Gunung Kendhalisada

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Gunung Kendhalisada mapan wonten ing désa Samban, Kacamatan Bawèn, Kabupatèn Semarang[1]. . Ing cariyos pewayangan, gunung kendhalisada punika dados papan pertapanipun Bhegawan Kapiwara utawi Bhegawan Anoman. ing sacaketpun papan pertapan punika wonten kalih sendhang ingkang dipunwastani sendhang Cupumanik Astagina lan sendhang Bimaséna. Wonten ing Basa Jawi, Kendhalisada punika dumados saking kalih tembung inggih punika kendhali lan sada. Kendhali punika ateges ngendhalèni utawi mesu nafsu ingkang wonten dhiri punika, déné sada punika wujudipun lenceng ngejejer, punika ateges sesambetanipun makluk (manungsa/ janma) kaliyan gusti ingkang akarya jagad. déné ngéngingi gunung kendhalisada ing kasunyatanipun, punika awujud gumuk (gunung alit), ing gunung kendhalisada punika wonten sapérangan panggènan kados ingkang kasebat ing ngandhap punika:

Sendhang Cupumanik Astagina[besut | besut sumber]

Inggih punika salah satunggal sendhang utawi toya sumber ingkang wonten ing gunung kendhalisada. Dipun wastani sendhang Cupumanik Astagina jumbuh kaliyan cariyos ing pewayangan ngéngingi rebutan pusaka ingkang namanipun Cupumanik Astgina antawisipun Anjani, Subali lan Sugriwa[2].Ingkang pusaka punika lajeng dipunbucal Resi Gotama dhateng sendhang ingkang salajengipun sendhang punika kawastanan sendhang Cupumanik Astagina. Sendhang punika ugi ingkang dados papan pertapanipun Dewi Anjani. Anoman sadèrèngipun nglampahi tapa brata ugi langkung rumiyin sesuci ing sendhang punika. lan wekdal sapunika sampun karenggan kanthi yasan permanèn ingkang ing dinten-dinten tinamtu kanggé ngawontenaken acara adat utawi jamasan pusaka.

Sendhang Bimasena[besut | besut sumber]

inggih punika satunggal sendhang malih wonten sacaketipun sendhang Cupumanik Astagina, nanging wekdal sapunika sampun boten wonten toyanipun, saéngga namung kantun tilas sendhang kemawon. Dipunwastani sendhang Bimaséna amargi rumiyinipun kacariyos sendhang punika dados panggénan sesucinipun Bima utawi Werkudara sasampunipun dipungodhog ing kawah Candradimuka.

Anoman[besut | besut sumber]

anoman ngangkat redi

Kacariyos mula bukanipun gunung Kendhalisada punika dados papan pertapanipun Bhegawan Anoman inggih punika, awit Anoman sadèrèngipun pikantuk wangsit saking Déwa supados tapa brata ing papan punika ing rèh kanggé ngawat-awati pokalipun Dasamuka ingkang ngumbar angkara murka.Pramila Anoman kedah mertapa wonten ing papan punika. Déné Anoman punika piyambak nun inggih putra saking Dèwi Anjani[3]. Kacariyos Dèwi Anjani pikantuk wisik saking Dèwa bilih Dèwi Anjani kedah nglampahi tapa brata ing satengahing sendhang kanthi cara ngambang, Déwa ugi paring wisik bilih sadangunipun nglampahi tapa brata, Dèwi Anjani boten kepareng nedha napa kémawon kajawi namung manawi wonten ron ingkang kéntir ing ilining toya, ron punika ingkang pareng dipuntedha. nalika Dèwi Anjani tapa brata, Bathara Surya dugi ing papan mriku. Mangertosi yèn ta wonten wanodya kang sulistyèng warni nembé tapa brata wonten mriku, dumadakan kamanipun Bathara Surya tumètès. Lan kama punika kanthi boten kasengaja dhawah ing salumahing ron ingkang kentir nut ilining toya. Kaleresan Dèwi Anjani nyumurupi ron punika, Dèwi Anjani kémutan piwelingipun Déwa lajeng ron punika dipundhahar. Sasampunipun dipundhahar boten wonten kadadosan punapa-punapa, nanging dangu-dangu padharan Dèwi Anjani tansaya ageng. Pranyata Dèwi Anjani lajeng mangertosi bilih piyambakipun ngandhut. Sabibaripun tapa brata Dèwi Anjani lajeng kondur. Nanging, saiba kagetipun manah Resi Gotama sareng mangertosi bilih Dèwi Anjani ngandhut. Pungkasanipun Dèwi Anjani dipuntundhung déning Resi Gotama. Lampahipun Dèwi Anjani dumugi malih wonten ing papan pertapanipun wiwitan. Wonten mriku Dèwi Anjani dipuntuwèni déning Bathara Surya lan dipunparingi mustika Cupumanik Astagina ingkang mangké wonten tembé dados rebutanipun Anjani, Subali, lan Sugriwa. salajengipun Dèwi Anjani anggènipun ngandhut sampun sawatawis dangu, sampun wancinipun Dèwi Anjani babaran. Ing wekdal babaran, banget gawokipun Dèwi Anjani sareng mangertosi si jabang bayi punika wujud wanara séta utawi kethèk putih. Jabang bayi lajeng pinaringan nama Anoman, nama Anoman punika boten namung nama ingkang lumrah kemawon. Nanging wonten teges ing salebeting nama Anoman punika, manawi kajarwakaken Anoman punika tegesipun ananing manungsa mung kanggo iman.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Daftar nama kecamatan kelurahan desa kodepos di kabupaten Semarang Jawa Tengah
  2. Cupu Manik Astagina[pranala mati permanèn]
  3. "Anoman (Hanoman)". Diarsip saka sing asli ing 2014-01-21. Dibukak ing 2012-07-08.