Menyang kontèn

Panji Tisna

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka A.A. Panji Tisna)
Anak Agung Nyoman Pandji Tisna
Lair (1908-02-11) Fèbruari 11, 1908 (umur 116)
BangsaIndonésia
Jeneng liyaPanji Tisna
PakaryanRaja

Anak Agung Pandji Tisna (11 Fèbruari 19082 Juni 1978), utawi Anak Agung Nyoman Pandji Tisna, utawi I Gusti Nyoman Pandji Tisna, punika katurunan ka-11 saking dinasti raja Buleleng ing Bali Lor, Anglurah Pandji Sakti. Piyambakipun marisi takhta saking bapakipun, Anak Agung Putu Djelantik, ing taun 1944. Wonten buku karanganipun piyambak ingkang asesirah I Made Widiadi, wonten ing kaca pungkasan dipunsebataken manawi piyambakipun wiwit rumiyin boten kersa dipunangkat dados raja. Amargi bala pendudukan Jepang merlokaken, pramila kanthi peksan piyambakipun dipundadosaken "syucho".

Kanthi kalenggahan raja, ing taun 1946 piyambakipun dados Ketua Dewan Raja-raja se-Bali (Paruman Agung) lan dados pemimpin Bali ingkang setara kaliyan kalungguhan gubernur. Anak Agung Pandji Tisna ugi pribados ingkang unik, amargi mengku agami Kristen, wonten ing tengahipun masarakat Bali ingkang kathahipun mengku agami Hindhu. Pramila punika, piyambakipun nyerat yèn boten cocog dados raja Buleleng amargi mengku agami Kristen sementawis masyarakatipun mengku agami Hindhu.

Taun 1947 piyambakipun kanthi sadar mandhap saking takhta kraton. Kalenggahan raja dipunlajengaken déning rayinipun Anak Agung Ngurah Ketut Djelantik utawi I Gusti Ketut Djelantik ingkang dipunkenal kanthi asma Meester Djelantik ngantos dumugi pengakuan kedaulatan Indonesia déning Walandi wonten ing taun 1949 lan Anak Agung Ketut Djelantik dados raja Buleleng ingkang pungkasan.

Anak Agung Pandji Tisna séda kaping 2 Juni 1978 lan dipunmakamaken kanthi upacara agami Kristen wonten ing tanah pekuburan pribados ing satunggiling bukit ing dhusun Seraya - Kaliasem ing sisihipun gréja ingkang dipunyasa déning panjenenganipun piyambak.

Pendidikan, dados sastrawan

[besut | besut sumber]

Anak Agung Pandji Tisna gadhah pendidikan formal wonten ing HIS Singaraja lan salajengipun MULO ing Batavia.

Déning masarakat, Anak Agung Pandji Tisna langkung dipunkenal minangka pengarang novèl. Roman-romanipun dipunterbitaken déning Balai Pustaka. Sedaya cariosipun mendhet lokasi wonten ing Bali, mliginipun wonten ing tlatah Singaraja, panggénan kelairanipun. Cariyos-cariyos cekakipun kathah dipunamot wonten ing kalawarti "Terang Boelan" ingkang terbit ing Surabaya. Piyambakipun ugi naté nyerat puisi, ing antawisipun "Ni Poetri", ingkang dipunterbitaken déning Sutan Takdir Alisyahbana wonten kalawarti "Poedjangga Baroe" ing Jakarta.

Perintis pariwisata

[besut | besut sumber]

Pandji Tisna ugi misuwur minangka tokoh perintis pariwisata Bali, khususipun daerah pasisir lèr. Wonten ing taun 1953 Pandji Tisna milih lokasi Désa Tukad Cebol (sapunika Désa Kaliasem) minangka panggénan peristirahatanipun. Ing mriku piyambakipun nyerat lan nampi tamu-tamu saking lebet lan manca nagari. Panggénan peristirahan wau dipunparingi nama "Lovina", inggih punika cekakan saking tembung "Love Indonesia". Saksampunipun punika, Pandji Tisna ngadegaken penginapan ing pasisir kilèn Buleleng, lan sadaya tlatah wau salajengipun dados pasisir Lovina. Amargi jasanipun punika Pandji Tisna lajeng dipunaken minangka "Bapak Pariwisata Bali". Wonten ing taun 2003, Pamaréntah Daerah Bali maringi anugerah kanthi anumerta penghargaan "Karya Karana", minangka pakurmatan jasa-jasanipun tumrap pengembangan pariwisata Bali.

Karya tulis

[besut | besut sumber]

Buku Bab Anak Agung Pandji Tisna dan karyanipun

[besut | besut sumber]

Ugi pirsani

[besut | besut sumber]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]