Gandasuli
| Gandasuli Hedychium coronarium | |
|---|---|
| Kembang gandasuli | |
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Viridiplantae |
| Superdivision: | Tracheophyta |
| Dhivisi: | Angiospermophyta |
| Klas: | Liliopsida |
| Superordho: | Commelinids |
| Ordho: | Zingiberales |
| Famili: | Zingiberaceae |
| Génus: | Hedychium |
| Spésies: | H. coronarium |
| Jeneng binomial | |
| Hedychium coronarium J. Koenig | |
| Sinonim | |
| |
Gandasuli yaiku salah sawijining tanduran jamu ingkang kalebet keluwarga temu-temuan utawi Zingiberaceae. Tanduran iki hawujud rumpun sing rapet-rapet, duwuré 1,5 nganti 3 m, godhongé temèmplèk ana pelepah sik nyusun "pang semu" lan ora nyabang. Asal tanduran iki saka Himalaya terus ngetan nganti Taiwan; hananging saiki wis sumebar tekan endi-endi. Ing Jawa, tanduran iki ditandur nggo dijupuk rimpang karo kembange.
Kembang gandasuli warni pethak, metu saka pucuk uwit ; ambune wangi nyegrok kayadene mlathi. Kelopak kembangé ana loro, warni ijo awujud kerucut kaya kukusan. Mahkota kembang gandasuli cacahé papat, wujud kaya kupu-kupu lan nempel antara siji lan séjéné. Kembang gandasuli asring dipadhakaké karo kembang kumis kucing.[1]
Nami-nama désa
[besut | besut sumber]Aran gandasuli uga dinggo jeneng désa, yaiku
- Désa Gandasuli, Kecamatan Gondang, Kabupatèn Tulungagung.
- Désa Gandasuli, Kecamatan Pakuniran, Kabupatèn Prabalingga.
- Désa Gandasuli, Kecamatan Tawangmangu, Kabupatèn Karanganyar.
- Désa Gandasuli, Kecamatan Bulu, Kabupatèn Temanggung.
- Désa Gandasuli, Kecamatan Muntilan, Kabupatèn Magelang.
- Désa Gandasuli, Kecamatan Bobosari, Kabupatèn Purbalingga.
- Désa Gandasuli, Kecamatan Brebes, Kabupatèn Brebes.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Santosa, Iman Budhi. Suta naya dhadhap waru : manusia Jawa dan tumbuhan. Yogyakarta. ISBN 9786026250421. OCLC 1040082743.