Kuburan Banyusumurup

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kuburan Banyusumurup ya iku kuburan kang mapan ing Dhusun Banyusumurup, Girireja, Imagiri, Bantul. Pernahé sakidulwétan Astana Imagiri[1]. Kuburan ini wiwitané kanggo ngubur Pangéran Pekik saka Surabaya, garwa, putra lan para pandhèrèké sawisé dipidana pati déning Amangkurat I tanggal 21 Fèbruari 1659. Saka 52 tetenger kang ana ing Banyusumurup, ana 32 kang gegayutan karo Pangéran Pekik, ya iku :[2]

  1. Pangéran Pekik
  2. Ratu Pandhansari
  3. Putrané Ratu kang isih cilik
  4. Pangéran Lamongan
  5. RAy Tyutang
  6. RAy Kleting Wulung
  7. RAy Jambul
  8. KGP Timur
  9. Pangéran Demang
  10. Ratu Lembah
  11. Radèn Kertanegara
  12. Singalesana
  13. Martapura
  14. Kertanadi
  15. Wangsakusuma
  16. Jagaraga
  17. Cakranagara
  18. Singarawa
  19. Janarutra
  20. Tama
  21. Pawira Tarung
  22. Hangggajaya
  23. Radèn Tanda
  24. Radèn Lamongan
  25. Kertapura
  26. Karyanegara
  27. Wirakusuma
  28. Irawangsa
  29. Wangsacitra
  30. Wirasari
  31. Arya Kusuma
  32. Atmaja Kusuma

Sawisé iku, Banyusumurup banjur katelah kanggo nguburaké wong-wong kang khianat, mbaléla utawa kraman marang panguwasa, luwih-luwih menawa isih kalebu sentana dalem.

Para tokoh kang banjur dikubur ing kéné antarané :

  • Rara Oyi, putri saka Surabaya kang sediyané kapundhut dadi garwa Amangkurat I, watara 1668-1670.[3]
  • Pangeral Silarong, disarekake taun 1669.[4]
  • Raden Kertonadi, Raden Kertonagara, Raden Wirakusuma lan Kyai Wanakusuma kang tiwas ing taun 1683. Kabeh gegayutan karo Panembahan Rama kang ngraman lan tiwas ing 1679.[4]
  • Raden Ayu Lembah, putri Pangeran Puger kang dadi garwane Amangkurat III, dicindhe amarga sesidheman karo Raden Sukra.[4]
  • Prawiradirja III kang didakwa kraman marang Walanda, 1810. Nanging kuburan Prawiradirja III dipindhah menyang Magetan ing taun 1957, kumpul karo kuburané Maduretna, garwané.[5]
  • Danureja II, diperjaya ing sajerone kraton Ngayogyakarta ing tanggal 28 Oktober 1811[6] banjur dipindhah menyang Mlangi ing 11 Mei 1865.[7]
  • Raden Tumenggung Danukusuma ramane Danureja II, diperjaya kanthi dijiret ing dalan nalika arep dikendhangake menyang Pacitan, 15 Januari 1812. Banjur dipindhah menyang Mlangi 27 November 1812.[7]
  • Pangeran Jayakusuma I lan putrane : Jayakusuma II lan Atmakusuma kang mbelani Pangeran Dipanegara. Gugur ing Dhusun Sengir, Kulon Praga, 21 September 1829 lan jaggane ditigas dening Tumenggung Cakrajaya banjur sirahe dikirim menyang Jenderal De Kock ing Magelang. Sirahe dikubur ing Banyusumurup[8] lan gembunge dikubur ing Sengir.[9]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Kesunyian di Lembah Makam Para Hukuman Raja - Tribun Jogja". Tribun Jogja (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2018-03-05.
  2. "Pangeran Pekik Korban Isu Konspirasi Pembunuhan Raja - Tribun Jogja". Tribun Jogja (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2018-03-14.
  3. "Roro Oyi, Kisah Tragis Gadis Surabaya di Tangan Amangkurat I - Tribun Jogja". Tribun Jogja (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2018-03-14.
  4. a b c "Archive copy". beritagar.id. Diarsip saka sing asli ing 2020-03-18. Dibukak ing 2020-03-18.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  5. "Awan Gelap dan Kilatan Petir Iringi Pemindahan Makam Raden Ronggo Prawirodirdjo III - Tribun Jogja". Tribun Jogja (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2018-03-05.
  6. R.,, Carey, P. B.; Bambang,, Murtianto,; Gramedia, PT. Takdir : riwayat Pangeran Diponogoro, 1785-1855. Jakarta. ISBN 9789797097998. OCLC 883389465.{{cite book}}: CS1 maint: extra punctuation (link)
  7. a b 1948-, Carey, Peter (Peter B.R.),; M., Udiani, Christina; (Jakarta), Koninklijk Instituut voor Taal-, Land-, en Volkenkunde (KITLV) (2011). Kuasa ramalan Pangeran Diponegoro dan akhir tatanan lama di Jawa, 1785-1855 / Jilid 1. Jakarta: KITLV-Jakarta. ISBN 9789799103932. OCLC 781656725.{{cite book}}: CS1 maint: extra punctuation (link) CS1 maint: numeric names: authors list (link)
  8. Carey, Peter (2017). Judul: Sisi Lain Diponegoro – Babat Kedung Kedo dan Historiografi Perang Jawa. Kepustakaan Populer Gramedia. kc. 151. ISBN 978-602-424-680-8.
  9. Media, Wisnu Wardhana - Harian Jogja Digital. "Makam Pangeran Joyokusumo Memprihatinkan". Harianjogja.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2018-03-22.