Kasultanan Ngayogyakarta ing wiwitan abad 19

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Prajanjèn Giyanti (1755) kang maro Mataram dadi Kasunanan Surakarta lan Kasultanan Ngayogyakarta bisa nglerem kaanan ing Tanah Jawa. Pangéran Mangkubumi kang jumeneng Sri Sultan Hamengkubuwana I bisa ndadèkaké nagara Kasultanan Ngayogyakarta bisa kuwat. Jumenengé Sri Sultan Hamengkubuwana II sasuruté Sri Sultan Hamengkubuwana I (1792) uga bisa kalakon kanthi ayem. Nanging, cacah sentana dalem kang ora sethithik bisa njalari anané prakara pulitik anyar kang ruwet. Sri Sultan Hamengkubuwana II kagungan 4 garwa padmi, 28 garwa ampeyan lan peputra 80. Saliyané iku, Sultan uga kagungan sedulur cacah 32.[1]

Nganti 2 windu jumeneng nata, kaanan ing Ngayogyakarta isih ayem. Nanging wiwit Daendels mandhégani papréntahan Indhia Nedherlan taun 1808, anané crah ing sajeroné kraton wiwit katon. Para sentana dalem padha duwé gegayuhan kang manéka warna lan padha nglumpuk karo sentana liya kang sarujuk. Pangéran Natakusuma, Tumenggung Natadiningrat (putrané) lan Ratu Kencana Wulan (garwa padmi Sultan) bebarengan karo Raden Rangga Prawiradirja III ing sak kelompok. Déné Patih Danureja II, Pangéran Adipati Anom lan Kapitan Cina Tan Jing Sing ing grup liya. Saliyané iku, uga ana Pangéran Mangkudiningrat kang uga kepingin kadhapuk dadi Adipati Anom.

Ing sepuluh taun kang kawitan nalika Hamengkubuwana II madeg ratu, prakara ing sentana dalem durung pati katon. Nalika ana salin pulitik kolonial ing taun 1808, ya iku nalika Daendels tinanggenah ing Jawa, lelawanan antaraning warga sentana dalem wiwit tuwuh. Sudarisman Purwakusuma ngarani Patih Danureja II minangka "dhalangé" prakara ing sajroné sentana dalem, kaya kang digambaraké Purwakusuma ing buku Kadipaten Pakualaman, ana rong péhak pokok ing njero kraton kang ingaran komplotan, ya iku péhak Pangéran Natakusuma kang wargané: putrané Tumenggung Natadiningrat, Ratu Kencana Wulan (garwané ampéyan kaping pindho Sultan Hamengkubuwana II), maratuwané Pangéran Natadiningrat (bésané Pangéran Natakusuma), lan Radèn Rangga Prawiradirja, Bupati Madiun lan mantuné Sultan Hamengkubuwana II. Péhak kapindho ya iku péhak Danureja kang wargané: Pangéran Adipati Anom utawa rajaputra lan Tan Jing Sing (kaptèn Cina Ngayogyakarta). Péhak liyané kang uga wigati ya iku péhak Mangkudiningrat kang uga putrané Sultan Hamengkubuwana II saka garwa ampéyan kang uga duwé kekarepan madeg ratu.

Danureja II duwe panganggep menawa Ratu Kencana Wulan kepingin duwe panguwasa kang gedhe, kanthi ndhapuk Natadiningrat mengku jabatan kang wigati, kaya ta dadi Wedana Kori kang sadurungé dicekel dening Danureja II. Kanthi mangkono, diajab Natadiningrat mbesuke bisa jumeneng dadi sesulih Sultan. Dene pehak Danureja II uga duwe alasan pulitik dhewe. Danureja ora trima wewenange dilongi. Saliyane iku uga ngugemi menawa wis ana putra dalem kang kapatah dadi Adipati Anom. Ndhapuk wong liya dadi Adipati Anom bisa ngrusak tatanan.

Saliyane pehak sajeronine kraton, isih ana uga Walanda-Prancis kang kudu diadhepi dening Kanjeng Sultan. Tumekane Daendels ing tanah jawa

ana candhake

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. others], penulis, H.Y. Agus Murdiyastomo [and five. Pangeran Notokusumo : hadĕging Kadipaten Pakualaman : sejarah Pakualaman. [Yogyakarta]. ISBN 9786020818092. OCLC 964698478.