Menyang kontèn

Batalyon kavaleri

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Béda saka Batalyon infanteri, Batalyon Kavaleri (dicekak Yonkav) iku cacahé personil ora tansah dumadi saka 600-1000 personel. Ukuran Batalyon kanggoné Korps kang migunakaké baret ireng iki racaké migunakaké gunggungé kendaraan kang diduwèni, contoné dumadi saka saméné tank utawa saméné panser.

Persenjataan

[besut | besut sumber]

Unsur persenjataan utama Yonkav ana loro, ya iku tank lan panser. Ana Yonkav kang persenjataané mirunggan panser utawa mirunggan tank waé, utawa gabungan kaloroné. Conto Yonkav kang persenjataané mung awujud tank: Yonkav 1/Kostrad. Déné kang mirunggan panser, contoné Yonkav 7/Panser Khusus Kodam Jaya. Conto kang gabungan: Yonkav 9/Serbu (Kodam Jaya), Yonkav 4/Serbu (Kodam III/Siliwangi). Sanadyan mangkono, Yonkav kang wujud unsur gabungan panser lan tank iku wangun kang paling umum. Saliyané iku isih ana uga ékan kavaleri liya ya iku wangun kompi kavaleri madeg dhéwé (mandhiri) utawa detasemen kavaleri ing lingkungan TNI-AD.

Organisasi batalyon

[besut | besut sumber]

Batalyon Kavaleri racaké dumadi saka 3 Kompi Pemukul, lan 1 Kompi Markas. Markas Kompi Batalyon Kavaleri racaké nyebar ing sawatara kutha. Contoné: Batalyon Kavaleri 2/Turangga Ceta kang markasé dumunung ing Ambarawa duwé kompi kang markasé ing Yogyakarta.

Saliyané Kesatuan Batalyon Kavaleri kang ana ing sangisoré struktur komando TNI-AD, ana uga Kesatuan Resimen Kavaleri kang ana ing sangisoré Korps Marinir TNI-AL.

Batalyon kavaleri ing Indonesia

[besut | besut sumber]
Batalyon Kavaleri ing Indonesia
No Jeneng Markas Katrangan
1Yonkav 1/Warak Ceta CaktiCijantungKostrad
2Yonkav 2/Turangga CetaAmbarawa, SemarangKodam IV/Diponegoro
3Yonkav 3/BUSingosari, MalangKodam V/Brawijaya
4Yonkav 4/-BandungKodam III/Siliwangi
5Yonkav 5/-Karang Endah, Muara EnimKodam II/Sriwijaya
6Yonkav 6/Naga KarimataAsam Kumbang, MedanKodam I/Bukit Barisan
7Yonkav 7/Serbu KhususCijantungKodam Jaya
8Yonkav 8/-PasuruanKostrad
9Yonkav 9/CobraSerpong, BekasiKodam Jaya
10Yonkav 10/MendagiriMakassarKodam XIV/Hasanuddin
11Yonkav 11/SerbuJantho, Acèh BesarKodam Iskandar Muda