Lawang Sèwu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Lawang Sèwu ing wingking. Ing ngajeng katingal Tugu Pemuda

Lawang Sèwu punika satunggaling gedhong ing Semarang, Jawa Tengah tilasipun kantor Nederlands-Indische Spoorweg Maatschappij utawa NIS.[1] Dipunbangun ing taun 1903 lan rampung ing taun 1907. Dumunung ing bunderan Tugu Muda, ing jaman rumiyin dipunsebat Wilhelminaplein.[1] Masarakat kathah ingkang nyebat Lawang Sèwu (utawi ing Basa Indonésia tegesipun "seribu pintu"), amargi kathah kori lan cendhéla kang ageng lan wiyar. Nanging wonten ing kasunyatan saleresipun boten wonten satunggal èwu.[2] Gedhong kina lan éndah punika gadhah kalih "lantai".

Sajarah[besut | besut sumber]

Lawang Sèwu ing taun 1920-an
Lawang sewu ing taun 2011

Sasampunipun kamardikan gedhong punika dipun-ginakaken dados kantor Jawatan Kereta Api Indonésia (DKARI) utawi sapunika dipunsebat PT KAI.[2] Gedhong punika ugi naté dipun-ginakaken kanggé kantor Badan Prasarana Komando Laladan Militer (Kodam IV Diponegoro) lan ugi kantor wewengkon (Kanwil) Departemen Perhubungan Jawa Tengah. Wonten ing jaman perjuangan rumiyin gedhong punika gadhah cathetan piyambak, amargi dados seksi prastawa Pertempuran Lima Hari di Semarang.[3] Tanggal 14 Oktober-19 Oktober 1945 gedhong Lawang Sèwu punika dados papan panggènan pertempuran antawisipun pemudha Angkatan Muda Kereta Api (AMKA) nglawan Kempetai lan Kidobutai, Jepang.[3] Pramila Pamarentah Kitha Semarang kanthi SK Wali kutha 650/50/1992 ndadosaken Lawang Sèwu punika salah satunggaling yasan kina wonten ing tlatah Semarang lan kedah dipunlestantunaken.[3]

Kaanan Sapunika[besut | besut sumber]

Sapunika gedhong ingkang sampun langkung 100 taun punika boten kaginakaken lan dados gedhong ingkang wingit.[4] Nanging kala-kala dipunadani pameran, kados ta Semarang Expo lan Tourism Expo,[5] lan wonten ingkang gadhah pamanggih bilih Lawang Sèwu punika dipundamel Hotèl. Wonten ing taun 2007 Lawang Sèwu punika dados "Lokasi Syuting Filem" ingkang irah-irahanipun sami kaliyan gedhongipun.

Gladri[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b semarang.go.id(diundhuh tanggal 28 Maret 2010)
  2. a b Sejarah(diundhuh tanggal 28 Maret 2010)
  3. a b c [1](diundhuh tanggal 28 Maret 2010)
  4. Lawang Sewu (diundhuh tanggal 7 April 2011)
  5. Sejarah Lawang Sewu (diundhuh tanggal 7 April 2011)

Pranala njawi[besut | besut sumber]