Beksan Janger

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jogèd Janger ing Bali

Jogèd Janger inggih punika salah satunggaling jogèd Bali ingkang paling misuwur.[1] Dipunciptakaken ing taun 1930-an, Janger inggih punika jogèd pergaulan nom-noman utawi mudha mudi ing Bali. Jogèd punika dipunbektakaken déning 10 penari ingkang berpasangan, inggih punika kelompok putri (janger) lan putra (kecak).[2] Para penari nari sinambi nyekaraken Tembang Janger kanthi saut-sautan.[2]

Gerakan Janger prasaja nanging regeng lan greget.[1] Musik ingkang dados latar belakang jogèd inggih punika Gamelan Batel utawi Tetamburan lan gender wayang.[2]

Sajarah lan perkembangan[besut | besut sumber]

Minangka jinis jogèd kreasi ingkang langkung énggal, Janger dipunadaptasikaken saking aktivitas para wong tani ingkang suka panglipur dhiri amargi sayah anggénipun kerja.[3] Cakepan tembangipun dipunadaptasikaken saking nyanyian Sanghyang, sawijining jogèd ritual.[2] Manawi dipunkategorikaken ing Jogèd Bali, Janger kalebet Jogèd Balih-balihan, jogèd ingkang ngregengaken upacara punapa déné saperlu paring panglipur.[3]

Amargi kondhangipun, nalika taun 1960-an, Janger wiwit dipunpentasaken ing kagiyatan manéka parté pulitik, boten ketinggalan PKI.[3] Kelompok-kelompok jogèd Janger nyengkuyung Konfrontasi Indonésia-Malaysia utawi kampanye pemutusan gayutan RI kaliyan Malaysia ing taun 1963.[3] Présidhèn Soekarno paring kathah kawigatosan tumraping jogèd punika, salah satunggalipun kanthi mbekta penari-penari Janger pentas ing Pura Tampaksiring.[3] Sabibaring prastawa G30S/PKI, kathah seniman janger ingkang dipunanggep berpihak dhumateng PKI dipuntumpes..[3] Masa punika minangka periode kejatuhan Jogèd Janger.[3] Tembe ing taun 1970-an, popularitasipun wangsul malih.[3]

Ing perkembanganipun, sapunika Janger ugi saged dipunbektakaken déning tiyang diwasa.[3] Wonten kelompok-kelompok jogèd ingkang anggotanipun wanita diwasa ingkang gadhah peran minangka janger punapa déné kecak.[3] Janger ugi dipunbektakaken ing wujud drama jogèd ingkang dipunsebut Janger Berkisah.[3] Kisah-kisah ingkang dipunpentasaken antawisipun Arjuna Wiwaha, Sunda Upasunda lan sanèsipun.[2]

Antawis puluhan taun, Janger sampun dipunajaraken dhumateng para nom-noman pemudi ing Bali.[1] Dangu-dangu, jogèd punika dados papan kenalan nom-noman désa satunggal lan sanèsipun.[1] Amargi tumuwuh ing komunitas piyambak-piyambak, medal varian ingkang dipunbumboni kanthi gaya piyambak.[2]

Pamarentah laladan Bali ndhèrèk mempopuleraken Janger minangka jogèd pambuka ing manéka kegiyatan lan adicara, kados ta program Keluarga Berencana, pemilihan umum, keséhatan tumrap lansia[4], dumugi kampanye anti narkoba.[1]

Kajawi saking gerak jogèd, lagu Janger mbok manawi langkung misuwur ing njawi tlatah Bali. Tembang Janger kathaah dipunkenal amargi asring dipunsekaraken déning tim Indonésia ing kejuaraan paduan suara internasional.[5]

Varian[besut | besut sumber]

  • Janger saking Tabanan. Ing Janger saking laladan punika, wonten Dag, tokoh kanthi rasukan bala Walanda ingkang tugasipun maringi aba-aba dhumateng penari.[2]
  • Janger saking Désa Metra, Bangli, dipunpentaskan kanthi ritual kesurupan ing pungkasanipun.[2] Janger jinis punika sipun sukani nama Janger Maborbor, para penarinipun ingkang kesurupan nari sinambi ngidak mawa geni.[3]
  • Janger saking Désa Sibang, Badung, dipunsebut ugi Janger Gong amargi dipuniringi kaliyan Gamelan Gong Kebyar.[2]
  • Janger saking Désa Bulian, Buleleng, mliginipun dipunpentasaken dipentaskan déning warga désa ingkang ngalami tunawicara.[6]

Wonten sekaa (organisasi nom-noman) ingkang mligi mentasaken Janger, antawisipun Janger Kedaton (Denpasar) lan Janger Singapadu (Gianyar).[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

Médhia magepokan Janger ing Wikimedia Commons

  1. a b c d e Japanese 'Janger' dancers set to win hearts Archived 2016-03-10 at the Wayback Machine.,jakartapost. Akses:18-12-2012.
  2. a b c d e f g h i j Janger,babadbali. Akses:18-12-2012.
  3. a b c d e f g h i j k l Janger Bergirang Ceria Pasca Trauma G30S/PKI,isi-dps.ac.id. Akses:18-12-2012.
  4. Senior citizens deserve more attention,babadbali. Akses:18-12-2012.
  5. Usung Folklore, UMY ikuti paduan suara tingkat nasional,umy.ac.id. Akses:18-12-2012.
  6. Tari Janger, Tari Pergaulan Muda Mudi Archived 2012-11-28 at the Wayback Machine.,tanah-bali. Akses:16-12-2011.