Basa Kapampangan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Kapampangan
Pampangan
Amánung Kapampangan, Amánung Sísuan
Amanung Sisuan in Kulitan.svg
"Amanung Sisuan" ("Kapampangan")
ing aksara Kapampangan
Pangucapan[kapamˈpaŋan]
AsalFilipina (Luzon Tengah)
LaladanPampanga, iring kidul Tarlac, iring lor-wétan Bataan, iring kulon Bulacan, iring kidul-kulon Nueva Ecija, lan iring kidul-wétan Zambales
ÈtnisWong Kapampangan
Panyatur asli
ora weruh (1,9 yuta ing 1990 census)[1]
basa angka 7 akèh dhéwé panyaturé ing Filipina[2]
Dhialèk
Latin (Aksara Kapampangan)
Biyèné ditulis nganggo: Kulitan
Status resmi
Basa resmi ing
Basa enggon-enggonan ing Filipina
Diatur déningKomisyon sa Wikang Filipino
Kodhe basa
ISO 639-2pam
ISO 639-3pam
Glottologpamp1243[3]
Kapampangan-speaking regions.png
Tlatahé panyatur basa Kapampangan
Artikel iki ngandhut simbul-simbul fonètis IPA. Tanpa sengkuyungan tèhnis sing trep, panjenengan namung bakal weruh simbul pitakon, kothak, utawa liyané, nanging dudu karakter Unicode.

Basa Pampanga utawa Kapampangan (aksara Kulitan: Kapampangan.svg) ya iku salah siji basané Filipina. Basa iki dicaturaké ing Provinsi Pampanga, ing bacirané Luzon Tengah, iring kidul Provinsi Tarlac lan lor-wétané Bataan, akèh-akéhé panyaturé ya iku wong Kapampanga. Basa Kapampangan uga dingertèni ing sawatara kutha ing Bulacan, Nueva Ecija, lan déning wong Aitas utawa Aéta saka Provinsi Zambales. Saliyané iku, basa iki uga diarani Pampango lan ing basa Kapampangan dhéwé diarani Amánung Sísuan, kang tegesé 'basa suson/rumatan'. Ing taun 2012, basa Kapampangan dadi salah sawijining basa gedhé ing Filipina kang resmi diwulang lan disinaoni ing sekolah-sekolah lan universitas-universitas.[4]

Sajarah[besut | besut sumber]

Tembung Kapampangan dhedhasar saka tembung pampáng kang artiné "arus". Ing sujarahé, basa iki dicaturaké ing jaman Praja Tondo, kang dipréntah déning Lakan. Ing abad 18, ana rong buku bab Kapampangan kang ditulis déning Fr. Diego Bergaño. Dhèwéké nulis buku Vocabulario de la lengua Pampanga[5] lan Arte de la lengua Pampanga. Wong Kapampangan uga nduwé rong sastrawan gedhé ing abad angka 19. Rama Anselmo Fajardo kondhang amarga karyané Gonzalo de Córdova lan Comedia Heróica de la Conquista de Granada. Musanip liyané, Juan Crisóstomo Soto uga misuwur amarga nulis rena-rena babagan. Salah sijiné, dhèwèké nulis Alang Dios ing taun 1901. Sastrawan Kapampangan liyané ya iku Amado Yuzonuga, kang diarani sujana sastra lan uga calon panampa Bebungah Nobel kanggo katentreman lan kasusastran ing taun 1950-an awit sumbangsihé ing kasusastran Kapampangan lumantar "Crissotan".[6]

Gegebengan[besut | besut sumber]

Kapampangan iku salah sawijiné basa Luzon Tengah sajeroning kulawarga basa Austronésia. Basa liyané kang cedhak karo basa Kapampangan ya iku kulawarga basa Sambal ing Provinsi Zambales lan basa Bolinao kang panyaturé ana ing kutha Bolinao lan Anda ing Provinsi Pangasinan. Saliyané iku, basa Kapampangan isik saduluran uga karo basa Jawa, Malagasi, Tagalog, Indonésia, lan sapanunggalé.

Tlatah sebaran[besut | besut sumber]

Basa Kapampangan mligi dicaturaké ing Provinsi Pampanga lan iring kidul Provinsi Tarlac (Bamban, Capas, Concepcion, San Jose, Gerona, La Paz, Victoria, lan Kutha Tarlac). Basa iki uga dadi basa guneman ing kutha lan désa wewengkon parimana ing Provinsi Bataan (Dinalupihan, Hermosa, lan Orani), Bulacan (Baliuag, San Miguel, San Ildefonso, Hagonoy, Plaridel, Pulilan uga Calumpit), Nueva Ecija (Cabiao, San Isidro, Kutha Gapan, Kutha Cabanatuan) Zambales (Kutha Olongapo, lan Subic).

Miturut cacah sirah Filipina taun 2000, disebutaké yèn basa Kapampangan dicaturaké minangka basa asli déning wong 2.312.870 saka 76.332.470 wong sa-Filipina.

Tuladhané tembung[besut | besut sumber]

Ngisor iki tuladhané tembung basa Kapampangan. Ana kang padha utawa sairib basa Jawa lan basa-basa Nuswantara liyané, lan akèh uga pangaruh basa Spanyol, Inggris, Tagalog, lan basa saubengé.

Tembung kang sairib basa Jawa antarané:

  • muli - mulih
  • bengi - bengi, wengi
  • bulan - wulan
  • babi - babi
  • asu - asu
  • dalan - dalan
  • pila - pira
  • mangan - mangan
  • mete - mati
  • keni - kéné
  • lumod - lumut

Angkané ya iku:

  • 1 - bisa (kanggo nyebut angka); metung (kanggo ngitung)
  • 2 - addua
  • 3 - atlu
  • 4 - apat
  • 5 - lima
  • 6 - anam
  • 7 - pitu
  • 8 - walu
  • 9 - s'yam
  • 10 - apulu

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Kapampangan ing Ethnologue (éd. ka-18, 2015)
  2. Philippine Census, 2000. Table 11. Household Population by Ethnicity, Sex and Region: 2000
  3. Hammarström, Harald; Forkel, Robert; Haspelmath, Martin, eds. (2017). "Pampanga". Glottolog 3.0. Jena, Jerman: Max Planck Institute for the Science of Human History. 
  4. Ulrich Ammon; Norbert Dittmar; Klaus J. Mattheier (2006). Sociolinguistics: an international handbook of the science of language and society. Volume 3. Walter de Gruyter. k. 2018. ISBN 978-3-11-018418-1. 
  5. Bergaño, Diego (1860). Vocabulario de la Lengua Pampanga en Romance. Manila: Imprenta de Ramirez y Giraudie. 
  6. Ing manéka pasamuwan, wong Kapampangan katonané luwih kendhel lan yakin yèn sambung rembug karo 'sabarakané' [Kabalen] dhéwé nganggo basa Tagalog tinimbang nganggo basané dhéwé. Kaya ta, akèh pandhita Katulik kang saiki nganggo basa Tagalog ing kotbahé nalika liturgi Kapampangan, sawetara iku pasamuwan siswa SMA uga nganggo basa Tagalog sanajan kabéh kang teka wong Kapampangan.

    — [1]