Rara Oyi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Rara Oyi utawa Rara Hoyi ya iku putri saka Demang Mangunjaya (jeneng Cina : Ma Oen) saka Surabaya.[1] Sunan Amangkurat I kang lagi duhkita amarga ditinggal séda garwané, Kanjeng Ratu Malang paring dhawuh marang mantri kapedhak, Nayatruna lan Yudakarti, kenya kang bisa dadi sesulih. Kaloroné banjur lumaku arah mangétan lan nemokaké kenya cilik ing pinggir Kali Mas, Surabaya. Rara Oyi anaké Mangunjaya, nayakané Pangéran Pekik. Rara Oyi banjur diboyong menyang Mataram lan déning Amangkurat I dititipaké Ngabèi Wirareja nganti Rara Oyi diwasa.

Pangéran Tejaningrat, putrané Amangkurat I kang dadi Adipati Anom kepincut marang Rara Oyi kang sejatiné bakal dipundhut garwa déning ramané. Pangéran Pekik (sumber liya nyebur Pangéran Purbaya amarga Pangéran Pekik wis tiwas ing tau 1659)[2] mbiyantu Adipati Anom anggoné nyuwun Rara Oyi saka Wirareja. Sanajan ora diilani, wusana Adipati Anom bisa nggawa Rara Oyi.

Amangkurat I kang pirsa kaanan kuwi banjur duka, ngukum sapa waé kang katut ing kedadéyan kuwi. Wirareja lan kulawargané dikendhangaké menyang Panaraga (nanging diperjaya ing tengah dalan). Adipati Anom dikon milih antarané urip karo Rara Oyi nanging ora bisa oleh panguwasa ing tembé, apa matèni Rara Oyi lan bisa lungguh dadi ratu. Wusana, Adipati Anom milih merjaya Rara Oyi lan ditundhung menyang alas Lipura. Déné jisimé Rara Oyi dikuburaké ing kuburan Banyusumurup, kacathet kanthi jeneng Kanjeng Ratu Mangkurat. Kedadéan iki udakara taun 1668- 1670 M.[3]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. 1952-, Sindhunata, (2007). Putri Cina. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama. ISBN 9792230793. OCLC 183179726.{{cite book}}: CS1 maint: extra punctuation (link) CS1 maint: numeric names: authors list (link)
  2. "Pangeran Pekik Korban Isu Konspirasi Pembunuhan Raja - Tribun Jogja". Tribun Jogja (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2018-03-15.
  3. "Roro Oyi, Kisah Tragis Gadis Surabaya di Tangan Amangkurat I - Tribun Jogja". Tribun Jogja (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2018-03-15.