Menyang kontèn

Bathik Lasem

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Aksara Latin
     
Bathik Lasem kaprabawan déning budaya Tionghoa lan Jawa.

Bathik Lasem minangka salah sijiné jinis bathik saka tlatah pasisir, yaiku Lasem, Rembang, Jawa Tengah.[1] Bathik iki campuran antarané bathik Cina lan Jawa.[2] Bathik iku kapérang dadi rong warna, yaiku bathik pesisiran kaya ta bathik saka Lasem, Cirebon, Tuban, lan liya-liyané.[1] Jinis bathik liyané yaiku bathik saka kaprajan kaya ta bathik Sala, Jogja, Banyumas, lan sapanunggalané.[1]

Sujarah

[besut | besut sumber]

Bathik Lasem kaduga wus ana ing abad XVI lan wiwit kagawé prodhuksi ing abad XVII, lan dadi barang dagangan para sudagar Cina ing abad XVIII nganti abad XIX. Pungkasan abad XVIII nganti sadurung Perang Donya II dadi jaman kajayan lan kamulyan kanggo Bathik Lasem. Ing nalika semana Bathik Lasem dadi salah sawijining barang dagangan andhelan Lasem sing kasil tembus nganti pasar mancanagara kayata Malaka, Singapura, Asia Wétan, nganti Suriname.[3][4] Ing mangsa 1920an Lasem kasil dadi Kutha Prodhusèn paling gedhé sa-Indhiya Walanda; ana ing taun-taun iku kacathet ora kurang ana 4.000 nganti 5.000 pagawé lan 120 pangudi ing Lasem.[5] Gunggungé pangudi lan pagawé ing Lasem iki ngalahaké gunggungé para pangudi lan pagawé juru bathik ana ing Kutha Surakarta, Pekalongan, lan liya-liyané.[6]

Miturut sapérang sumber cara mbathik dikenalaké déning para bangsa Cina, digawa saka negri asalé lan ditularaké marang bangsa Jawa ing Lasem. Bathik Lasem karipta amarga ananing kabutuhan kain padintenan uga kabutuhan kanggo sarana upacara tata ibadah kanggo bangsa Cina. Kain Tokwi (kain lèmèk méja sebahyangan ing Kapitayan Cina) mulané kudu diimpor saka negeri manca utamane asli saka negeri Cina, amarga larang lan angèl kanggo ngéntukaké Kain Bathik Lasem dadi bahan pangganti [6]

Corak bathik Lasem

[besut | besut sumber]

Bathik Lasem duwé rong corak kas yaiku Latohan lan Watu Pecah.[1] Corak Latohan iku nggambaraké panganan khas wong-wong Lasem, yaiku tuwuhan latoh (kaya rumput laut).[1] Déné motif watu pecah nggambaraké jèngkèlé wong Lasèm jalaran akèh kurban nalika nggawé dalan Daendeles.[1] Corak khas liya katon saka warna abang kang padha karo warna getih pitik.[7] Saliyané iku, corak bathik lasem uga campuran budaya [Tionghoa], budaya bebrayan pasisir lor, lan budaya kraton (Surakarta lan Yogyakarta).[7] Budaya Kraton Surakarta lan Yogyakarta bisa dideleng saka motif bathik lasem kaya ta anané ornamèn kawung, parang, lan sapanunggalané.[7] Déné prabawa budaya pasisir katon saka wernané bathik kang padhang kaya déné abang, biru, kuning, lan ijo.[7]

Cara nggawé bathik Lasem

[besut | besut sumber]

Carané nggawé bathik Lasem yaiku ngethok kain miturut ukuran kang wus ditemtokaké.[7] Kain iku banjur digambar manut pola kang wus digawé banjur nerusi (nyampurnakake gambar).[7] Sabubaré disampurnakaké, banjur némbok (nutupi gambar nganggo lilin), diwènèhi warna, nglorot (ngresiki lilin), lan dipépé.[7] Yèn wis garing, bathik diprès banjur dibungkus lan bisa didol.[7]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 Batik Lasem; Campuran Budaya Cina dan Jawa[pranala mati permanèn] (dipunundhuh 11 Maret 2011)
  2. William Kwan HL Mempopulerkan Kembali Batik Lasem(dipunundhuh 11 Maret 2011)
  3. kompas.id (2016-06-26). "Sejarah Panjang Kebangkitan * Selisik Batik". Jelajah Kompas (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2025-12-01.
  4. "Sejarah Lasem yang Menghasilkan Batik sejak Abad ke-15". Tempo (ing basa Indonesia). 3 Oktober 2025 | 15.16 WIB. Dibukak ing 2025-12-01. {{cite web}}: Check date values in: |date= (pitulung)
  5. Apriyani, Astri (2020-07-14). "Lasem, Si Kota Batik". Kesengsem Lasem (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-01.
  6. 1 2 "Sejarah Batik Lasem, Wastra Pesisir di Jalur Rempah Nusantara - Semua Halaman - National Geographic". nationalgeographic.grid.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-01.
  7. 1 2 3 4 5 6 7 8 Batik Lasem[pranala mati permanèn] (dipunudhuh 11 Maret 2011)