Laksmi Pamuntjak punika lair saking keluwargi Minangkabau. Piyambakipun putri saking Mustafa Pamuntjak, salah setunggalipun juru rancang gedhung utawi arsitek. Kaprigelanipun nyerat dugi saking éyangipun, Kasuma Sutan Pamuntjak, salah setunggalipun redhaktur ing Balai Pustaka.[3] Pakaryan ingkang sampun kaanggit déning Laksmi Pamuntjak antawisipun, The Jakarta Good Food Guide 2008-2009, The Anagram, On God and Other Unfinished Things, Perang, Langit dan Dua Perempuan. The Diary of R.S.: Musings on Art, Ellipsis: Poems and Prose-Poems by Laksmi Pamuntjak, Goenawan Mohamad: Selected Poems, The Jakarta Good Food Guide 2002-2003, lan The Jakarta Good Food Guide 2001.