Bathik Semarang
Bathik Semarang (carakan:ꦧꦛꦶꦏ꧀ꦱꦼꦩꦫꦁ) inggih menika bathik ingkang dipundamel kaliyan warga Semarang kanthi corak utawi ikon Kitha Semarang.[1][2] Bathik Semarang menika warisan budaya ingkang khas lan unik dados idhèntitas budaya Kitha Semarang. Semarang menika wewengkon ingkang gadhah status minangka kitha krajaning provinsi Jawi Tengah.[3] Semarang menika ugi kalebet wewengkon indhustri ingkang saé lan ramé ing laladan pulo Jawi bagéyan tengah.[4] Saéngga dipunbikak indhustri bathik ing Kitha Semarang, menika dados salah satunggaling cara kanggé nglestantunaken bathik ing Kitha Semarang. Wiwitanipun Bathik Semarang menika saking tiyang Walandai ingkang damel masarakat Semarang menika saged damel bathik piyambak.[2][5]
Sujarah Bathik Semarang
[besut | besut sumber]
Bathik Semarang menika sampun wonten nalika jaman panjajahan koloniyal Walandi, Pangaribawa saking mijilipun bathik Semarang menika dipundhasari kaliyan mijilipun bathik Walandi nalika abad XVI dumugi XVIII.[6][5] Wondéné sesebutan Bathik Walandi inggih menika kapethik saking jinis bathik ingkang mijil saking campuran budaya Walandi ugi budaya Jawi ing warsa 1840 dumugi 1940 lan ingkang ngrembaka ing mangsa kajayaan antawasipun warsa 1890-1910.[7] Kados déné bathik ing Pulo Jawa sanèsipun, rumiyin namung ngganggé corak ingkang asli saking tanah Jawi, nanging ing gegantosing jaman utamanipun ing jaman koloniyal Walandi, para bangsa Walandi ingkang mapan ing pasisir lèr Pulo Jawa kados Pekalongan miwiti ngagem corak-corak Eropah supados dipunginakaken ing salebeting bathik.[7]
Wiwitanipun bathik Walandi menika namung dipundamel kanggé masarakat Walandi lan Indhiya-Walandi, ananging amargi kathahipun panyuwunan ing peken kamangka Bathik Walandi menika saged dipunagem kaliyan masarakat sasanèsipun bangsa Éropah kalèbèt Cina lan ugi saged dipunsadé wonten peken. Prodhuksi saking bathik Walandi menika piyambak dipunsadé wonten wewengkon Pasisir Lèr Pulo Jawi utaminipun wonten Kitha Pekalongan, Semarang lan wonten sakiwatengenipun.[8][5] Wiwit lumebetipun Bathik Pasisiran lan bathik Walandi ing Kitha Semarang, lajeng masarakat ing Semarang wiwit andamel bathik piyambak ingkang gadhah titikan lan bènten kaliyan bathik-bathik saking laladan sanèsipun.[5]
Sajatosipun pundi ingkang dipunwastani dados Bathik Semarangan, punapa malih ing sadèrèngipun ing warsa 1970an. Kawontenanan menika amargi babagan bathik ing Kitha Seamareang panci kirang ngrembaka kados Kitha Pangasil Bathik sanèsipun.[5] Bathik Semarang wiwit katepang ing masrakat Semarang nembé ing abad XX, ing sapérangan kampung wiwit mijil griya-griya ingkang ndamel bathik lajeng ngrembaka lan sansaya dangu dados kampung bathik ingkang kondhang ing laladan Semarang.[5] Bathik ingkang kadamel menika lajeng dipunwastani “Bathik Semarangan”. Idé menika muncul saking para perajin masarakat mliginipun Kampung Bathik piyambak ingkang umumipun gadhahi padamèlan wonten babagan krajinan. Kawontenan bebathikan ing Kitha Semarang wiwit surud nalika lumebet ing jaman panjajahan Jepang, amargi kawontenan poayudan ingkang awrat.[5]
Miturut Sujarawan Univèrsitas Diponegoro Semarang wonten perusahaan bathik, namanipun “Bathik Tan Kong Tién” ingkang ngrembaka wonten ing Semarang nalika abad kaping 20. Salajèngipun ing warsa 1980-an wonten mijil perusahaan bathik kanthi nama “Sri Retno” ingkang kanggé indhustri bathik wonten ing Semarang. Salajengipun, bathik Semarang kasusul tèknik bathik printing. Nalikanipun penjajahan Walanda, séntra-séntra produksi menika ajur lan Kampung Bathik menika kobong wonten ing kawasan Bubakan, Kutha Semarang. Kanggé pendhudhuk Jepang antawisipun taun 1942 dumugi 1945 gadhahi andhil kangge nyilépaken bathik Semarang. Ananging kalah saing kaliyan bathik printing ingkang nyebabaken bathik tulis Semarang boten terkenal malih. Saking mriku, bathik Semarang saged tahan dumugi taun 1970. Saweg dipunwiwiti taun 2005 perusahaan Bathik menika ngadég malih kanthi damel sapèrangan motif khas bathik Semarangan. Dipunbandhingaken kaliyan bathik Solo, Yogyakarta lan Pekalongan, bathik Semarang botèn naté ginakaken motif bathik ingkang pakém. Dados wilayah Pesisir Lèr Pulau Jawa, bathik Semarang kagolong bathik Pesisir kanthi motif naturalis kadosta motif kewan, wit-witan, alam lan omah. Sanesipun menika ugi wonten motif Masjid Agung, Manuk Blekok, Bandeng, Lumpia, Tugu Muda, Wihara, Manuk Mérak, lsp. Ananging wonten ciri-ciri motif bathik Semarangan ingkang sami kathi bathik Pesisir sanesipun, umumipun warni bathik Semarang menika kanthi dhasar oren abrit amargi angsal pengaruh saking kabudayan Tiongkok lan Éropah. Motif Tiongkok menika kathahipun ginakaken motif flora kaliyan fauna.[9][10]
Sapèrangan Séntra Bathik
[besut | besut sumber]
Ing History of Bathik Semarang nalikanipun taun 2012 jelasaken menawi wonten sapérangan séntra bathik ing Semarang:[11][12]
- Franquemont dan Oesterom: Bathik Fraquemont gadhahi anéka warni ingkang warni khasipun inggih menika ijem. Jinis bathik menika gadhahi ciri Éropah, Tiongkok kaliyan Pesisir Ler khususipun Madura. Menawi Bathik Oestorom menika gadhahi ciri khas motif ingkang radi angel. Salah satunggalipun kreasi jinis bathik Osteorom inggih menika motif Sirkus ingkang gambaraken tiyang ingkang nunggang jaran, tiyang ingkang saweg dansa, bangunan ingkang sami kaliyan kastil, wit palma ingkang sampun lengkap kaliyan godhongipun lan manuk ingkang sami kaliyan phoenix.
- Tan Kong Tien: Motif-motif bathik “Batikkerij Tan Kong Tien”inggih menika hasil akulturasu gaya bathik Pesisiran ingkang gadhahi karaktér terbuka kaliyan bathik Kératon. Tuladhanipun motif bathik menika inggih menika Dasar Perang salah satunggalipun bathik Kératon ingkang dicampuri kaliyan motif manuk merak.
- Neni Asmarayani: Neni Asmarayani bikak galeri bathik nalika taun 1970-an wonten ing Semarang kanthi dugèkaken pelukis lan seniman ingkang sampun terkenal kangge nyiptakaken desain. Wonten kalih motif Nuansa Semarang ingkang dipunripta, inggih menika motif Warak Ngéndog lan Pandan Arang.
- Bathik Sri Retno: Bathik Sri Retno menika gadhahi inovasi wonten motifipun. Papan produksi kanggé bathik menika kawontenan ing Semarang, sahèngga jejak khasipun Kutha Semarang dadosaken sumber ide kanggé ngripta motif bathikipun.
- Bathik Semarang 16: Sampun dangu boten wonten, lajeng ing taun 2005 Umi S. Adi Susilo aktif gesangipun bathik menika malih. Atusan motif sampun dipunasilaken kaliyan “Bathik Semarangan 16”, utaminipun motif-motif ingkang enggal lan gayut kaliyan ciri khas Kutha Semarang, kadosta Tugu Mudha, Lawang Sewu, Wit Asem, Blekok srondhol, lsp.
- Kampung Bathik: Kampung bathik inggih menika séntra bathik wonten Semarang ingkang sampun naté unggul nalika jaman Walanda. Botèn namung kampung bathik ingkang dadosaken papan kanggé perajin bathik nanging ugi Bugangan, Rejosari, Kulitan, Kampung Melayu lan Kampung Darat inggih menika kampung ingkang papanipun wonten ing sekitar Kutha Semarang kanthi tempo jaman rumiyin. Biasanipun masarakat Semarang tempo riyin bathik kanthi motif kadosta iwak, kupu-kupu, kembang, bukit lan omah.
- Désa Gemawang: Saking jaman Hindia Walanda, ing wilayah Desa Gemawang panci sampun wonten indhustri bathik ingkang sae. Salajengipun Gunung Ungaran jèbluk antawisipun taun 1800-an, kerajinan bathik menika nyebar ing sapérangan wilayah. Bathik Gemawang milai wonten malih nalikanipun taun 2005. Motif bathik Gemawang ingkang dados ciri khasipun inggih menika motif Kopi, Tala Madu lan Baruklinting. Ananging bahan warni utami bathik Gemawang ginakaken indigo.[9][13]
Kampung Bathik Semarang
[besut | besut sumber]Kampung Bathik Semarang menika kawontenan ing wilayah Kelurahan Rejomulya, Semarang.[14] Pernahipun wonten mergi Bathik. Nalika wektu penjajahan Kampung Bathik Semarang kedadosan mangsa menangipun dumugi taun 1942 nalika penjajahan Jepang. Kampung Bathik Semarang naté ngalami kobongan ingkang ageng. Nalika kedadosan prastawa kasèbut kampong Bathik boten bikak malih. Dumugi taun 1980an, Kampung Bathik menika dipun kawontenaken malih kaliyan masarakat. Ananging bikakipun boten dangu amargi kawontenan masalah. Ing taun 2006, Kampung Bathik Semarang menika dipunbikak lan dipunkembangaken malin ngantos asilipun cekap saé dumugi sakmenika. Pèrangan menika botèn tèbih kaliyan dukunganipun pèmèrintah dhaérah lewat Dewan Kerajinan Nasional Dhaérah ingkang ngawontenaken pelatian bathik lan sosialisasi bathik Semarangan.[15]
Kampung Bathik ingkang rumiyin gadhahi sejarah rawan maling nanging sasampunipun kerajinan bathik ingkang asli Semarang menika milai bikak lan dadosaken warga kampung menika damèl saben pinggir mèrgi ing kampung Bathik dipunparing hiasan mural ingkang nampilaken motif bathik Khas Semarang, carita pawayangan ugi legenda mula bukanipun Kutha Semarang. Dipungambaraken ugi kadospundi Raden Patah kala rumiyin maringi nama Kutha Semarang. Sanèsipun dados papan kangge mburu anéka kain bathik lan prodhuk olahan kain bathik ingkang khas saking Semarang, ananging wonten ing papan menika ugi dipun-ngawontenaken kursus utawi pelatian bathik kanthi wekdal ingkang boten dangu. Kanggé mlebet menika namung cekap mbayar Rp 25.000,- dumugi Rp 30.000,- kemawon.[14]
Gladri
[besut | besut sumber]- Juru Pambathik ing Kampung Tukang nalika jaman koloniyal Walandi

Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Wardani, Agustin Tri. "Mengenal Batik Khas Semarang: Sejarah hingga Motifnya". detikjateng (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-14.[pranala mati permanèn]
- 1 2 Putri, Ria Aldila (2023-10-2). "Sejarah Batik Semarang, Motif Asli Mulai Pudar Berganti Ikon". Espos.ifd. Dibukak ing 2025-11-15.
{{cite web}}: Check date values in:|date=(pitulung) - ↑ Semarang, PPID Kota. "Profil Kota Semarang". PPID Kota Semarang (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-14.
- ↑ "INDUSTRI SEMARANG BERGESER DARI MANUFACTURE KE TOURISM" (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2025-12-14.
- 1 2 3 4 5 6 7 Afreliyanti, Susi (2015). "MENGUNGKAP SEJARAH DAN MOTIF BATIK SEMARANG SERTA PENGARUH TERHADAP MASYARAKAT KAMPUNG BATIK TAHUN 1970-1998". JIH, Jornal of Indonesian Histrory. Volume 3 Nomer 2: 53–59. Diarsip saka sing asli ing 2013-08-12. Dibukak ing 2025-12-16.
{{cite journal}}:|volume=has extra text (pitulung); Check|url=value (pitulung); line feed character in|title=at position 79 (pitulung) - ↑ ID, Republika. "Duo Nyonya 'Londo' | Republika ID". republika.id (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2025-12-16.
- 1 2 "Jejak Perkembangan Batik pada Zaman Belanda dan Jepang". Engrasia (ing basa Inggris). Dibukak ing 2025-12-16.
- ↑ Good News From Indonesia. "Kisah Orang Belanda yang Jadi Pengusaha Batik Sukses di Pesisir Jawa pada Abad 19". Good News From Indonesia (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-16.
- 1 2 Supriono, Primus (2016). ENSIKLOPEDIA The Heritage Of BATIK Identitas Pemersatu Kebanggaan Bangsa. Yogyakarta: 2016. kc. 94.
- ↑ ID, Republika. "Romansa Kampung Batik Semarang | Republika ID". republika.id (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2025-12-16.
- ↑ KOMPASTV (2025-10-06), Wisata Edukasi Kampung Batik Semarang, Belajar Membatik Langsung dari Pengrajin | SAPA SIANG, dibukak ing 2025-12-16
- ↑ "6 Daya Tarik Kampung Batik Semarang, Seru sekaligus Edukatif!". inilah.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-16.
- ↑ Diskominfo Kota Semarang 2022. "Kampung Tematik - Kota Semarang". kampungtematik.semarangkota.go.id. Dibukak ing 2025-12-16.
- 1 2 Salina, Artha (2017-08-02). "Kampung Batik, Pusat Kerajinan Batik & Spot Instagramable di Semarang". IDN TIMES. Dibukak ing 2019-10-30.[pranala mati permanèn]
- ↑ Setyanto, Juri (2018-10-09). "Kampung Batik Semarang, Bangkitkan Kembali Batik Semarangan". Potensi Jateng. Dibukak ing 2019-10-30.[pranala mati permanèn]