Dorothea Rosa Herliany

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Dorothea Rosa Herliany

Dorothea Rosa Herliany inggih punika salah satunggaling sastrawan èstri ing Indonésia ingkang dipunanggep kados Chairil Anwar, sastrawan priya ingkang misuwur ing Indonésia.Dorothea Rosa Herliany miyos ing tanggal 20 Oktober 1963 ing Magelang, Jawa Tengah, minangka putra angka urut sekawan saking enem seduluripun saking kulawarga A. Wim Sugito saha Aloysia Loisye.[1] Riwayat pendhidhikanipun inggih wiwit Sekolah Dasar ing SD Tarakanita Magelang, lajeng nerasaken sekolah ing SMP Pendowo Magelang, lajeng nerasaken ing SMA Stella Duce Yogyakarta. Rampung saking SMA Stella Duce lajeng piyambakipun nerasaken kuliah ing Jurusan Basa dan Sastra Indonésia Institut Keguruan Ilmu Pendidikan Sanata Dharma, Yogyakarta ing taun 1987.[2] Sasampunipun lulus saking IKIP Sanata Dharma, piyambakipun naté makarya dados guru, wartawan, saha panyerat lepas. Dorothea Rosa Herliany inggih penggurit èstri ing taun 1980-an ingkang paling dipunregani saking bobotipun karyanipun utawi saking temen botenipun dados penggurit. Piyambakipun ugi minangka penggurit èstri ingkang sanget produktip amargi mèh sadaya médhia massa ingkang gadhah rubrik puisi sampun naté macak karya-karya puisinipun. Kajawi saking nyerat puisi, piyambakipun ugi aktip nyerat carita cekak, esai, saha laporan budaya ingkang punika sadaya nedahaken bilih piyambakipun gadhah kaprigelan sanèsipun kejawi dados penggurit puisi.

Karya-karyanipun[besut | besut sumber]

Dorothea sampun miwiti nyerat wiwit taun 1985 ingkang asiling karyanipun kapacak wonten ing kathah koran saha majalah, kados ta Horison, Basis, Dewan Sastra (Malaysia), Suara Pembaharuan, Mutiara, Pikiran Rakyat, Surabaya Post, Jawa Pos, Citra Yogya, Kompas, Media Indonésia, Sarinah, Kalam, Republika, saha Pelita. Déné tuladha karya-karyanipun ingkang sampun dipundamel dados buku, inggih kados makaten:

  • Nyanyian Gaduh (Kumpulan Puisi, 1987),
  • Matahari yang Mengalir (Kumpulan Puisi, 1990),
  • Kepompong Sunyi (Kumpulan Puisi, 1993),
  • Nyanyian Rebana (Kumpulan Puisi, 1993),
  • Pagelaran (Antologi Cerpen, 1993), Guru Tarno (Antologi Cerpen, 1994),
  • Cerita dari Hutan Bakau (Antologi Puisi, 1994),
  • Dari Negeri Poci 2 (Antologi Puisi, 1994),
  • Vibrasi Tiga Penyair (Antologi Puisi, 1994),
  • Blencong (Kumpulan Cerpen, 1995),
  • Karikatur dan Sepotong Cinta (Kumpulan Cerpen, 1995),
  • Candramowa (Antologi Cerpen, 1995),
  • Ketika Kata Ketika Warna (Antologi Puisi dan Lukisan, 1995),
  • Mimpi Gugur Daun Zaitun (Kumpulan Cerpen, 1999),
  • Nikah Ilalang (Kumpulan Puisi),
  • Para Pembunuh Waktu (Kumpulan Puisi), dan
  • Kill the Radio (Kumpulan Puisi, Indonésia Tera, 2001).

Tuladha kempalan sajakipun, inggih punika [3]: Nyanyian Gaduh (1987), Matahari yang Mengalir (1990), Kepompong Sunyi (1993), Nikah Ilalang (1995), Mimpi Gugur Daun Zaitun (1999), dan Kill the Radio (Sebuah Radio, Kumatikan; edisi dwibasa, 2001). Kumpulan cerpennya: Blencong (1995), Karikatur dan Sepotong Cinta (1996). Kajawi punika, Dorothea ugi nyerat cariyos kanggé laré-laré alit saha kaum mudha. Kajawi aktip nyerat kathah karyanipun, Dorothea ugi aktip wonten ing kathah kegiyatan, ing antawisipun inggih rawuh ing Pertemuan Sastrawan Muda ASEAN ing Filipina ing taun 1990, peserta Festival Puisi Indonésia Walanda ing Jakarta saha Rotherdam, Negeri Walanda ing taun 1995.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. [1][pranala mati permanèn] World Writers #223: Dorothea Rosa Herliany (dipunundhuh tanggal 20 Januari 2013)
  2. [2][pranala mati permanèn] Dorothea Rosa Herliany (dipunundhuh tanggal 20 Januari 2013)
  3. [[Herliany, Dorothea Rosa. 2003. Cerita Rakyat dari Kedu. Jakarta: PT. Grasindo.]]