Menyang kontèn

Lawang Sèwu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Lawang Sewu)
Lawang Sèwu ing wingking. Ing ngajeng katingal Tugu Pemuda

Lawang Sèwu punika satunggaling gedhong ing Semarang, Jawa Tengah tilasipun kantor Nederlands-Indische Spoorweg Maatschappij utawa NIS.[1] Dipunbangun ing taun 1903 lan rampung ing taun 1907. Dumunung ing bunderan Tugu Muda, ing jaman rumiyin dipunsebat Wilhelminaplein.[1] Masarakat kathah ingkang nyebat Lawang Sèwu (utawi ing Basa Indonésia tegesipun "seribu pintu"), amargi kathah kori lan cendhéla kang ageng lan wiyar. Nanging wonten ing kasunyatan saleresipun boten wonten satunggal èwu.[2] Gedhong kina lan éndah punika gadhah kalih "lantai".

Ing njeroning Lawang Sewu, wonten kagungan bunker mandhap lemah. Bunker punika dipun yasa dening Walandi. Menika bunker kanggo jaga hawa supados boten panas ing jero gedung.[3]

Sujarah

[besut | besut sumber]
Lawang Sèwu ing taun 1920-an
Lawang sewu ing taun 2011

Sasampunipun kamardikan gedhong punika dipun-ginakaken dados kantor Jawatan Kereta Api Indonésia (DKARI) utawi sapunika dipunsebat PT KAI.[2] Gedhong punika ugi naté dipun-ginakaken kanggé kantor Badan Prasarana Komando Laladan Militer (Kodam IV Diponegoro) lan ugi kantor wewengkon (Kanwil) Departemen Perhubungan Jawa Tengah. Wonten ing jaman perjuangan rumiyin gedhong punika gadhah cathetan piyambak, amargi dados seksi prastawa Pertempuran Lima Hari di Semarang.[4] Tanggal 14 Oktober-19 Oktober 1945 gedhong Lawang Sèwu punika dados papan panggènan pertempuran antawisipun pemudha Angkatan Muda Kereta Api (AMKA) nglawan Kempetai lan Kidobutai, Jepang.[4] Pramila Pamarentah Kutha Semarang kanthi SK Wali kutha 650/50/1992 ndadosaken Lawang Sèwu punika salah satunggaling yasan kina wonten ing tlatah Semarang lan kedah dipunlestantunaken.[4]

Lawang Sewu sapunika dipun kelola dados panggonan pariwisata. Lawang Sewu dipunkelola dening KAI Wisata, anak usahane PT KAI. Total tetamu ingkang dumugi wonten panggonan niki ing tahun 2025 totalipun 568 ewon wong.[5]

Kahanan Sapunika

[besut | besut sumber]

Sapunika gedhong ingkang sampun langkung 100 taun punika boten kaginakaken lan dados gedhong ingkang wingit.[6] Nanging kala-kala dipunadani pameran, kados ta Semarang Expo lan Tourism Expo,[7] lan wonten ingkang gadhah pamanggih bilih Lawang Sèwu punika dipundamel Hotèl. Wonten ing taun 2007 Lawang Sèwu punika dados "Lokasi Syuting Filem" ingkang irah-irahanipun sami kaliyan gedhongipun.

Lawang Sewu sakniki dados yasa pariwisata ingkang misuwur wonten datheng Kutha Semarang. Para tetamu ingkang plesiran saget mirsani kaindahan ornamen yasa Lawang Sewu.

Ing lantai setunggal, para tetamu saget mirsani ruangan ingkang isinipun dokumentasi sujarah pasepuran ing tlatah Indonesia kaliyan sujarah yasa niki. Banjur niku para tetamu saget mirsani undhak-undhakan kang minuju bunker sakmandhape gedhong. Bunker niki nembe dibuka malih ing tahun 2024. Ing lantai kapindho, para tetamu saget mirsani ruangan ingkang rumiyin dipunginakaken kanggo pesta utawi panggonan pèngêtan. ing lantai katiga, para tetamu saget nemuake setunggal ruangan ingkang ageng lan kagungan cêndhela.[8]

Potensi Pariwisata

[besut | besut sumber]
Tironan kahanan loket statsiyun ing jaman biyen.

Lawang Sewu minangka obyek wisata sujarah ingkang dipunbikak kanggo umum. Sapérangan gedhong lan plataran Lawang Sewu ing salebeting komplek punika saged dipunsewakaken kangge pameran, pemotretan, produksi video, festival, utawi acara kesenian. Wonten salebeting komplek Lawang Sewu menika inggih wonten saperangan gedhong, inggih menika Gedhung A, B, C, saha D. Gedhong A ingkang paling sepuh dipunrampungaken ing taun 1904. Gedhong B inggih menika bangunan utama, ingkang ngajengipun gedhong katingal saking Jalan Pemuda Semarang. Bangunan Gedhong C minangka bangunan tambahan, dibangun nalika taun 1916, lan wilayah tengah bangunan kasebut minangka plataran sing jembar.

Lawang Sewu nyuguhake tironan saking statsiyun ing jaman mbiyen. Tironan puniki ngelingaken para pelancong ingkang sampun sepuh. Tironan statsiyun puniki uga saget dados pendidhikan marang bocah cilik kanggo nduduhake kahanan nalika jaman biyen.

Para pelancong inggih punika saget mirsani Immersive Cinema ingkang diadakaken dening pihak pengelola Lawang Sewu. Immersive Cinema puniki nambahi pengalaman para pelancong wonten Lawang Sewu. Saklintune puniku, wonten pranata sorot lampu ingkang saget nambah kaendahan wonten sakubengipun bangunan.

Piranti keamanan kanggo pelancong pengunjung bunker

Manajer pengelola punika ngadakaken pariwisata "medeni" kanggo para pelancong ingkang remen marang acara "uji nyali". Pelancong saget ngerasakaken pengalaman ingkang benthen wonten ing sakjeroning Lawang Sewu tanpa migunakaken sorot lampu. Mangke pelancong namung sangu senter lan saget ngubengi Lawang Sewu ing tengah wengi. Dalu menika para pelancong dipunajak ngerasakake hawa "medeni" lan "mistis".

Bunker ing mandhapipun gedhong inggih punika dados salah sijine wahana wisata. Para pelancong saget mirsani kahanan sakjeroning bunker lan saget ngerti kawruh kahanan bunker nalika jaman biyen. Pangelola pariwisata nyediakake piranti keamanan ingkang lengkap kanggo jaga keamananipun tamu ingkang mudun wonten jero bunker. [3]

Wisata ing bunker Lawang Sewu

Para pelancong inggih menika saget migunakaken bangunan-bangunan khas plataran Lawang Sewu ingkang duweni model khas Eropa kanggo panggonan foto ingkang saget dipunlebetaken media sosial.[9] Potensi puniki menika saget nambahi daya tarik pengunjung ingkang mlancong datheng Kutha Semarang.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 semarang.go.id Archived 2011-06-25 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 28 Maret 2010)
  2. 1 2 Sejarah Archived 2010-08-30 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 28 Maret 2010)
  3. 1 2 "Ruang Bawah Tanah Lawang Sewu Dibuka Lagi setelah 10 Tahun, Ada Diskon Tiket 50 Persen". Tempo (ing basa Indonesia). 8 Desember 2024 | 06.00 WIB. Dibukak ing 2025-12-16. {{cite web}}: Check date values in: |date= (pitulung)
  4. 1 2 3 [pranala mati permanèn](diundhuh tanggal 28 Maret 2010)
  5. Sundoro, Danang (2025-12-21). "Lawang Sewu Dikunjungi 568 Ribu Wisatawan Sepanjang 2025". RRI.co.id. Dibukak ing 2025-12-22.
  6. Lawang Sewu (diundhuh tanggal 7 April 2011)
  7. Sejarah Lawang Sewu Archived 2011-05-01 at the Wayback Machine. (diundhuh tanggal 7 April 2011)
  8. "Lawang Sewu, Kemegahan Mutiara dari Semarang". Indonesia Kaya. Dibukak ing 2025-12-17.
  9. Permatasari, Septiana Devi (2025-10-01). "Destinasi Hits ala Gen Z di Semarang". RRI.co.id. Dibukak ing 2025-12-23.

Pranala njawi

[besut | besut sumber]