Badan Pemeriksa Keuangan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Cithakan:Politics of Indonésia Badan Pemeriksa Keuangan

Badan Pemeriksa Keuangan (dipuncekak BPK) inggih punika lembaga tinggi nagara ing sistem ketatanagaraan Indonésia ingkang gadhah wewenang mriksa pengelolaan lan tanggung jawab babagan arta nagara lan ngawasi pangginaan sarta pwedalan arta nagara ingkang sumberipun saking APBN (Anggaran Pandapatan dan Belanja Nagara]].[1] Miturut UUD 1945, BPK minangka lembaga ingkang bébas lan mandhiri. Anggota saking BPK dipunpilih déning Dewan Perwakilan Rakyat mawi nggatèkaken pratimbangan Dewan Perwakilan Laladan lan dipunrèsmèkaken déning Présidhèn. Kasil saking pamriksaan arta nagara dipunpasrahaken dhumateng DPR, DPD, lan DPRD miturut kewenanganipun.

Visi lan Misi[besut | besut sumber]

Visi[besut | besut sumber]

Dados lembaga pamariksa keuangan nagara ingkang kredibel mawi njunjung inggil aji-aji dhasar kanggé mundhut peran aktif kanggé nyurung kawujudipun tata kelola keuangan nagara ingkang akuntabel lan transparan.[2]

Misi[besut | besut sumber]

  • Mriksa pengelolaan lan tanggung jawab keuangan nagara.
  • Maringi pamanggih kanggé ningkataken mutu pengelolaan lan tanggung jawab keuangan nagara.
  • Ndhèrèk peran aktif ing nemokaken lan nyegah sadaya wujud penyalahgunaan lan penyelewengan keuangan nagara.[2]

Ancas Strategis[besut | besut sumber]

Lumantar nindakaken misinipun, BPK ngupaya kanggé nggayuh ancas-ancas strategis ing ngandhap punika:

  • Nyurung kawujudipun pengelolaan keuangan nagara ingkang tertib, tangat tumrap peraturan perundang-undangan, ékonomis, efisien, efektif, transparan, lan bertanggung jawab mawi nggatèkaken raos adil lan patut.
  • Mujudaken pemeriksaan ingkang mutu kanggé ngasilaken lapuran kasil pemeriksaan ingkang gadhah mupangat lan jumbuh kaliyan kabutuhan pamangku kepentingan.
  • Mujudaken birokrasi ingkang modern ing BPK.[2]

Aji Dhasar[besut | besut sumber]

Salebeting nindakaken misinipun, BPK njagi aji-aji dhasar kados ta ing ngandhap punika:

  • Independensi, Kita njunjung inggil independensi, kanthi kelembagaan, organisasi, apa déné individu. Ing sadaya prekawis kanthi jejibahan pamariksaan, kita bébas ing sikap mental lan penampilan saking gangguan pribadi, ekstern, lan/utawa organisasi ingkang saged mrabawani indepenndensi.
  • Integritas, Kita yasa aji intregitas mawi sikap jujur, objektif, lan teges salebeting nerapalen prinsip, aji, lan putusan.
  • Profesionalisme, Kita yasa aji profesionalisme mawi nerapaken prinsip ngatos-atos, teliti, lan premati, sarta tansah gadhah paugeran dhumaten standar ingkang lumampah.[2]

Sajarah[besut | besut sumber]

Pasal 23 ayat (5) UUD Taun 1945 netapaken bilih kanggé mriksa tanggung jawab babagan Keuangan Nagara dipunwontenaken satunggaling Badan Pemeriksa Keuangan ingkang paugeranipun dipuntetepaken mawi Undang-Undang. Kasil pamriksaan kasebat dipunaturaken dhumateng Dewan Perwakilan Rakyat.[2]

Adhédhasar amanat UUD Taun 1945 kasebat sampun dipunwedalaken Surat Penetapan Pamaréntah No. 11/OEM tanggal 28 Dhésèmber 1946 babagan pambentukan Badan Pemeriksa Keuangan, ing tanggal 1 Januari 1947 ingkang kedhudhukan sawatawis ing kitha Magelang. Ing wekdal punika Badan Pemeriksa Keuangan namung gadhah 9 anggota pegawé lan minangka Ketua Badan Pemeriksa Keuangan sapisan inggih punika R. Soerasno. Kanggé miwiti tugasipun, Badan Pemeriksa Keuangan mawi seratipun tanggal 12 April 1947 No. 94-1 sampun ngandharaken dhumateng sadaya instansi ing wewengkon Républik Indonésia ngengingi tugas lan kuwajiban salabeting mriksa tanggung jawab babagan Keuangan Nagara, kanggé sawatawis taksih ngginakaken peraturan perundang-undangan ingkang rumiyin lumampah kanggé panindakan tugas Algemene Rekenkamer (Badan Pemeriksa Keuangan Hindia Walanda), inggih punika ICW dan IAR.[2]

Salebeting Penetapan Pamaréntah No.6/1948 tanggal 6 November 1948 panggénan kedhudhukan Badan Pemeriksa Keuangan dipunpindhahaken saking Magelang menyang Yogyakarta. Nagara RI ingkang kutha krajanipun ing Yogyakarta tetep gadhah Badan Pemeriksa Keuangan miturut pasal 23 ayat (5) UUD taun 1945. Ketuanipun dipunsulihi déning R. Kasirman ingkang dipunangkat adhédhasar SK Présidhèn RI tanggal 31 Januari kepétung wiwit 1 Agustus 1949.[2]

Anggota[besut | besut sumber]

BPK gadhah 9 anggota, mawi rantaman satunggal Ketua ngrangkep anggota, 1 Wakil Ketua ngrangkep anggota, sarta 7 anggota. Anggota BPK nyepeng kalungguhan sadangunipun 5 taun lan sasampunipun punika saged dipunpilih malih kanggé satunggal masa kalungguhan.

Punika dhaftar anggota BPK periodhe 2004-2009:

  1. Prof. Dr. H. Anwar Nasution, S.E, M.P.A. (ketua)
  2. H. Abdullah Zainie, S.H.
  3. Drs. Imran, Ak.
  4. I Gusti Agung Rai, Ak, M.A.
  5. Hasan Bisri, S.E.
  6. Drs. Baharuddin Aritonang
  7. Irjen Pol. Drs. Udju Djuhaeri

Anggota BPK periodhe 2009-2014:

  1. Drs. Hadi Poernomo, Ak (Ketua)
  2. Dr. Ir. Herman Widyananda, SE, M.Si (Wakil Ketua)
  3. Dr. Moermahadi Soerja Djanagara, SE, Ak, MM, CPA (Anggota I)
  4. Drs. H. Taufiequrachman Ruki, SH (Anggota II)
  5. Hasan Bisri, SE, MM (Anggota III)
  6. Dr. Ali Masykur Musa, M.Si, M. Hum (Anggota IV)
  7. Drs. Sapto Amal Damandari, Ak (Anggota V)
  8. Dr. H. Rizal Djalil (Anggota VI)
  9. Drs. T. Muhammad Nurlif (Anggota VII)

Anggota BPK periodhe 2009-2014 (Jilid II):

  1. Drs. Hadi Poernomo, Ak (Ketua)
  2. Hasan Bisri, S.E., M.M. (Wakil Ketua)
  3. Dr. Moermahadi Soerja Djanagara, SE, Ak, MM, CPA (Anggota I)
  4. Drs. H. Taufiequrachman Ruki, SH (Anggota II)
  5. Dr. Agung Firman Sampurna, S.E., M.Si. (Anggota III)
  6. Dr. Ali Masykur Musa, M.Si, M. Hum (Anggota IV)
  7. Drs. Sapto Amal Damandari, Ak (Anggota V)
  8. Dr. H. Rizal Djalil (Anggota VI)
  9. Bahrullah Akbar, Drs.(Anggota VII)

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. BPK[pranala mati permanèn](dipunundhuh 5 Fèbruari 2013)
  2. a b c d e f g Badan Pemeriksa Keuangan Républik Indonésia Archived 2013-01-18 at the Wayback Machine.(dipunundhuh 4 Fèbruari 2013)