Hestia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Cithakan:Infobox déwa Yunani Ing mitologi Yunani, Hestia (Yunani: Ἑστία) inggih punika dewi perapian, lan kulawarga. Hestia inggih punika bocah saking kulawarga Kronos lan Rhea. Hestia nampi persembahan kawiwitan ing sabén ritual ing dalém. Tungku perapian mnéika panggénan suci kanggénipun. Piyambakipun dipungambarakén dados perempuan prasaja ingkang berkerudung. Piyambakipun linggih ing singgasana kayu polos kaliyan bantal wol pethak.[1] Orakel Delfi wiwiti mnéika panggénan suci Hestia sakdéréngè dipunpéndhét alih déning Apollo. Ing Mitologi Romawi, piyambakipun dipuntepang minangka Vesta, dewi ingkang ugi nglambangakèn perapian. Mbotèn kathah informasi nganggo Hestia ing mitologi lan satra kino ananging Hestia (lan Vesta) mnika dewi ingkang wigati ing kabudayan Yunani lan Romawi kino.

Pemujaan[besut | besut sumber]

Hestia dipunhormati déning déwa utawi manungsa. Piyambakipun dipunsembah ing pundhi-pundhi, amargi perapian wonten ing saben griya lan kuil. Saben kutha ngadahi perapian umum in geni dipunjagi lajeng nyala. Geni saking perapian kasebu ndhèrèk dipunbeta manawi penduduk kutha badhé madekake énggal.

Tiyang-tiyang ing masa kino, manawi ngawontenaken jamuan madang, badhé nyembahaken kalih penuangan anggur kanggé Hestia. Penuangan kawiwitan inggih punika kanggé miwiti jamuan lan ingkang satunggaling malih kanggé mungkasi acara. manawi badhé nglampahi daharan sami-sami , kulawarga badhé buang swkedhik persembahkan ing perapian lan nyekaraken lagu kanggé Hestia. manawi salah satunggaling bayi sampun dipunparingi asma, bayi mau dipunbeta ing cerak perapian lan dipundongani supados angsal berkah saking dewi Hestia.[2]

Ing mitologi[besut | besut sumber]

Cithakan:Templat:Déwa Dewi Yunani Hestia inggih punika salah satunggaling bocah ingkang dipuntelan déning ramanipun, Kronos. Manawi Kronos muntahaken malih sadaya putranipun amargi ramuan Zeus, Hestia inggih punika ingkang pungkasan dipunmedalaken. Manawi makaten piyambakipun inggih punika putra kawiwitan (saking Rhea) punika putra pungkasan (saking Kronos).

Saksampune perang Titanomakhia, Hestia ngensika ing saudara-saudaranipun manawi piyambakipun gadhah kekarepan dados perawan. Hestia lajeng sumpah ing inggil mustaka Zeus manawi piyambakipun boten badhé gegayutan pernikahan lan boten badhé tersentuh hasrat cinta lan sèksual. Miturut kaum Fasti, penyair Ovid nyerat manawi Hestia naté kemawon dipunperkosa déning Priapos, putra Dionisos lan Afrodit. Ing salah satunggaling dinten Hestia lan para déwa tilem sasampunipun dahar sami-sami. Priapos ngendap-endap nyeraki Hestia. Hestia terbangun lan mersani manawi Priapos punika nindihipun. Hestia njerit sanget keras lan Priapos pun kaweden.[2]

Ing mitologi Romawi[besut | besut sumber]

Artikel baku: Vesta

Bangsa Romawi nepangi Hestia minangka dewi Vesta. Kangge tiyang Romawi, piyambakipun inggih punika dewi griya tangga ingkang amat wigati. Kuilipun manggèn ing Palatine ing Roma, panggènan para perawan Vesta nglampahi pembakaran geni suci kanggenipun.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Graves, Robert. "The Palace of Olympus". Greek Gods and Heroes. 
  2. ^ a b Joe, Jimmy. "Olympians". Timeless Myths. Dijupuk 15 April 2010. 

Rujukan[besut | besut sumber]

  • Burkert, Walter, 1985. Greek Religion (Harvard University Press)
  • Kerenyi, Karl, 1951. The Gods of the Greeks
  • Stephenson, Hamish, 1985. "The Gods of the Romans and Greeks" (NYT Writer)

Pranala njaba[besut | besut sumber]