Bastet

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bast minangka singa wadon
Bast minangka kucing klangenan

Bastet iku ing Mesir kuna minangka déwining ayoman lan kucing. Dhèwèké iku putriné Ra, déwi srengéngé. Minangka déwi pangayom, dhèwèké dianggep pambélaning pirngon, lan mula uga pambélaning Ra sang mantri déwa.

Bastet uga nduwé jeneng liya ya iku Bast, Ubasti, lan Pasch. Dhèwèké dipuja awit Wangsa Kaloro ing Mesir Kuna. Séntral saka kultusé ana ing Per-Bast (Bubastis ing basa Yunani), sing dijenengi padha karo dhèwèké. Asliné Bastet dianggep déwi ayoman ing Mesir Ilir, mula gegambaraning wujudé dhèwèké iku singa sing rodra. Jenengé (wédok) nduwé arti pangglagak.

Ing wektu-wektu sabanjuré, Bastet dadi déwi ayoman lan berkah, sarta minangka pangayoming para wanita, bocah-bocah, lan kucing klangenan. Dhèwèké uga déwi raina, musik, beksan, lan kelangenan, uga kulawarga, kaelohan, lan kalairan. Magepokan iki, nalika Anubis dadi déwa pambalseman, Bastet, minangka déwi balsem, lan dhèwèké dianggep ibuné Anubis, nganti Anubis dadi putrané Nephthys.

Awit sipaté sing alus minangka dèwi wewangèn lan teluking wewengkon Mesir Ilir ing perang antara Mesir Ilir lan Udhik, Bastet nuli mung dianggep kucing klangenan ing Praja Mesir Tengahan, dudu singa wadon manèh. Amarga kucing klangenan lumrahé alus lan protèktif marang anak-anaké, Bastet uga dianggep ibu sing apik, lan kala-kala digambaraké dhèwèké lagi karo cemèng-cemèng. Mula, wanita sing péngin nduwé anak kala-kala nganggo semail sing ngèdhèngaké Bastet karo cemèng-cemèng, sing cacahé minangka akèhé anak sing dipéngini.

Kulawarga[besut | besut sumber]

Bapaké Bastet iku Ra, Déwaning Srengéngé lan Kabèh Makluk. Hathor (Sekment), déwa sirah sapi, uga putriné Ra. Dhèwèke nduwé putra loro, jenengé Konshu, Déwaaning Candra, lan Maahes, Déwa Yuda mawa sirah singa. Bastet ora nduwé ibu amarga Ra, minangka déwata panyipta, uga karan "He-She Agung”. Bojoné dhèwèké ya iku Ptah, Déwané Kriya, Titisan, lan Panyipta. Nalika digayutaké karo Isis, dhèwèké diarani “Atmaning Isis”.

Nanging bab kuwi salah, amarga Bastet lan Isis ora ana gegayutané kaya kulawarga. Rather, Sekhmet, Bastet lan losinan déwi liyané dianggep “Mataning-Ra”. Bastet lan Sekhmet dipasangaké, nanging dudu minangka kapribadhén sing klawan karo Bastet. Bastet lan Sekhmet dipasangaké miturut géografis. Panggon mligi pamujané Bastet ana ing Mesir Ilir, déné Sekhmet dipuja ana ing Mesir Udhik. Bastet miturut cara tradhisional karan “Déwining Lor” lan Sekhmet “Déwining Kidul”. Kala-kala Bastet uga karan “Wanodyaning Wétan” (Bastet minangka Ayomaning Délta Wétan) lan “Wanodyaning Kulon” (Sekhmet minangka Ayomaning Délta Kulon).

Wacanen uga[besut | besut sumber]

  • Malek, Jaromir (1993). The Cat in Ancient Egypt. London: British Museum Press.
  • Otto, Eberhard (1972–1992). "Bastet". Ing W. Helck; et al. (èd.). Lexicon der Ägyptologie. Vol. 1. Wiesbaden. kc. 628–30.
  • Quaegebeur, J. (1991). "Le culte de Boubastis - Bastet en Egypte gréco-romaine". Les divins chat d'Egypte. Leuven. kc. 117–27. {{cite encyclopedia}}: Unknown parameter |editors= ignored (pitulung)
  • Quirke, Stephen (1992). Ancient Egyptian Religion. London: British Museum Press.
  • Bakr, Mohamed I. & Brandl, Helmut (2010). "Bubastis and the Temple of Bastet". Ing M. I. Bakr; H. Brandl & F. Kalloniatis (èd.). Egyptian Antiquities from Kufur Nigm and Bubastis. Cairo/Berlin. kc. 27–36. ISBN 978-3-00-033509-9
  • Bernhauer, Edith (2014). "Stela Fragment (of Bastet)". Ing M. I. Bakr; H. Brandl; F. Kalloniatis (èd.). Egyptian Antiquities from the Eastern Nile Delta. Cairo/Berlin. kc. 156–157. ISBN 978-3-00-045318-2

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Remler, Pat Egyptian Mythology A to Z, pages 23 – 24
  2. Adil, Janeen Gods and Goddesses of Ancient Egypt, page 18
  3. Millmore, Mark Imagining Egypt, page 21
  4. Wilkinson, Richard H. The Complete Gods and Goddesses of Ancient Egypt, pages 177 – 178
  5. Redford, Donald B. The Oxford Encyclopedia of Ancient Egypt, Vol. 1, pages 512 – 516
  6. The World Book Encyclopedia 2010, Vol. 3 C-Ch, pages 284 – 297
  7. Ars Mundi Magazine, Germany, Christmas 2009, page 94