Kerispatih
| Kerispatih | ||
|---|---|---|
Kerispatih kanthi formasi ingkang ènggal | ||
| Latar wuri | ||
| Lair | ||
| Taun aktif | 2003-sapunika | |
| Parusahan rekaman | PT Naga Swarasakti | |
| Situs resmi | http://www.kerispatih.com | |
| Anggota | ||
| Fandy Santoso (vokalis) Anton (drum) Arief (gitar) | ||
| Mantan Anggota | ||
| Sammy (vokalis) Badai (keyboard) Andika (bass) (meninggal dunia) | ||
Kérispatih inggih punika salah satunggalipun grup musik saking Indonèsia ingkang kawujud ing taun 2003.[1] Anggotanipun wonten gangsal cacahipun, inggih punika Badai, Anton, Fandy (minangka gantosipun Sammy), Arief, lan Andika.[1]
Kérispatih kadamel ing tanggal 21 April 2003 déning sekawan wiranèm mahasiswa Institut Musisi Indonésia, Arief, Badai, Andika, lan Anton.[1] Wiwitanipun damél band kanthi téma instruméntal etnik, ingkang dipun-gantos ing aransemen ingkang énggal.[1] Band punika pentas ingkang kapisanan ing adicara Farabi Sunday tanggal 22 April 2003.[1] Salajengipun grup punika ngajak Sammy mlebet dados vokalis ingkang satemenipun kanca ing kampus, ingkang kalebet salah satunggalipun finalis tigang dasa ageng Indonésian Idol I/2004, minangka vokalis.[1] Karir profésional ingkang sepisan dipunlaksanakaken sasampunipun damel manajemen band,ingkang ing wekdal samanten dipunatur déning Ingga Jaya Purda.[1] Sapunika Kerispatih ndhèrèk ing manajemen Bagot’z Productions. Kerispatih wiwit rekaman ing taun 2004.[1] Kerispatih ndhèrèk proyek album komplikasi Gulalikustik (dipunwedalaken September 2004), kanthi label PT Naga Swarasakti.[1] Kerispatih miyosaken album ingkang sepisanan kanthi irah-rahan Kejujuran Hati.[2] Lagu-lagu ingkang dipunrilis ing album punika inggih punika: "Kejujuran Hati", "Cinta Putih", lan "Lagu Rindu". Album punika angsal Platinum Awards ing taun 2006 lan angsal kanugrahan minangka Album Pendatang Baru Ngetop ing adicara SCTV Music Awards 2006.[2] Taun 2007, Kerispatih ngedalaken albumipun ingkang kaping kalih kanthi irah-irahan Kenyataan Perasaan, lan ngliris single ingkang kapisan ing album punika ingkang irah-irahanipun "Mengenangmu", lan dominasi tangga lagu Indonésia lan radio.[1] Sasampunipun ngliris "Mengenangmu" ingkang sukses, Kerispatih lajeng ngliris singel "Tapi Bukan Aku". Kerispatih ngliris album ingkang kaping tiga Sepanjang Usia.[1] Kerispatih ugi dherek ngregengaken ing album perdana Présidhèn Républik Indonésia kaping 6, Susilo Bambang Yudhoyono, kanthi nyanyi lagu ingkang dipunripta SBY kanthi irah-irahan Hening.[3]
Albums
[besut | besut sumber]- Gulalikustik (2004)
- Kejujuran Hati (2005)
- Kenyataan Perasaan (2007)
- Tak Lekang Oleh Waktu (2008)
- Semua Tentang Cinta (2009)
- Melekat di Jiwa (2011)
- DELAPAN (Accoustic Version) (2015)
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Situs resmi Archived 2011-08-16 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 1 Agustus 2011)
- 1 2 SCTV Music Award 2006 Garing dipunundhuh tanggal 1 Agustus 2011)
- ↑ Presiden SBY Bikin Album dipunundhuh tanggal 1 Agustus 2011)
Pranala njawi
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |