Menyang kontèn

Anom Suroto

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Anom Suroto
Lair(1948-08-11)11 Agustus 1948
Klathèn, Jawa Tengah, Indonésia
Pati23 Oktober 2025(2025-10-23) (umur 77)
Kutha Surakarta, Jawa Tengah, Indonésia
PakaryanDhalang
GagragGagrag Surakarta

Ki Anom Suroto (lair ing Juwiring, Klathèn, 11 Agustus 1948  pati ing Surakarta, 23 Oktober 2025 ing umur 77 taun)[1] iku dhalang wayang kulit saka Jawa Tengah. Anom Suroto wis sinau ndhalang wiwit umur 16 taun saka bapaké dhéwé ya iku Ki Sadiyun Harjadarsana.[2] Saliyané iku uga sinau saka sawatara dhalang senior liyané. Naté mèlu kursus padhalangan sing dianakaké déning Himpunan Budaya Surakarta, sinau ora langsung saka Pasinaon Dalang Mangkunegaran lan uga Habiranda, Yogyakarta. Taun 1968, Anom Suroto wis tampil ing RRI sawisé ngliwati selèksi sing ketat. Taun 1978 diangkat miangka Panèwu Anon-anon kanthi peparab Mas Ngabehi Lebdocarito lan taun 1995 nampa Satya Lencana Kabudayan.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. NV, Tara Wahyu (23 Oktober 2025). "Maestro Dalang Ki Anom Suroto Wafat Akibat Serangan Jantung-Diabetes". Detik.com. Dibukak ing 2 Novèmber 2025.[pranala mati permanèn]
  2. Firdaus, Haris (24 Oktober 2025). "Obituari: Selamat Jalan, Ki Anom Suroto, Kiblat Para Dalang Muda...". Kompas.