Menyang kontèn

Jumprit

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Jumprit ya iku salah sawijininng papan wisata kang ana ing kabupatén Temanggung,[1] manggon ing Kacamatan Ngadireja udakara 28 km saka Kutha Temanggung.[2] Kawasan Jumprit manggon ing jalur strategis ya iku jalur Borobudur-Diéng, Semarang-Bandungan-Dieng, lan uga papan kang gampang di akses saka ngendi waé.[2] Panggonan iki ora mung mawakake wanawisata utawa wisata alas, nanging uga nekaake objek wisata alam kang nengsemaké.[1] Jumprit wiwit rame kawit taun 1980-an naika akèh para peziarah kang padha ziarah ing makame Ki Jumprit kang panggone ora adoh saka wanawisata Jumprit.[1] Papan iki kawentar amarga minangka papan kanggo njupuk banyu suci kang dienggo ing dina Waisak.[2] Para biksu mirunggan njupuk banyu suci saka Jumprit iki kanggo ritual adicara Trisuci Waisak.[3][4]

Umbul Jumprit

[besut | besut sumber]
Panggon Wisata ing Temanggung

Manggon ing antarané wit-witan, wujudé kaya candhi ing kraton Majapahit, ya iku yang diarani Umbul Jumprit.[5] Wangunan iki dikeramatake warga ing kiwa-tengené sanajan uga dimanfaatake kanggo kabutuhan saben dinane.[5] Banyu Umbul Jumprit ora naté garing, sanajan mangsa katiga, banyune tetep akèh, banyu Umbul Jumprit iku minangka tuk’e Kali Progo.[5] Amarga isih dianggep keramat, Umbul Jumprit asring dienggo ritual kaya ta kungkum lan méditasi, puncake ing dina Slasa Kliwon lan Jumat Kliwon.[5] Tujuane ya iku akèh, salah sijiné mbuwang siyal lan nglalap rejeki.[5] Jumprit uga dadi panggonan kang dianggep suci déning umat Buda.[5] Saben peringatan Waisak, telyung dina sedurunge para biksu nglakoni upacara njupuk banyu ing Umbul Jumprit.[5] Banyu Jumprit dipercaya bisa gawé awet enom, entheng rezeki, lan mbuwang siyal.[5]

Sajarah Jumprit

[besut | besut sumber]

Pamarintah Kabupatèn Temanggung ngresmekake papan wisata Jumprit ing tanggal 18 Januari 1987.[5] Jumprit wis ditulis ing Serat Centhini lan digandhengake karo legendane Ki Jumprit ya iku ahli nujume Majapahit.[5] Ki Jumprit diyakini minangka leluhure wong Temanggung sing ana ing kiwa-tengené Gunung Sindoro lan Sumbing.[5] Makame Ki Jumprit uga ora adoh saka Umbul Jumprit.[5] Saben dina akèh wong kang padha ziarah ing makame Ki Jumprit.[5] Nalika isih sugeng Ki Jumprit naté ngramalake yèn Temanggung bakal dadi laladan sing makmur, lan iku kabukti amarga saiki Temanggung makmur saka komoditas mbakone.[5]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c Situs Kabupatèn Temanggung
  2. a b c "Jumprit Temanggung". Diarsip saka sing asli ing 2011-07-21. Dibukak ing 2011-03-29.
  3. "Umbul Jumprit, Memasuki Masa Lalu". Diarsip saka sing asli ing 2011-03-15. Dibukak ing 2011-03-29.
  4. PENGAMBILAN AIR DI UMBUL JUMPRIT AWALI WAISAK 2549(diundhuh tanggal 7 April 2011)
  5. a b c d e f g h i j k l m n Jumprit Sejarah Dan Legenda