintu Gerbang Majapahit manggon ing Désa Muktiharjo, Kacamatan Margorejo, Kabupatèn Pati utawa patang kilomèter saka kutha Pati.[1][2] Sanajan pusat kraton Majapait dumunung ing Mojokerto, Jawa Timur, nanging pamaréntah Kabupatèn Pati kasil anggoné ndadèkaké tinggalane prasajarah dadi salah siji objek wisata andalan kanggo pemasukan laladan.[1][3]

Sajarah[besut | besut sumber]

Miturut carita kang ana, asal muasal pintu gerbang Majapait ka mangkene:[4] Nalika taun 1486, Pati kang dumunung ana ing sangisoré Gunung Muria isih wujud alas.[4] Sawijining dina, Sunan Muria kondur saka saraséhan ing padhépokan Sunan Ngerang.[4] Tumeka sisih kulon kutha Pati, jam 3 soré, ing sisihé alas ana kali kang lagi banjir.[4] Sunan Muria péngin nyebrang, nanging ora ana prahu.[4] Sunan Muria nganakaké sayembara, sapa kang bisa nyebrangaké yèn lanang bakal dadi dulur lanang kang sajati yèn wadon bakal didadèkaké sisihané.[4] Ndilalahé ing sisih kulon ana wong wadon kang lagi angon kebo.[4] Wong wadon iku aran Dewi Sapsari putri Ki Gedhé Sebo Menggolo.[4] Sawisé krungu yèn ana sayembara, kanthi nunggang kebonè, Dewi Sapsari nyebrang mara ngètan banjur nyebrangakè Sunan Muria.[4] Sunan Muria ora cidra ing janji.[4] Banjur Sunan Muria kepanggih kaliyan tiyang sepuh saka Dewi Sapsari lan bakal ndadèkaké Dewi Sapsasi dadi sisihané.[4] Sunan Muria banjur bebrayan kaliyan Dewi Sapsari.[4] Let sawatara Sunan Muria kondur ing padhépokan Gunung Muria, Dewi Sapsari ngandhut, banjur nglairaké bayi lanang kang duwé jeneng Raden Bambang Kebo Nyabrang.[4] Nalika wis diwasa, Raden Bambang Kebo Nyabrang takon marang simbahé sapa bapaké.[4] Simbahé carita yèn dhèwèké isih duwé keturunan karo Sunan Muria kang dumunung ana ing Padhépokan Gunung Muria.[2] Sawisé krungu carita simbahé, R. Bambang Kebo Nyabrang lunga menyang Gunung Muria.[4] Satekané ing padhépokan,ketemu Sunan Muria.[4] Nanging Sunan Muria ora percaya yèn R. Bambang Kebo Nyabrang iku putrané.[4] Kanggo bukti, Sunan Muria paring titah dhumateng Raden Bambang Kebo Nyabrang kanggo nggawa Pintu Gerbang Majapahit ing ngarepé Sunan Muria yèn péngin diakoni dadi putrané.[2][4] Déning Sunan Muria pintu gerbang majapahit kanggo gerbang ing masjid agung Gunung Muria.[1] R. Bambang Kebo Nyabrang lunga menyang Bajang Ratu kang dadi petilasan Kraton Majapait kanggo njupuk Pintu Gerbangé.[1][2] R. Bambang Kebo Nyabrang mung duwé wektu sadina suwengi kanggo njupuk barang iku.[2] Ing panggonan liyané, ing padhépokan Sunan Ngerang, murid aran Raden Ronggo péngin dadi sisihané putri Sunan Ngerang, kang aran Roro Pujiwat.[2] Roro Pujiwat kersa dadi sisihané Raden Ronggo yèn Raden Ronggo bisa mboyong Pintu Gerbang Majapahit ing padhèpokan.[2] R. Ronggo menyang ing patilasan Kraton Mojopait.[2] Nanging dhèwèké kuciwa amarga ing kana barang kang digoleki wis ora ana.[2] Raden Ronggo tumuju ngulon.[2] Satekané sisih kulon kutha Pati, R. Ronggo lumebu alas.[2] Ing kono ketemu karo R. Kebo Nyabrang kang nggawa Pintu Gerbang Majapahit lagi ngaso.[2] Lawang dijaluk, nanging ora diwènèhaké.[2] Banjur padha perang.[2] Sunan Muria ngerti yèn lagi ana perang, banjur mara ana panggonan kono.[2] Banjur ngendikan “Wis padha lèrèna sak kloron padha bandholé”.[2] Sunan Muria wis bisa ngakoni yèn R. Bambang Kebo Nyabrang iku putrané.[2] Sunan Muria maringi titah marang putrané supaya njaga gerbang iki.[2][4][5] Sawisé Sunan Muria ngendika “jaganen !!”, R. Bambang Kebo Nyabrang ilang.[2] Déné R. Ronggo diwènèhi “katèk“ déning Sunan Muria kanggo digawa bali menyang padhépokan Sunan Ngerang.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d Gerbang Majapahit di Pati Diminati Wisatawan(dipununduh tanggal 4 April 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t Gerbang Majapahit Archived 2011-04-19 at the Wayback Machine.(dipununduh tanggal 06 April 2011)
  3. Kabupaten Pati Archived 2010-04-21 at the Wayback Machine.(dipununduh tanggal 4 April 2011)
  4. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s Pintu Gerbang Majapahit Archived 2011-11-26 at the Wayback Machine.(dipununduh tanggal 4 April 2011)
  5. Sunan Muria(dipunuduh tanggal 6 April 2011)