Basa madya
Basa madya (saiki kaaran basa krama madya) iku basa Jawa kang nganggo tembung madya mawa ater-ater saha panambang ngoko.
Miturut unggah-ungguh Jawa kang lawas, basa madya dumunung ing antaraning basa ngoko lan basa krama. Kala samana, péranganing basa madya ana telu: madya ngoko, madyantara, lan madya krama.[1][2] Ing unggah-ungguh Jawa kang anyar, basa madya ora kaanggo manèh; ora madeg dhéwé kang séjé saka basa ngoko lan basa krama. Ing samangko, basa madya sok kaanggep péranganing basa krama minangka basa krama kang ora alus[1] lan ora baku, mula kaaran basa krama madya.
Pérangan
[besut | besut sumber]Duk nguni, péranganing basa madya ana telu: madya ngoko, madya krama, lan madyantara. Mangokoa, sawenèh pustaka ora sarujuk anggoné mratélakaké madya krama lan madyantara.
Cathetan: mungguh ing conto, tembung ngoko dikandelaké lan digarisi sor, tembung krama dikandelaké, déné tembung krama inggil digarisi sor.
Madya ngoko
[besut | besut sumber]Basa madya ngoko iku basa madya kang nganggo tembung madya lan tembung ngoko mawa ater-ater lan panambang ngoko.[1][2][3][4] Madyama purusané nganggo tembung dika, déné pratama purusané nganggo tembung kula. Panganggoning basa madya ngoko padatané ing guneming bakul marang bakul.[2] Ing sor iki conto ukara kang nganggo basa madya ngoko.
- Mang madhang sega abang.[4]
- Dika kok sajak kesusu ngajak mulih kula. Onten preluné napa, ta?[2]
- Dika napa arep mangan iwak wedhus?[3]
Madya krama
[besut | besut sumber]Basa madya krama iku basa madya kang nganggo tembung madya lan tembung krama mawa ater-ater lan panambang ngoko (Panemu 1).[3][4] Ana panemu liya manawa basa madya krama uga ngemu tembung krama inggil (Panemu 2).[1][2] Panganggoning basa madya krama padatané ing guneming wong wadon marang bojoné.[2] Ing sor iki conto ukara kang nganggo basa madya krama.
- Mang nedha sekul abrit.[4] (Panemu 1)
- Pakné, wanci ngèten kok empun ajeng tindak teng kantor. Napa kathah padamelan?[2] (Panemu 2)
- Samang napa ajeng nedha ulam menda?[3] (Panemu 1)
Madyantara
[besut | besut sumber]Basa madyantara iku basa madya kang nganggo tembung madya, tembung krama, tembung krama inggil kanthi ater-ater lan panambang ngoko (Panemu 1).[3][4] Ana panemu liya manawa basa madyantara mung ngemu tembung madya lan tembung krama (Panemu 2).[1] Panemu liya manèh ngarani basa madyantara padha karo basa madya ngoko, mung béda ing madyama purusa kang nganggo tembung mang, samang, utawa sampéyan ing basa madyantara (Panemu 3).[2] Panganggoning basa madyantara padatané ing guneming wong wadon marang bojoné[4], priyayi cilik marang priyayi cilik, lan priyayi marang saduluré kang pangkat luwih cendhak.[2] Ing sor iki conto ukara kang nganggo basa madyantara.
- Mang dhahar sekul abrit.[4] (Panemu 1)
- Sampéyan rak empun duwé tumbak sing luwih apik, ta?[2] (Panemu 2)
- Sampéyan napa kersa dhahar ulam ménda?[3] (Panemu 1)
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]Rujukan
[besut | besut sumber]- Padmosoekotjo, S. (1953). Ngéngréngan Kasusastran Djawa I. Ngayogyakarta: Toko Buku Hien Ho Sing.
- Prajapustaka, Mas Ngabèi (1925). Kawruh Basa. Ngayogyakarta: N. V. Mardi Mulya.
- Suwadji (2013). Ngoko Krama. Yogyakarta: Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. ISBN 9786027777620. OCLC 890814963.