Ibadah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ibadah utawa Ibadat iku sawijining tembung kang dijupuk saka basa Arab. Maknané ya iku:

  1. lelaku utawa pratélan bekti marang Gusti Allah utawa Tuhan kang didhasari déning paugeran agama.
  2. kabèh usaha lair lan batin miturut préntah agama kang kudu dituruti pameluké.
  3. upacara kang magepokan karo agama.

Ibadah miturut Al Quran[besut | besut sumber]

Pangertèn ngibadah bisa tinemu liwat pemahaman:

  1. Kasadharan nganut agama duwé konsekwènsi manungsa kudu ngawula marang Pangéran. Sajeroning ajaran Islam manungsa iku diciptakaké kanggo ngawula marang Allah, utawa nglakoni ngibadah marang Allah (Adz-Dzaariyaat QS. 51:56).
  2. Manungsa kang nglakoni urip ngayahi ngibadah marang Allah iku ora liya manungsa kang ana ing shiraathal mustaqiem utawa dalan kang lempeng (Yaasiin QS 36:61)
  3. Déné manungsa kang ngugemi marang apa kang diwahyokaké Allah, mula dhèwèké ana ing shiraathal mustaqiem utawa dalan kang lempeng (Az Zukhruf QS. 43:43).

Kanthi mangkono apa kang karan manungsa urip ngayahi ngibadah marang Allah iku manungsa kang sajeroning nglakoni uripé tansah ngugemi wahyu Allah. Dadi pangertèn ngibadah miturut Al Quran ora mung kawates marang apa kang karan ngibadah mahdhah utawa Rukun Islam waé, nanging cukup jembar ing sakabèhing aspèk kauripan lan anané wahyu Allah kang kanggo paugeran. Ibadah minangka pangabektine manungsa marang Allah, konsekuensi saka tauhid rububiyah kang wajib diugemi saben wong Islam. Pangibadahan kang wujud laku ritual (ngibadah mahdhoh) kaya ta salat, jakat, wudhu/sesuci, pasa, kaji, umroh, mragad kéwan lan kurban kabèh wis ana aturane ing al-Quran lan hadis sakabehane sahengga anggoné manungsa nglakoni pangibadahan-pangibadahan iku mau ora kena nambah, nyuda, ngowahi wilangan, wektu, urutan, sipat, wacan, tatacara lang panggon kang wis diterangake. contoné:

  • Salat magrib cacah rekangate ana telu, ora kena ditambahi dadi papat utawa disuda dadi loro rekangat
  • wayahe salat magrib ya iku sawisé sumurupe srengéngé nganti ilange teja ing langit sisih kulon, ora kena kaleksanakake ing wektu ésuk utawa awan
  • salat magrib kaleksakake sadurungé salat isya, mula sanajan disalat jamak karo salat isya, salat magrib tetep kaleksanakake sadurungé isya
  • wacan salat migunakaké basa arab, mula ora sah manawa salat kanthi wacan basa jawa utawa basa saliyané arab
  • nalikane salat, kaanan awak kudu suci lan salat katindakake kanthi tatacara kang wis tetep
  • kaji kaleksanakake ing kutha Mekah ing sasi Besar/Dzulhijah, ora bisa kaleksanakake ing wektu lan papan liya.

Tumindak ngowahi, nambah utawa nyuda tatacaraning ngibadah diarani laku bid'ah.

Syarat tinampane ngibadah ing ngarsane Allah[besut | besut sumber]

Allah paring dhawuh ing Surat al-Kahfi: 110 Sopo wonge kang ngarep-arep ketemu Pangerane mula dhèwèké kudu anglakoni ngamal kang sholeh lan ora nyekuthokake Panjenengane kelawan apa baé ing dalem ngibadah Imam Ibnu Katsir anggoné paring tapsir marang ayat iki nerangake manawa amal sholeh ya iku sarengat kang den tetepake Allah, lan ora nyekuthokake Allah ya iku amalan diniyatake kanggo golèk wajah Allah, yo iki karo-karone rukun amal kang bakal tinampa ing ngarsane Allah (delengen Tapsir al-Qur’an al-’Azhim [5/154]) Mengenal Hakekat ibadah Archived 2012-08-05 at the Wayback Machine. Saka keterangan ing nduwur, syarat tinampane ngibadah ana loro, ya iku:

  1. kaleksanakake miturut sarengat, lan
  2. ikhlas