Basa Malayu Trengganu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Cithakan:Infobox Language/
Malayu Trengganu
Base Tranung
Bahasa Malayu Terengganu
بهاس ترڠݢانو
Dituturaké ing Malaysia
Wilayah Trengganu, Mersing (Johor), Kuantan (Payang)
Gunggung panutur 1,1 yuta
Rumpun basa Cithakan:Infobox Language/genetic2
Kodhe basa
ISO 639-1 None
ISO 639-2
ISO 639-3

Basa Malayu Trengganu (cara Malayu: Bahasa Malayu Terengganu, cara Malayu Trengganu Malay: Base Tranung/Ganu) iku basa Malaya kang dicaturaké ing Praja Trengganu, Malaysia sadawaning laladan pasisir Trengganu mangidul tekan pasisir Payang lan Mersing, Johor lan mangétan tekan Kapuloan Anambas, Indonésia ing Sagara Cina Kidul. Minoritas Cina saenggon kang mèmper wong Peranakan ing Trengganu nganggo basa Trengganu minangka basa ibu lan uga basa Hokkièn. Sanajan mangkono, ing laladan wates Praja Trengganu lan Praja Kelantan, basa Trengganu dudu basa kang umum. Contoné, basa Malayu Kelantan luwih ngrembaka ing iring lor kutha Besut, ing dhistrik Trengganu. Basa enggon-enggonan iki kala-kala angèl dingertèni tumrap panyatur basa Malayu baku masiya rong basa iku akèh iribé. Basa Malayu Trengganu nganggo alfabèt Latin lan aksara Jawi dalah alihaksara Arab tumrap tulisan. Basa Malayu Trengganu iku gegayutan raket karo basa Malayu Kelantan-Petani lan basa Malayu Payang amarga praja-prajané padha wewatesan nanging ora patiya raket karo basa Malayu Kedah.

Basa Malayu Trengganu dianggo ing manéka sinétron lan filem lokal.[1] Setasiyun radhio kaya ta Terengganu FM lan Hot FM adaté nganggo cara Malayu Trengganu nalika siyaran lan uga nganggo basa Malaysia baku.

Jeneng[besut | besut sumber]

Wong Trengganu lumrahé ngarani basané dhéwé base/bahse Tranung/Tghanung (/bahsɘ tɣanuŋ/) kang tegesé 'basa Trengganu' utawa Cakak Tranung (/tʃakaʔ tɣanuŋ/) kang tegesé 'cara Trengganu'. Ing basa Malayu Baku, basa iki ingaran Bahasa Terengganu utawa Bahasa Malayu Terengganu (Dhialèk/Loghat Terengganu kang ateges 'dhialèk Trengganu' uga jamak dianggo). Wong njaban Trengganu asring salah ngira yèn wong Trengganu ngarani golongan lan basané dhéwé Ganu. Tembung Ganu iku satemené cara Kelantan lan olèhé wong Besut ing iring lor Trengganu ngucapaké Trengganu. Tembung iku arang kanggo déning wong Trengganu kang urip ing iring kidul (Setiu Kidul tekan Kemaman). Saliyané Tranung saha Ganu, wong Trengganu kala-kala uga nganggo jeneng Ganung, Teganu, lan Teganung.

Sangkan[besut | besut sumber]

Ana sawatara ancangan ngenani sangkané aran Terengganu. Salah sijiné mratélakaké manawa sangakané saka pitembungan terang ganu, kang ing cara Malayu tegesé 'kuwung sumunar'. Ana lakon, kang ujaré dicaritakaké déning Sultan Trengganu ping sanga aran Bagéndha Umar, ngenani sagrombolan gurma saka Payang. Para gurma iku ngubengi lan mbebujung ing laladan kang saiki kalebu iring kidul Trengganu. Salah siji gurma iku weruh ana siyung kéwan kang gedhé nggléthak ing lemah. Nuli kancané mitakon yèn siyung iku saka kéwan apa. Gurma iku, kang ora ngerti apa-apa, mung wangsulan taring anu (cara Malay: 'siyungé anu'). Grombolan iku banjur bali Payang nggawa akèh beburon, wulu kéwan, lan kayu cendhana. Gegawané iku ngagumaké tangga teparoné kang padha pitakon saka endi asalé. Para gurma iku mangsuli yèn gegawané iku saka laladan taring anu kang banjur salin lan kondhang dari Terengganu. Trengganu diarani Trangkanu (cara Thai: ตรังกานู) déning wong Siyam nalika wewengkon Trengganu kabawah Siyam.

Conto tulisan[besut | besut sumber]

Ing basa Malayu Trengganu:

Budok-budok lening koho dok kena makanang tradisi, sohbeng kate kuey, nasik pong ttuko bimbo lagi, nok wak guane makanang lening modeng blake, oghang mude tak mboh belajo duk ngarak ke oghang tue sokmo.

Ing basa Malaysia:

Budak-budak sekarang sangsaya tak kenal makanan tradisi, jangan tembung kuih, nasi pun masih tertukar lagi, nak buat macam mana makanan sekarang semua moden, orang mudha tak nak belajar selalu mengharap ke orang-orang tuwa.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Kajian dhialèk TRENGGANU". Slideshare.net. 2013-01-14. Dibukak ing 2016-02-10.

Pranala njaba[besut | besut sumber]