Gedhong Agung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Gedhong Agung

Gedhong Agung utawa Pura Kaprésidhènan Yogyakarta utawa Gedung Agung ya iku salah sawijining Pura Kaprésidenan Indonésia kang gunggungé ana enem, saliyané ya iku Pura Nagara lan Istana Merdeka Jakarta, Pura Bogor ing Bogor, Pura Cipanas ing Cipanas, lan Pura Tampak Siring ing Bali. Gedhong Agung duwé carita sajarah kang wigati tumrap pangudi kamardikané bangsa Indonésia.[1] Sajarahé gedhong iki diwiwiti saka idhéné Anthonie Hendriks Smissaert, Résidhèn Walanda kaping 18 ing Yogyakarta (1823-1925),[2] sing duwé kekarepan gawé kantor kanggoné Résidèn Walanda ing Yogyakarta. Wiwit saka kuwi, gedhong iki wiwit diyasa ing taun 1824, lan suwéné nganti kurang luwih 6 taun.[2]

Yasan utama saka gedhong iki minangka yasan kang pisanan diyasa déning arsitèk A. Payen[2] sing dipilih langsung déning Gubernur Jénderal Hindia Walanda nalika wektu semana. Prosès yasané gedhong iki tau kandheg sedhéla amarga ana Perang Dipanagara (1825-1830) kang uga kondhang kanthi jeneng Perang Jawa (Java Oorlog). Sawisé perang rampung, prosès yasané gedhong iki dibacutaké manèh nganti pungkasané ing taun 1832. Yasan iki banjur didadèkaké kantor résidhèn. Yasan iki pernahé adhep-adhepan karo loji gedhé Bètèng Vredeburg. Ing jamané India-Néderlan, gedhong iki kondhang minangka jeneng Loji Kebun, amarga yasan loji kasebut ing palataran ngarep lan mburiné kebak tetuwuhan lan suket-suketan.[2][3]

Nalika ana lindhu ing 10 Juni 1867, yasan Gedhong Agung tau ambruk, banjur déning Résidhèn A.J.P. Hubert Desire Bosch didandani manèh ing taun 1869.[2][3][1]

Piguna[besut | besut sumber]

Kantor résidhèn kang ana, sétatusé dadi mundhak minangka kagubernuran ing 19 Dhésèmber 1927 sawisé Yogyakarta ditetepaké dadi saktataran provinsi.[2] Sawisé ditetepaké dadi gubernuran, akèh prastawa nagara kang wigati kang dianakaké ing gedhong iki. Saben taun ing gedhong iki ana patemon antarané Gubernur Walanda karo Sri Sultan, nalikané upacara "pisowanan garebeg."

Nalikané pamaréntahan Jepang taun 1942-1945, gedhong iki digunakaké kanggo padunungané Koochi Zimmukyoku Tyookan[1]. Ing 29 Oktober 1945, yasan iki didadèkaké kantor Komite Nasional Indonésia (KNI). Nalikané kutha krajané Indonésia dipindhah saka Jakarta menyang Ngayogyakarta ing 4 Januari 1946, gedhong iki dadi Pura Nagara. Présidhèn Sukarno nggunakaké Gedhong Agung iki minangka kantor uga minangka omah padunung kulawargané dhèwèké.[2]

Nganti saiki Gedhong Agung dadi gedhung kaprésidhènan.

Kadadéyan wigati[besut | besut sumber]

Sawenèh kadadéyan wigati tumrap sajarah Indonésia kang tau ana ing Gedhong Agung[2]:

  1. Pangepkaying Jénderal Sudirman minangka Panglima Besar TNI ing 3 Juni 1947 lan Panglima Angkatan Perang Républik Indonésia ing 3 Juli 1947.
  2. Rapat kabinèt pasca pangancabé Walanda menyang kutha krajan Républik Indonésia ing Ngayogyakarta
  3. Patemon pungkasané Présidhèn Sukarno karo Jénderal Sudirman sadurungé Jénderal Sudirman mangkat perang gerilya, sawisé anané pangancab NICA (Walanda) menyang kutha krajané Républik Indonésia ing 19 Dhésèmber 1949.
  4. Pambekuking Présidhèn Sukarno lan Wakil Présidhèn Moh. Hatta, banjur diasingaké menyang Bangka ing 19 Dhésèmber 1949.
  5. Panampaning tekané Présidhèn Sukarno lan Wakil Présidhèn Moh. Hatta saka pangasingan déning délégasi UNCI (United Nations Commission for Indonesia) lan BFO (Bijeenkoms Federal Overleg) ing 6 Juli 1949.
  6. Ing 10 Juli 1949 minangka patemon pisanan Présidhèn Sukarno lan Jénderal Sudirman sawisé Jénderal Sudirman rampung mandhégani perang gerilya nglawan Walanda.

Arsitèktur[besut | besut sumber]

Gedhong Agung iku duwé payon limas jèjèr telu, lan pérangan ngarepé duwé tepas kabukak. Èmpèraning yasan duwé cagak-cagak kanthi gagrag Yunani lan cagak wesi kanthi dhékorasi flora. Gedhong Agung iku komplèk yasan kang kapérang saka yasan cacah pitu kanthi gaya aristèktur indhis, ya iku gedhong utama duwèni arsitèktur Éropah néoklasik. Saliyané iku uga ana sawenèh yasan anyar, ya iku Wisma Negara, Wisma Indraprasta, Wisma Sawojajar, Wisma Bumiratawu, Wisma Saptapratala, lan kantor. Ing taun 2000-an ana tambahan palemahan, ya iku bekas Gedhong Senisono lan kantor warta Antara diakuisisi minangka fasilitas panyengkuyungé Gedhong Agung.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c "Istana Yogyakarta | Presiden Republik Indonesia" (ing basa Inggris). Dijupuk 2019-02-23. 
  2. a b c d e f g h i Ragam Penanda Zaman: Memaknai Keberlanjutan Merawat Jejak Peradaban. Yogyakarta: Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta. 2017. 
  3. a b "Gedung Agung | Jogja Budaya". Situs Budaya Yogyakarta (ing basa Inggris). Dijupuk 2019-02-23.