Menyang kontèn

Paus sperma

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Iwak paus sperma)
Paus Sperma[1]
Perbandingan ukuran dengan manungsa
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Ordho: Cetacea
Subordho: Odontoceti
Famili: Physeteridae
Génus: Physeter
Spésies: P. macrocephalus
Jeneng binomial
Physeter macrocephalus
Linnaeus, 1758
Wewengkon penyebaran Paus Sperma (diwarnai biru)
Sinonim
Physeter catodon Linnaeus, 1758

Physeter australasianus Desmoulins, 1822

Paus Sperma (Physeter macrocephalus) inggih punika kéwan paling ageng ing kelompok paus bergigi ugi minangka kéwan bergigi paling ageng ing jagad. Paus punika dipunsukani nama amargi bahan putih susu spermaceti ingkang wonten ing sirahipun, saha nalika wiwitani dipunduga minangka sperma. Sirah Paus Sperma ingkang ageng saha wujud sadayanipun bènten, katambahan malih wonten ing novèl Moby-Dick ingkang dipunserat déning Herman Mellville, damel paus punika misuwur minangka paus arketipe (archetype).

Sapérangan amargi Melville, Paus Sperma asring dipungayutaken kaliyan Leviathan semi mistis saking cariyos-cariyos Alkitab.

Paus Sperma rumiyin ugi dipunkenal minangka Common Cachalot'

Deskripsi pisik

[besut | besut sumber]

Ciri khas saking Paus Sperma inggih punika sirahipun ingkang ageng, langkung malih ingkang lanang, limrahipun saged dumugi sepertiga saking dawa badanipun. Nama spesiesipun piyambak macrocephaluss kapendhet saking basa Yunani kanggé "Sirah ageng". Benten kaliyan kulit lunyu ingkang dipungadhahi déning sapérangan ageng paus sanèsipun, kulit pérangan wingking paus sperma limrahipun "berkedut". Paus Sperma gadhah warni klawu, éwadéné sawatawis wekdal katingal coklat nalika wonten ing ngandhap cahyaning srengéngé ("Great White Whale" wonten ing novèl Melville, éwadéné wonten, mbok manawi punika albino). Boten kagét manawi polo Paus Sperma minangka polo paling ageng saha paling abot tumraping sadaya kéwan (bobotipun rata-rata 7 kg ing paus lanang diwasa). Nanging, polo Paus Sperma boten ageng sanget manawi kabandhingaken kaliyan ukuran badanipun.

Bolongan pernapasan (blowhole) dunungipun caket kaliyan pérangan ngajeng sirah lan condhong mangiring (manawi dipuntingali saking sisih ingkang sami kaliyan paus). Punika nedahaken ciri-ciri hembusan tumuwuh ingkang gamblang pinuju sisih ngajeng. Sirip wingkingipun dumunung antawis kalih pertiga saking andhap balung belakang saha limrahipun cekak lan wujudipun segitiga sama kaki. Flukeipun ugi awujud segitiga lan kandel sanget. Flukeipun kaangkat inggil-inggil saking toya sadéréngipun paus nyilem.

Paus Sperma gadhah 20-26 pasang untu kerucut ing rahang andhapipun. Saben untu bobotipun saged dumugi satunggal kilogram. Asal wujud untu punika boten dipunmangertosi kanthi pesthi. Dipun pitadosi bilih untu-untu mau boten dipunprelukaken kanggé nedha sotong, déné wonten Paus Sperma alasan ingkang séhat lan cekap nedha éwadéné boten gadhah untu. Konsensus para ilmuwan jaman punika inggih untu-untu mau mbok manawi dipun-ginakaken ing papranganing antawis paus lanang ing spésies ingkang sami. Hipotesis punika "konsisten" kanthi untu ingkang wujudipun kerucut lan arang-arang. Untu ingkang déréng sampurna ugi wonten ing pérangan rahang inggil, nanging untu mau boten asring thukul saha katingal ing lambé.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Mead, J. G.; Brownell, R. L. Jr. (2005). "Order Cetacea". Ing Wilson, D. E.; Reeder, D. M. (èd.). Mammal Species of the World: A Taxonomic and Geographic Reference (édhisi ka-3). Johns Hopkins University Press. kc. 723–743. ISBN 978-0-8018-8221-0. OCLC 62265494.