Bunraku

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Gedung Teater Nasional Bunraku ing Osaka

Bunraku (文楽?) inggih menika sandiwara bonéka tradisional Jepang ingkang kalebet salah satunggal jinis ningyo johruri (人形浄瑠璃 ningyō jōruri?, bonéka jōruri). Istilah bunraku mliginipun dipunginakaken kanggé ninyo johruri (sandiwara bonéka kanthi iringan musik johruri) ingkang mekar ing Osaka [1]. Jōruri utawi dipunserat minangka johruri inggih menika sebatan kanggé naskah awujud tembang. Ingkang nembang johruri dipunwastani tayū lan nembang kanthi iringan musik shamisen. Kesenian menika kawiwitan saking paméntasan ningyo johruri déning seniman Uemura Bunrakuken I ing Osaka saéngga dipunparingi nama "bunraku". Sadèrèngipun kesenian menika ugi dipunsebat ayatsuri jōruri shibai (sandiwara johruri ayatsuri) lan nembé kanthi resmi dipunparingi nama bunraku wiwit saking pungkasan zaman Meiji (1868-1912).[2]

Satunggaling bonéka kanggé dolanan tigang dalang menika dipunsebat ningyō tsukai. Nalika nglakokake bonéka, dalang boten ndelikké piyambakipun saking pamirsa. Obah owahing bonéka dipundamel kados urip temenan mawi kalih tangan lan sikil ingkang saged dipunobahaken sarta praupan bonéka ingkang saged éwah miturut karakter. Tugasipun dalang namung ngobahaken bonéka, déné sedaya cakepan dialog dados pakaryanipun 'tayū' mawi iringan musik shamisen. Tingkatan dalang dipunatur adhedhasar tingkat keterampilan lan pengetahuan. Dalang ingkang gadhah pengalaman ngobahaken bagéyan sirah lan lengen sisih tengen. Déné ing bageyan sikil dipunobahaken déning dalang ingkang paling junior. Dalang kepala ngagem geta mawi hak inggil (20 cm dumugi 50 cm) saking kayu supados ngimbangi posisi dalang ingkang ngobahaken bagéyan sikil bonéka.[3] Kementerian Pendidikan Jepang netepaken bunraku minangka Warisan Agung Budaya Nonbendawi. UNESCO netepaken bunraku minangka Karya Agung Warisan Budaya Lesan lan Nonbendawi Manungsa wonten ing dhaptar ingkang terbit taun 2003.

Istilah[sunting | sunting sumber]

Bunraku menika pagelaran ingkang namung saged dipunlampahi déning tiyang jaler. Tigang unsur pagelaran teater bunraku menika dipunwastani sangyō ingkang kapérang saking tayū (penyanyi), pemain shamisen, lan ningyō tsukai (dalang). Ing sisih tengen pamirsa wonten panggung ingkang dipunsebat yuka. Sanginggiling yuka wonten panggung mubeng ingkang dados papan kanggé lenggah tayū lan pemain shamisen. Bageyan awak dalang saking boyok (pinggang) mangandhap dipuntutup saking penonton kanthi ngginakaken tutup saking kayu ingkang dipusebat tesuri.

Penyanyi[sunting | sunting sumber]

Tayū menika sebatan kagem penyanyi ingkang nembangaken johruri (narasi mawi iringan shamisen). Saking maneka jinis kesenian johruri ingkang wonten gidayūbushi義太夫節 ({{{2}}}?) menika satunggaling jinis johruri ingkang dipunwiwiti déning Takemoto Gidayū saking Osaka nalika wiwitan zaman Edo.

Dalang[sunting | sunting sumber]

Ing jaman rumiyin, bonéka namung dipunobahaken déning dalang. Ing pagelaran ngginakaken tigang dalang kanggé setunggal boneka dipuntepangaken nalika taun 1734 ing pagelaran kanthi irah-irahan "Ashiya Dōman Ōchi Kagami". Ing jaman samenika, bunraku ngginakaken tigang dalang kanggé setunggal bonéka. Dalan senior ingkang dipunsebat omozukai ngobahaken bagéyan gulu (sirah) lan lengen sisih tengen. Sadèrèngipun dados omozukai dipunbetahaken pengalaman "sedasa taun kanggé ngobahaken sikil, lan sedasa taun kanggé lengen kiwa".[3] Dalang ingkang ngobahaken lengen kiwa menika dipunsebat hidarizukai, déné dalang ingkang ngobahaken sikil menika dipunsebat ashizukai. Tiga dalan mawi busana sarwi ireng (kuroko).

Boneka[sunting | sunting sumber]

Sirahboneka[sunting | sunting sumber]

Jinis sirah boneka[sunting | sunting sumber]

Busana[sunting | sunting sumber]

Bonéka ngginakaken busana memakai kostum arupi kimono ingkang kapérang dados busana njero (juban), mantel (haori), mantel manita (uchikake), kerah (eri), lan sabuk pinggang ingkang dipunsebat obi. Ing bagéyan njero busana dipunparingi lapisan kapas supados bagéyan awak katingal alami. Busana saged dipunuculi lan dipunsimpen kapisah saking sirahipun. Ningyō-koshiraeru menika pakryan masang klambi kanggé sirah boneka ingkang dipunwontenaken sadèrèngipun bonéka dipunginakaken.

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Cerita[sunting | sunting sumber]

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ (id) Bunraku, (dipunakses tanggal 24 Februari 2013)
  2. ^ "What is Bunraku". An Introduction to Bunraku: A Guide to Watching Japan's Puppet Theater. Japan Arts Council. http://www2.ntj.jac.go.jp/unesco/bunraku/en/contents/whats/index.html.
  3. ^ a b "The Puppeteers". An Introduction to Bunraku: A Guide to Watching Japan's Puppet Theater. Japan Arts Council. http://www2.ntj.jac.go.jp/unesco/bunraku/en/contents/creaters/operator.html.

Pranala njawi[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Bunraku&oldid=879914"