Guwa Péttakéré

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Citra cithakan tangan sajeroning guwa Péttakéré

Guwa Péttakéré (basa Mangkasar: Léang Péttakéré) iku sawijining guwa ana ing Kacamatan Bantimurung, Sulawèsi Kidul, Indhonésiya. Jeroning guwa iki ana cecitra saka mangsa prasajarah.[1]

Pracihna[besut | besut sumber]

Guwa iki, sarta guwa-guwa sawewengkon (Péttaé, Jané, Saripa, lan Karrasa), kalebu "Sasana Prasajarah Léang-Léang" – arané dijupuk saka basa Mangkasar.[2] Kayadéné guwa-guwa liyané, guwa iki kawujud saka watu kapur lan panggoné 12 kilomèter (7.5 mil) saka kutha Maros lan 30 kilomèter (19 mil) saka kutha Mangkasar.[3] Lawangan guwa iki ana ing ndhuwur parangan 30 mèter saka sawah sangisoré, mula nembé bisa disabani srana andha.[4][5]

Ana plangitaning lawangan guwa, ana 26 cithakan tangan warna abang putih.[4] Arupa stènsilan kuna tetanganing manungsa, cithakan warna putih digarap srana "nemplèkaké tangan tumrap tèmbok guwa banjur camboraning okèr warna abang karo banyu disemburaké saubengé tangan mau, wusana nurahi citra négatif ana ing témbok".[2] Cithakan warna abang digawé kanthi ngungkum tangan sajeroning mangsi ginawé saka "gantèn inangan".[4] Rupaning cithakan tangan ana tapak kiwa saha tapak tengen.[2] Sapérangan tanpa jempol; lantaran wis adating kala semono sadriji kudu dikethok nalika ana sasepuh kang séda.[4] Miturut pagawéning Sasana Palestarèn Budaya lan Warisan Mangkasar, tapak tangan iku dipitaya duwé aji nolak "bebaya lan kéwan alasan", mula nanggulangi pawongan sing dumunung sajeroning guwa.[4] Samono uga ana ing kono citraning babikidang (babirusa), watara satengah mèter dawané, ing madyaning cithakan tangan-tangan mau.[4]

Gowok-gowok cilik tinemu ana ing ruanganing guwa gedhé dhéwé, diwatara dadi paturoné sing ndunungi guwa.[4] Hawaning guwa ngancik 27 °C (81 °F) nalika rina.[4]

Riwayat[besut | besut sumber]

Guwa iki wis suwé kasuwur lan dienggo wong akèh. Arkéolog Walanda wiwit ngedhuk guwa-guwa sakiwatengené dhèk taun 1950-an, nanging guwa Péttakéré nembé ditlisik déning arkéolog Inggris, Ian Glover, nalika taun 1973.[2][6]

Pandadaran ilmiyah sing dipadhéga dhèk taun 2011 neksir yèn stènsilan tangan karo citraning kéwan ana ing témbok mau watara 35.000 lan 40.000 taun lawasé.[6] Lawasé citra iki diteksir saka pamriksan radioaktif tumrap tipaking isotop uraniam ing weka sing mrongkol salumahing citra mau.[6] Cithakan tangan iki padha lawasé karo tunggalé sing ana ing Éropah, kaya ta ana ing Guwa Èl Kastiyo (Spanyol) karo Guwa Gorham (Gibraltar).[5][7]

Rancangan mbésuk[besut | besut sumber]

Nalika wulan Oktober 2014, pamaréntah Indhonésiya mrajanjèni "ngunggahaké" pananggulangan citra-citra guwa kuna lan martakaké rancangan bakal nglebokaké kabèh guwa ing Sulawèsi maring pratélan "warisan bangsa" resmi nagara saha nglamaraké supaya kalebu maring pratélan Sasana Warisan Donya kagunganing UNESCO.[8]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. 1993 Indonesia, Malaysia & Singapore Handbook. Prentice Hall. 1993. Dijupuk 22 November 2014. 
  2. a b c d Price, Liz (20 January 2008). "Sulawesi cave of hands". The Brunei Times. Dijupuk 16 November 2014. 
  3. Volkman, Toby Alice (1990). Sulawesi: Island crossroads of Indonesia. Passport Books. ISBN 9780844299068. Dijupuk 22 November 2014. 
  4. a b c d e f g h Pitaloka, Dyah Ayu (6 July 2014). "Exploring the Leang-Leang Caves of Maros". Jakarta Globe. Dijupuk 15 November 2014. 
  5. a b Domínguez, Gabriel (9 October 2014). "Indonesian cave paintings – Rewriting art history". Deutsche Welle. Dijupuk 16 November 2014. 
  6. a b c Domínguez, Gabriel (9 October 2014). "Indonesian cave paintings 'revolutionized our idea of human art'". Deutsche Welle. Dijupuk 22 November 2014. 
  7. Le Roux, Mariette (9 October 2014). "Southeast Asian cave paintings challenge Europe as cradle of art". Rappler. Agence France-Presse. Dijupuk 22 November 2014. 
  8. "Indonesia pledges to protect ancient cave paintings". Rappler. Agence France-Presse. 9 October 2014. Dijupuk 22 November 2014. 

Serat tambahan[besut | besut sumber]