Hartono

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Hartono yaiku pengrajin tas gitar saka Dk. Kembangan Ds. Mancasan Kec. Baki Sukoharjo, Jawa Tengah. Hartono ( lair ing Kambangan, Sukoharjo, 24 April 1970 ) umure 48 taun, duwe bojo kang jenenge Tumiyem umure uga 48 taun, duwe anak 2 jenenge Esti Umi umure 27 taun lan Tiara Harmilawati umure 19 taun, uga wis duwe putu 2. Pendidikan Hartono ana ing SD N Ngrombo, Kecamatan Baki, Sukoharjo dheweke uga tau sekolah ing Sekolah Teknik Negri 8 Solo.

Pagaweyan[besut | besut sumber]

Sadurunge usahane terkenal, Hartono wis nglewati werna-werna alangan, yaiku saka Hartono tau kerja ing pabrik gitar kang duweni merek ing Bogor Jawa Barat lan pabrik gitar kang wis terkenal ing Jakarta nganti gawe usaha gitar dhewe ananging usahane kui tau gulung tikar utawa bangkrut amarga rega bahan munggah lan adol-adolane medun. Sabanjure gulung tikar Hartono mutusake yen arep merantau ing Kalimantan Timur menyang perusahaan Tambang Batu Bara. Ing Kalimantan Hartono betah namung 3 sasi lan gaji saka Tambang Batu Bara kui mau di tabung lan kanggo tambah modal usaha. Banjur Hartono bali kampung lan ngembangake usaha kang wis di rintis Tumiyem saka taun 1995, Tumiyem kerja melu Salimin ( almarhum ) tangga sing dhuweni usaha tas gitar, wektu roda bisnis panggone kerja mudun sakwise di tinggal Salimin banjur Tumiyem bukak usaha tas gitar dewe lan idep-idep kanggo modal tambahan. Jeli delok peluang lan tabu kanggo nyerah, 2 kui di dadiake mantra Hartono sakwise bangkrut wektu krisis ekonomi taun 1998. wektu tangga kampunge Hartono rata-rata gawe gitar dheweke mutusake gawe tas gitar.

Ruangan omah bagian ngarep ukurane kira-kira 10 meter x 6 meter ing Dk. Kembangan Ds. Mancasan Kec. Baki Sukoharjo, Jawa Tengah. Dina Jum'at tanggal 9 November 2018 esok nampak rame. para pakerja nampak nyelesaiake macem-macem tas gitar lan macem-macem bahan lan model kanggo tas gitar. Tas-tas jinis softcase kui digawé saka bahan kain sintesis 600 D utawa denier. Sing paling umum di gunakake kanggo tas ransel, ana uga tas gitar saka bahan kulit imitasi utawa tiruan. Sadurunge gawe tas gitar Hartono lan Tumiyem uga tau geluti usaha gawe gitar kaya kabèh tangga-tangga kampunge. Kemampuan kui otodidak utawa langsung iso saka bapake, Minarto (almarhum). Sadurunge Hartono lair, Minarto sempet kerja ing panggon gawe gitar ana ing Semanggi, Solo. Sabanjure kui Minarto gawe usaha gitar dewe ing omah yaiku ing Kembangan, Mancasan. Dheweke uga nerima pesenan tas gitar saka pemusik keroncong, tanpa akeh alangan Hartono bisa menuhi panjalukane konsumen. Ora namung tas gitar Hartono uga gawe tas keyboard.

Hartono lan Tumiyem fokus ing usahane kui, dhisik Tumiyem namung gawe tas gitar sing sederhana banget. Kreativitas Hartono kanggo ngembangake usaha tas gitar saiki tambah kasil. pesenan-pesenan uga akeh banget kira-kira 23-25 lusin saben dina ananging biasane namung bisa gawe 20 lusin saben dina. Hartono wis meroduksi kurang luwih 25 model lan ukuran tas yaiku tas gitar akustik, tas gitar elektrik, tas gitar ukulele, lsp. Alon-alon usaha tas gitar Hartono saya ngembang, saka 1 mesin jahit dadi 16 mesin jahit. 8 mesin jahit di seleh ing omahe Hartono lan 8 mesin jahit liyane diselehake marang omahe buruhe Hartono supaya bisa lembur ing omahe dhewe-dhewe.

Pangajab[besut | besut sumber]

Pangajab utawa karepan usaha iki janjiake, amarga persaingane luwih sithik. Amarga ing usahane kui Hartono emoh janjiake marang pelanggane yen mengko ora pas waktu dadiake barang malah ngecewake. Tas gitar hasil usahane di dol kanthi rega beda-beda, sing paling cilik Rp 10.000 lan sing paling apik Rp 500.000. Saliyane ngaboti utawa menuhi panjalukan toko-toko grosir alat musik ing Kembangan, Sukoharjo, Hartono uga ngirimake produke ing toko-toko musik Malang, Ponorogo, Surabaya, Yogyakarta lan Jakarta. Hartono uga kapengin ngembangake usahane gawe produk sing werna-werna maceme , kaya ta jinis tas hardcase lan tas sekolah. Saiki Hartono dhuweni cita-cita utawa pangarep duwe merek tas gitar dewe. Amarga saka tas gitar sing wis digawé durung di wenehi merek sing pas karo karepane pasar. Supaya bisa munggahake produksine, Hartono nyeleksi tenaga kerja utawa buruh tambahan. Ananging golek buruh sing wis fasih utawa trampil jahit ora gampang. kanggo nguatake modal usahane, 2 taun kepungkur Hartono ngajukake silahan utawa utangan ing Bank Jateng. Dheweke nyilah kurang luwihe Rp 500 juta. Hartono dhuweni 2 kunci supaya usahane berkembang yaiku terus kreatif, inovatif lan tetap jaga kualitas produk. Dheweke uga manfaatke teknologi internet kanggo goleki model-model tas gitar sing paling anyar, sing pas kanggo selera pasar.[1]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "https://kompas.id/baca/tokoh/sosok/2018/11/14/hartono-perajin-tas-gitar-dari-kembangan/". drive.google.com. Dibukak ing 2019-04-24. {{cite web}}: External link in |title= (pitulung)