Jakob Soemardjo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Jakob Soemardjo

Jakobus Soemardjo utawi ingkang misuwr kanthi nama Jakob Sumardjo inggih salah satungaling sastrawan Indonésia. Jakob Sumardjo miyos ing Klathèn, Jawa Tengah, ing tanggal 12 Agustus 1939.

Biografi[besut | besut sumber]

Jakob Sumardjo miyos ing Jombor, Danguran, Klaten, Jawa Tengah. Piyambakipun naté sekolah ing SD/ SR Kanisius Klaten saking kelas 1 ngantos kelas 4, lajeng pindhah wonten ing SD Kanisius Kota Baru, Yogyakarta saking kelas 5 dumugi kelas 6. Piyambakipun pindhah awit ndhèrèk tiyang sepuhipun ingkang dalem ing Yogyakarta wiwit taun 1950. Lajeng piyambakipun nerasaken sekolah ing sekolah Guru Bantu BOPKRI, lan wiwit taun 1962 piyambakipun pindhah dhateng Bandung nanging sadèrèngipun nerasaken kuliah kanggé pikantuk gelar sarjana mudha wonten ing IKIP Sanata Dharma Yogyakarta ngantos taun 1962, lajeng nerasaken sarjana sajarah ing IKIP Bandung utawi ingkang sak punika gantos nama dados UPI Bandung ngantos lulus taun 1970.[1] Jakob Sumardjo sampun remen nyerat wiwit alit, lan sak punika dados pujangga lepas babagan kritik sastra saha artikel- artikel babagan kabudayan ing sadhengah médhia cithak, kados ta, Kompas, Pikiran Rakyat, Suara Karya, Berita Buana, Suara Pembaruan, majalah Prosma, majalah Basis, majalah Horison, majalah Budaya Jaya, lan sapanunggalanipun. Kajawi dados pujangga, Jakob Sumardjo ugi remen ningali filem saha dados anggota Forum Film Bandung wiwit taun 1987. Piyambakipun ugi sampun naté mucal dados guru ing SM St. Angela, Bandung, saha Akademi Seni Jogèd. Piyambakipun wiwitan mucal dados dhosèn ing ASTI/STSI wiwit taun 1980 lan sak punika piyambakipun sampun dados guru besar ing universitas wau. Kajawi punika, piyabakipun ugi mucal ing FSRD ITB, UPI, IKJ, saha Universitas Parahyangan wonten ing mata kuiah Filsafat Seni, Antropologi Seni, Sajarah Teater, saha Sosiologi Seni. Jakob Sumardjo inggih nganut agami Katulik, gadhah satunggal garwa, Jovita Siti Rochma, saha 4 putra. Piyabakipun inggih kalebet pujangga ingkang produktip, ugi minangka kritikus ingkang misuwur ing Indonésia.[2]

Tokoh Filsafat[besut | besut sumber]

Jakob Sumardjan ugi misuwur minangka salah satunggaling pelopor kajian filsafat ing Indonésia. Karier kefilsafatanipun dipunwiwiti nalika piyambakipun nyerat wonten ing kolom ing harian KOMPAS, Pikiran Rakyat, Suara Karya, Suara Pembaruan saha majalah Prisma, Basis, lan Horison wiwit taun 1969. Buku-bukuipun ingkang mirunggan ngrembag babagan Filsafat Indonésia inggih punika: Menjadi Manusia (2001), Arkéologi Budaya Indonésia (Yogyakarta: Penerbit Qalam, 2002, ISBN 979-9440-29-7), saha Mencari Sukma Indonésia: Pendataan Kesadaran Keindonesiaan di tengah Letupan Disintegrasi Sosial Kebangsaan (Yogyakarta: AK Group, 2003).

Asiling Karya[besut | besut sumber]

Sumardjo sampun kathah nyerat buku, ing antawisipun kanthi irah- irahan, Sastra dan Masyarakt Indonésia, ingkang dipunwedalaken déning penerbit Nurcahya, Yogyakarta ing taun 1979, Novèl Populer Indonésia ing taun 1981, Segi Sosiologi Sastra Novèl Indonésia (Pustaka Prima, 1980), Pengantar Novèl Indonésia, (Unipress, Jakarta, 1984), saha Dari Khasanah Tejemahan, (Alumni, Bandung, 1985).

Penghargaan[besut | besut sumber]

Sumardjo, ingkang ados Guru Besar Sekolah Tinggi Seni Indonésia (STSI) Bandung punika, ing tigang taun urut-urutan, pikantuk anugerah kabudayan saking Mantri Kebudayaan dan Pariwisata saking tigang esainpun ingkang dipunserat., inggih punika: “Kaula Gusti” ing taun 2004 ingkang seratanipun kapacak wonten ing Pikiran Rakyat, lajeng esai kanthi irah-irahan “Kebanggan Bernama Indonésia” ing taun 2005, saha “Amarah” ing taun 2006, ingkang kapacak wonten ing ariwarta Kompas. Kajawi punika, seratanipun ingkang kanthi irah-irahan “Trias Politika Sunda” ingkang kapcak wonten ing Pikiran Rakyat ugi mlebet nominasi.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. [1] Penulis Jakob Sumardjo (dipunundhuh tanggal 22 Januari 2013)
  2. [2] Jakob Sumardjo: Peraih Tiga Anugerah Kebudayaan (dipunundhuh tanggal 22 Januari 2013)