Kim Dae-Jung
| Kim Dae-jung 김대중 | |
|---|---|
![]() | |
| Présidhèn Koréa Kidul 15 | |
| Linggih 25 Fèbruari 1998 – 25 Fèbruari 2003 | |
| Mahamantri | Kim Jong-pil Park Tae-joon Lee Han-dong Chang Sang Jeon Yun-churl Chang Dae-whan Kim Suk-soo |
| Kang sadurungé | Kim Young-sam |
| Kang sawisé | Roh Moo-hyun |
| Rerincèn dhiri | |
| Lair | 3 Dhésèmber 1925 Haui-do, (kini Jeolla Kidul), Koréa Kidul) |
| Pati | 18 Agustus 2009 (umur 83) Seoul, Koréa Kidul |
| Bangsa | Koréa Kidul |
| Parté pulitik | Millennium Democratic |
| Sisihan | Rhee Hee-hoh |
| Agama | Katolik Roma |
| Pemenang Bebungah Nobel Bedhamèn 2000 | |
Kim Dae-jung (Koréa: 김대중, lair ing Haui-do,(saiki Jeolla Kidul), Koréa Kidul, 3 Dhésèmber 1925 – pati ing Seoul,Koréa Kidul, 18 Agustus 2009 ing umur 83 taun) ya iku mantan présidhèn Koréa Kidul kang nampa bebungah Bebungah Nobel Bedhamèn nalika taun 2000.[1] Dhèwèké dadi wong pisanan saka Koréa kang nampa bebungah iku.[1] Penganut agama Katolik Roma wiwit taun 1957 iki dijuluki dadi "Nelson Mandela"-e Asia lan sawijining tokoh oposisi dhémokrasi nalika jaman papréntahan diktatur militèr.[2] Kim Dae Jung njabat dadi Présidhèn (nggenteni Kim Young-sam) nalika 1998-2003.[2] Kim lair ana ing Haui-do, Jeollanam-do, sawijining kepuloan kang ana ing wewengkon Koréa Kidul.[1] Dhèwèké lair saka pasangan wong tani sugih saka pulo Haui-do (baratdaya lepas pasisir Ujung Koréa) lan bakul.[1] Dhèwèké tau lumebu ana ing bisnis perkapalan dadi Présidhèn Direktur Dae Yang Shipbuilding.[1] Wiwit ngabung ana ing panggung pulitik nalika taun 1954, dhèwèké dikenal dadi pulitikus kang mesti lolos saka rajapati, penculikan, lan ukuman mati.[1] Kim tau dadi akuntan ana ing sawijining penerbitan pawarta lan miwiti tampil ana ing panggung pulitik wiwit taun 1961.[1] Nalika iku Kim dadi anggota parlemen lan lulus Universitas Koréa ana ing bisnis nalika taun 1964.[1] Dhèwèké lumebu ana ing pulitik sawisé ana kudeta militèr taun 16 Mèi 1961 marang Nayakotama John M. Chang.[1] Kudeta iku ngeterake Panglima Divisi II Angkatan Darat Mayjen Park Chung-hee dadi penguasa.[1] Taun 1975, Kim olèh ukuman dikunjara limang taun amarga nentang marang Yushin lan dibebasake nalika taun 1978.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f g h i j www.asianweek.com Kim Dae-Jung Archived 2007-06-08 at the Wayback Machine. (Short Asian Week biography)
- ↑ a b c Kim Dae-Jung Archived 2006-09-22 at the Wayback Machine. (Short CNN biography)
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
