Menyang kontèn

Ashadi Siregar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ashadi Siregar
Lair3 Juli 1945
Pematang Siantar, Sumatra Lor
PakaryanSastrawan, wartawan, dhosèn
Wong tuwaAbdul Azis Siregar,
Ny. N. H. Azis Siregar

Ashadi Siregar kondhang minangka panganggit novèl populèr kang tokohé mahasiswa.[1] Ashadi lair ana Pematang Siantar, Sumatra Lor, ing 3 Juli 1945.[1] Bapaké asma Abdul Azis Siregar, ibuné asma Ny. N. H. Azis Siregar.[1]

Pawiyatan

[besut | besut sumber]

Ashadi namataké sekolah dhasar ana Prapat, Sumatra Lor, taun 1958.[1] Nerusaké SMP ana Prapat, tamat 1961.[1] Banjur ana SMA Negeri Padang Sidempuan milih pérangan B tamat 1964.[1]

Nalikane umur 19, dhèwèké péngin sinau jurnalistik amarga kainspirasi saka tokoh jurnalistik Tirto Adhi Soerjo.[2] Taun 1964, mèlu kuliah ana Jurusan Publisistik, Fakultas Sosial Pulitik, Universitas Gadjah Mada, éntuk gelar sarjana taun 1970.[1][2] Nanging, nalikané lumebu, dhèwèké kagèt amarga nèng kana ora diajari jurnalismé babar blas.[2] Suwasana jaman iku (Rezim Lawas) marakaké dhèwèké sinau junalismé dhéwé (otodidak).[2] Nanging dhèwèké tetep nerusaké pawiyatané kanggo ngurmati wong tuwané.[2] Amarga iku, dhèwèké ora nerusaké pawiyatané nganti tingkat master lan doktoral.[2] Kanggo dhèwèkné, gelar pawiyatan iku ora wigati, sing wigati ya iku pakaryané sawijining wong ana babagan kang ditresnani.[2]

Pakaryan

[besut | besut sumber]

Kawit éntuk gelar sarjana publisistik, dhèwèké manggon ana Yogyakarta lan makarya minangka dhosèn enom ana jurusan publisistik iku.[1]

Ashadi sepisanan lumebu ana donya jurnalistik ing 1971, nalika dhèwèké ngedhegaké kalawarti minggon Sendi karo kanca-kancane kaya ta Daniel Dhakidae lan Zulkifly Lubis.[2] Ashadi dadi kepala édhitor ana kono.[2] Émané, kalawarti iku dilarang déning Soeharto sawisé edhisi 13 amarga kritik tajam ngenani rencana pamaréntah kanggo yasa Taman Mini Indonesia Indah.[2] Pengadilan mutusaké dhèwèké salah amarga ngina nagara lan présidhèn.[2] Dhèwèké ditibani ukuman percobaan setaun kunjara.[2]

Bubar iku, dhèwèké lumebu ana donya anyar, dhèwèké nulis 12 novèl.[2]

Dhèwèké nulis trilogi Cintaku di Kampus Biru.[2] Dèwèké nulis Cintaku di Kampus Biru ing 1972 lan diemot minangka cerita sambung ana Kompas taun 1972.[1] Novèl iki kondhang ing kalanganing nom-noman taun 1980-an.[3]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i Dendy Sugono 2003, kc. 41.
  2. a b c d e f g h i j k l m n Kuswandini, Dian (4 August 2010). "Ashadi Siregar: Journalism at Heart". The Jakarta Post. Dibukak ing 9 August 2016.
  3. Irianto, D. (16 April 2015). "Ashadi Siregar, Dhakidae, dan Hotman jual yasan pendidikan di DIY". The Jakarta Post. Diarsip saka sing asli ing 13 July 2015. Dibukak ing 9 August 2016.

Bibliografi

[besut | besut sumber]
  • Dendy Sugono, èd. (2003). Ensiklopedia Sastra Indonesia Modern. Bandung: Remaja Rosdakarya. ISBN 979-692-283-5.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]