Gréja Ayam

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Gereja Ayam)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Gréja Ayam

Gréja Ayam (Ayam tegesé pitik, ing basa Jawa), yaiku papan kanggo ngibadah sing ana ing wewengkon Magelang, Jawa Tengah, Indonésia. Yasan kasebut ora adoh saka candhi Barabudhur. Sanajan yasan kasebut dijuluki Gréja Ayam, nanging yasan kasebut sejatinè awujud manuk dara. Yasan kasèbut diwiwiti dèning pèngusaha kang jènèngé Daniel Alamsyah ing taun 1990 - an. Yasan iki duwé kembaran ana ing pasisir Atlantida, Uruguay, Amérika Kidul. Yasan kasèbut wis bisa narik kawigatèn amarga papan kasebut muncul ing film Ada Apa dengan Cinta? 2. [1]

Ing yasan iki wong ndèlok sesawangan kang apik. Pemandhangan kang apik bisa didelok saka dhuwur nalika wayah èsuk. Sanajan pernahé yasan iki kang nyempil ana bukit ing wewengkon Magelang, Jawa Tengah, nanging yasan iki wis kaloka ana ing akèh wewengkon.[2] Biyèn nalika taun 2010 durung ana dalan kanggo munggah ing makuthanè. Nanging wiwit rong taun kepungkur papan kanggo wisata iki dirawat, apa manèh amarga film Ada Apa dengan Cinta? 2 papan iki katon tambah ramé.

Sajarah Gréja Ayam[besut | besut sumber]

Sesawangan kang bisa didèlok saka sisih kulon Gréja Ayam.

Yasan iki bisa disebut Gréja Ayam amarga bentuké kaya pitik kang ana ing tengah désa lan ing pérangan sirahé ana makuthané. Wujud yasan iki cukup gedhé, ing njeroné ana ruwang-ruwang kang jembar kanggo ngibadah, uga kamar-kamar. Ananging Daniel Alamsjah mbeneraké menawa yasan kuwi bentuké kaya manuk dara. Daniel kang asalé saka Jakarta nyritakaké menawa mula bukanè gawé yasan iku amarga dhèwèké éntuk amanat saka Gusti kanggo bangun papan kanggo ngibadah kanthi bentuk manuk dara. Sawisé éntuk ilham utawa pesen saka Gusti nalika taun 1989, dhèwèké banjur lunga menyang Magelang ing omahé bojoné. Nalika kuwi, dhèwèké weruh bukit kang padha karo sing ana ing impèné, banjur dhèwèké donga mbok menawa dhèwèké bisa yasa piranti kanggo dedonga ing papan kuwi. Taun ngarepé, dhèwèkè banjur bisa gawé yasan piranti kanggo ngibadah kuwi kanthi jèmbaré 3000 mètèr pèrsègi kanthi rega rong yuta rupiyah. Arsitékturé dhéwé nduwéni bayangan utawa idhé saka njaban rangkah nalika dhèwèké kuliyah ing Universitas Jerman. Dhèwèké kèpèngèn ngèdègkaké tanpa pilar ing tengahé yasan iki. [3]Saiki sabèn taun, yasan iki ditèkani karo wisatawan lokal utawa asing. Uga ana sapèrangan uwong kang ngabadikaké foto yasan kuwi banjur diunggah ing médhia sosial. [2] Ing yasan iki ana Kapel Bunda Maria Kanggo Kabéh Bangsa saka Kapel. Ana dalan salib kang dawané 142 mètèr kanthi rèliéf prosès dalanè salib, ana uga Gua Maria kanggo dèdonga.[3]

Yasan kanggo papan nambani[besut | besut sumber]

Gréja Ayam uga duwéni ruang kanggo nambani. Saka rong taun iki yasan kanggo nambani wis di opèni. Amarga biyén durung éntuk dana saéngga tembok-tembok tanpa dicat, tèmbok  sing mauné akèh lumuté lan akéh corét-corétan (vandalismè) saiki dadi katon ketingal resik, apik, nanging wis ora ana kang manggoni kanggo dedonga. Yasan iki wis tau dadi lokasi kanggo ngibadah warga saka sapèrangan agama, yaiku : Buddha, Islam lan Kristen, kanthi carane dhéwé-dhéwé. Sak liyané kuwi, yasan iku uga wis tau dadi papan kanggo pusat rèhabilitasi.  Daniel Alamsjah nyaritakaké mènawa rèhabilitasi ing omah kanggo dèdonga iki kanggo terapi bocah kang cacat, sènèng narkoba, wong èdan lan bocah ènom kang duwè gangguan. Omah  donga iki rèsmi ditutup nalika taun 2000 amarga biaya konstruksi kang larang, nanging uga akéh kang tèka ing papan iki.[2]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Bangunan Ini Dianggap 'Saudara Tua' Gereja Ayam di AADC 2
  2. a b c Mutiara, Dian Anditya (2016-06-17). "Gereja Ayam Tersembunyi di Balik Hutan Memiliki Misteri dan Hebohkan Dunia". Tribunnews. Dijupuk 2019-10-16. 
  3. a b Nugroho, Adi (2019-08-15). "Gereja 'Ayam' Bukit Rhema Magelang Kini Memiliki Kapel". Tribunnews. Dijupuk 2019-10-16.