Menyang kontèn

Ibu Kasur

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Perangko ingkang gambaripun Bu Kasur

Sandyah utawi ingkang kawentar kanthi asma Bu Kasur (Miyos ing Batavia, Hindia Belanda, 16 Januari 1926 – Séda ing yuswa 76 taun, ing Jakarta, 22 Oktober 2002). Bu Kasur minangka anak pambarep saking Pak Santoso. Sakmenika Bu Kasur Gadhah adhi sekawan inggih punika Oerip, Koestari, Moer lan Prajiman.[1]

Mangsa Enèm

[besut | besut sumber]

Bu Kasur ngangsu kawruh wonten ing 1 Ste Gov Mulo ing Batavia (SMP Negeri 1), samangsa sekolah, piyambakipun tumut latian pramuka Segitiga Biru (Pradvinder De Blauwe Driehoek). Bu Kasur kalebet siswa ingkang aktif tumut Pramuka minangka mata pelajaran ekstrakurikuler ingkang dipunwontenaken ajeg saben dinten Sabtu sonten. Kegiatan ingkang dipunlampahi ing Pramuka antawisipun rerembugan antawis siswa, sinau dansa, lan sinau nyanyi. Ing wekdal mudhanipun Bu Kasur, Perang Dunia II dumadi lan Jepang melebet wonten Indonesia, saha dadosaken rusuh amargi Jepang punika nutup sekolah-sekolah ing Indonesia. Dipuntutup sekolah dèning jepang punika andadosaken Bu Kasur lan kaluwarga ngungsi ing Bandung. Nalika kahanan sampun aman malih, Bu Kasur ngalajengaken sekolah ing Bandung, wonten ing SMT (Sekolah Menengah Tinggi). Ing mangsa Jepang tiyang wadon punika kedah nyambut damel. Bu Kasur nyambut damel minangka pegawai Priangan Syuchokan. Dedamelanipun Bu Kasur inggih punika nyathet mlebetipun lan medalipun arta. Wonten papan padamelanipun Bu Kasur panggih kaliyan guru nyanyi nalika taksih sekolah ing Bandung lajeng simah ing tanggal 29 Juli 1946. Bapak Soeryono ingkang asring dipuntimbali Pak Soer, kawentar kanthi asma Pak Kasur anjalari Sandayah ugi kawentar mawi asma Bu Kasur.[1]

Mangsa Simah

[besut | besut sumber]

Salintunipun nyambut damel dados pegawai Priangan Syuchokan, sasampunipun simah Bu Kasur nyambut damel minangka penterjemah film saking basa Walandi ing basa Indonesia. Kasil saking penterjemah, Bu Kasur pikantuk arta kathahipun Rp. 60.000,00 saben film. Ing dalem pakaryanipun, Bu Kasur kathah sinau saking Pak Kasur. Piyambakipun sinau caranipun ngulang dados dwija, angripta tembang, sarta adamel artikel kagem dipunamot ing Mas Media. Kamangka boten punika kemawon, wontening kalodhangan lintu, Pak Kasur ugi asring ngakèn Bu Kasur kagem anggatosi piyambakipun ngurus acara Panggung Gembira ing RRI.

Bèntenipun yuswa antawis Bu Kasur kaliyan Pak Kasur andadosaken Bu Kasur langkung kathah ngudi kawruh wonten garwanipun. Sawalikipun ugi, Pak Kasur minangka garwa kakung tansah njagi lan sarèh anggenipun nggula wenthah Bu Kasur ingkang langkung enèm. Ing warsa 1965 Pak Kasur sacara boten resmi ambuka sekolah Taman Kanan-Kanak Mini lan piyambakipun maringi kawenangan tumrap Bu Kasur kagem nglampahaken TK punika. Taman Kanan-Kanak Mini punika dipunresmikaken wonten ing taun 1967 lajeng ing dalem lumampahipun wekdal gantos dados Yayasan Setia Balita.

Taman Kanak-Kanak Mini kasebut mapan wonten ing Margi Cikini V No. 3 Jakarta Pusat, siswa ingkang dhaptar saking mawerni-warni dhaérah. Kagem nyaguhi panyuwunan saking tiyang sepuh wali siswa mangka Pak Kasur ambuka cabang ing dhaérah Pasar Minggu, Cipinang Indah lan Kemang Pratama. TK Mini gulanganipun Bu Kasur kasebut dipunpantha dados tigang tingkat, inggih punika kelas Parkit kagem siswa yuswa tigang taun, Kelas Kutilang kagem siswa yuswa sekawan taun, lan kelas Céndrawasih kagem siswa yuswa gangsal taun.

Ing Dalem nggegulang para siswa, Bu Kasur tansah ngetrepaken sipat ajeg utawi dhisiplin. Salintunipun punika, Bu Kasur ugi tansah undang-undang tiyang sepuh wali siswa supados saged rawuh ing sekolah. Kanthi mekaten tiyang sepuh wali siswa ugi saged mangertosi cara nggulawenthah yoganipun. Bu Kasur ngginakaken cara pendekatan mawi kakaluwargan ing TK Mini.

Wonten ing wekdal lodhangipun, Bu Kasur ugi tansah saged tumindhak menyang nagari manca minangka undhangan saking kathah tiyang. Padamelan ing mrika ingkang dipunayahi déning Bu Kasur antawisipun dados pambicara ing seminar-seminar utawi nepangaken mawerni jinising alat musik saking Indonesia kadosta angklung. Negara ingkang naté dipunpugi inggih punika Jepang, Binna, Itali, Thailand, Stockholn, Singapura lan lintunipun.[1]

Mangsa Sepuh

[besut | besut sumber]

Wonten ing Jemuwah dalu, 26 Juni 1992, Pak Kasur seda.[2] Sedanipun Pak Kasur boten adamel gegayuhan ingkang dados pangangen-angen Bu Kasur lan almarhum tumut seda. Mangsa-mangsa sepuhipun Bu Kasur dipunginakaken kagem terus adamel karya. Karya ingkang dipundamel inggih punika adamel buku cerita lan nata kumpulan tembang bocah-bocah kang dèn riptakake Pak Kasur. Punika minangka tandha katresnanipun Bu Kasur tumrap garwanipun ingkang sampun seda lan gegayuhanipun ingkang ageng. Rencana ageng saking Bu Kasur inggih punika damel konser tembang bocah. Kanthi mekaten dipunpangajab lare-lare alit ing Indonesia tansah ngertos lan remen kaliyan alat-alat musik.

Rerékan ingkang dipunlampahi déning Bu Kasur kagem kawigatosan tuwuh lan rembakakaken tuladha becik tumrap siswa utaminipun lare alit pikantuk wigati saking pamréntah. Wonten ing tanggal 27 Oktober 1992 Bu Kasur pikantuk anugerah minangka tandha kaurmatan arupi Bintang Budaya Parana Dhanna d’art  saking Pamerèntah RI linangkung Menteri Pendidikan dan Kebudayaan, Fuad Hassan. Salintunipun penghargaan kasebut, piyambakipun ugi dipundadosaken minangka salah satunggalipun 21 "Kartini". Bu Kasur ugi naté nampi penghargaan saking Menteri Penerangan, Harmoko ing dalem satunggalipun Semiar. Bu Kasur ing mangsa sepuhipun tansah aktif minangka pangisi acara lare alit "Hip-Hip Hura-Hura" wonten ing Rajawali Citra Televisi Indonesia (RCTI).[1]

Wonten ing dinten Selasa 22 Oktober 2002 Bu Kasur seda ing Jakarta.[3] Piyambakipun seda ing yuswa kaping 76 taun. Saderengipun seda Bu Kasur kènging sakit Stroke. Dinten Rabu, jenazah Bu Kasur badhe dipunkubur wonten ing pemakaman Kaluwarga Kaliori ing Purwokerto, Jawa Tengah. Bu Kasur dipunkubur ing sisihipun ingkang garwa kakung, Soerjono, ingkang lang kung rumiyin séda. Almarhumah séda ninggal gangsal putra lan kalih welas putu. Saderengipun tutup yuswa, Ibu Kasur taksih kasil nyembadani pangajeng saking garwa jaleripun, Pak Kasur, inggih punika adamel film bocah-bocah. Bu Kasur kaliyan setunggal produser ngrangkep juru kamera, Syamsudin, satemah kasil damel film kanthi irah-irahan ''Amrin Membolos''.[4]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b c d Ibrahim, Muchtaruddin, DKK. (1999). ENSIKLOPEDI TOKOH KEBUDAYAAN IV. Jakarta: Proyek lnventarisasi dan Dokumentasi Sejarah Nasional Direktorat Sejarah dan Nilai Tradisional Direktorat Jenderal Kebudayaan Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. Edisi 1999. kc. 6–11.
  2. Teguh, Irfan (2018-07-23). "Pak Kasur dan Bu Kasur Mendidik Anak Indonesia". tirto.id. Dibukak ing 2019-04-27.
  3. "Ibu Kasur Telah Tiada". liputan6.com. 2002-10-23. Dibukak ing 2019-04-27.
  4. "5 Pencipta Lagu Anak-anak yang Pernah Berjaya di Indonesia". kumparan.com. 2018-03-09. Dibukak ing 2019-04-27.